Senin, 14 Juli 2014

Wara-wara (Pengumuman dalam bahasa Jawa)

Wong urip bebrayan ora bakal bisa ucul karo wong liya utawa tangga teparone. Ing masarakat, akeh kegiyatan sing bisa ngraketake pasrawungan. Kegiyatan kuwi kayata, gugur gunung, takjiyah, rondha kampung, lan sedekah bumi. Sadurunge kegiyatan mau dilakoni, ana wara-wara kanggo nglumpukake masarakat. Dudutane, wara-wara iku aweh informasi kanggo wong liya, kanthi ancas supaya wong liya mangerteni isine wara-wara.
Bab kang perlu digatekake nalika nggawe wara-wara, antarane; sapa kang mbabar wara-wara mau, kanggo sapa wara-wara mau dibabar, kepriye surasane wara-wara mau, kapan wara-wara mau digawe, kapan kegiyatan mau katindakake, lan ana ing ngendi papane. Dene jinising wara-wara yaiku:
1.      Wara-wara bab kegiyatan
2.      Wara-wara bab uleman
3.      Wara-wara bab lelayu
Dene perangane wara-wara yaiku:
1.      Salam pambuka
2.      Pambuka
3.      Surasa/isi
4.      Panutup

5.      Salam panutup

Tuladha wara-wara lelayu:

Assalamualaikum W. W.,
Innalillahi wa inna ilaihi roji’un
Sampun tinimbalan sowan ing pangayunaning Gusti ingkang murbeng dumadi kanthi tentrem ing RSUP Dr. Sardjito nalika dinten Ahad Kliwon, 24 Desember 2013, tabuh 11.50 siyang, Bapak/Embah sutresna:
Ki Pradipa
(Yuswa 80 taun)
Layon badhe kasarekaken ing makam Dipadiwiryan, bidhal saking griya sungkawa Jeruksari Gang Megatruh 50, dinten Senen Legi 25 Desember 2013 tabuh 14.00.
Wassalamualaikum W. W.,
Yogyakarta, 24 Desember 2006
Ingkang nandhang duhkita:
*Nyi Pradipa (garwa)
*Brayat Mangkutana, SH. (putra)
*Brayat Mangkurati, SPd. (putri)

Tuladha wara-wara kagiyatan masarakat :

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Ngaturi pirsa dhumateng para Bapak Ibu paguyuban tani “Subur Makmur” Dhukuh Jamabangan, supados benjang dinten Kemis 26 Desember 2013, tabuh 08.00 ndalu, kempal wonten ing Bale Desa Padaran saperlu ndherek pirembagan agung. Kasuwun rawuhipun panjenengan sedaya, watawis kalawingi wonten sumbangan pupuk saking pamarentah kabupaten Rembang.
Mekaten pambiwara saking kula minangka ketua paguyuban, mugi saged ndadosaken kawigatosanipun panjenengan sedaya. Maturnuwun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar