Upacara
tingkeban ana ing masyarakat Jawa Tengah lan Ngayogyakarta nganti tumeka saiki
isih kereb ditindakake. Upacara tingkeban iki minangka upacara slametan pitung
sasi kanggo calon ibu kang mbobot kaping pisanan. Upacara tingkeban dianakake
mesthi wae nduweni ancas kang kepengin digayuh dening kulawarga, mligine ancas
supaya bayi lair kanthi gampang, slamet lan ora ana alangan apa-apa. Kajaba iku
muga-muga mbesuke bisa dadi anak kang bekti marang wong tuwane. Ing kene uga
arep diandharake tata cara upacara tingkeban kalebu nyamping kang dienggo calon
ibu.
Upacara
tingkeban kawiwitan mawa sungkeman.
Ing acara sungkeman, calon ibu lan calon bapak luwih dhisik sumungkem ing
ngarsane Rama lan ibune. Sungkeman iki nduweni teges muga–muga ing tembe jabang
bayi kang dilairake bisa dadi bocah kang bekti marang wong tuwane. Sabanjure
upacara siraman, Ana ing upacara
siraman, calon ibu disiram dening wong pitu, kayata: bapak saha ibu saka calon
ibu, bapak saha ibu saka calon bapak, simbah, sedulur utawa tangga teparo kang
bisa dadi tuladha becik. Sawise siraman banjur sesuci (wudhu). Banyu kang diwadhahi ing kendhi kanggo sesuci mau
banjur dipecah dening ibu saka calon ibu kanthi ngendika: “ ora mecah kendhi,
nanging mecah pamore jabang bayi.”
Ing
upacara tingkeban, calon ibu ganti
nyamping kaping pitu, kang urut-urutane: nyamping sidaluhur, sidamukti, truntum, wahyu tumurun, udan riris,
parang kusuma lan nyamping semen romo. Sabanjure ganti nyamping ana
adicara nigas janur kuning.
Calon bapak nigas janur kuning kang diubetake ing bangkekane calon ibu. Sawise
nigas janur kuning, calon bapak banjur mlayu banter, iki nduweni ancas
muga-muga jabang bayi bisa lair kanthi lancar lan cepet. Banjur acara brojolan. Brojolan ing kene ana werna
loro yaiku brojola tigan (kanthi pangajab muga-muga bayi bisa kalairake kanthi
gampang ora ana sukerta kang ngalang-alangi). Brojolan kaping pindho yaiku
brojolan cengkir kang digambari Kamajaya lan Kamaratih utawa Arjuna lan Subadra
kang minangka pralambang laire jabang bayi. Mangkono mau urut-urutan ing
upacara tingkeban. Ananging, amarga desa mawa cara negara mawa tata, mula ora
mokal manawa saben dhaerah beda tata carane nindakake. Kabeh mau minangka
simbol kanggo nggayuh kabecikan.
Strange "water hack" burns 2 lbs overnight
BalasHapusMore than 160 thousand men and women are utilizing a easy and secret "water hack" to drop 1-2lbs every night while they sleep.
It's scientific and works every time.
Just follow these easy step:
1) Go grab a clear glass and fill it half full
2) Then do this awesome HACK
and you'll be 1-2lbs lighter when you wake up!
Why you should pay more with bitcoin than real money
BalasHapusHow to make money using bitcoin — deccasino With bitcoin งานออนไลน์ online casinos you can earn 메리트 카지노 쿠폰 money. These benefits can be used for a lot of things such as making