Senin, 14 Juli 2014

Parikan lan Wangsalan

Parikan yaiku unen-unen jawa sing nganggo purwakanthi (sajak) swara. Parikan dumadi saka rong ukara. Ukara kapisan minangka pancadan utawa kanggo narik kawigaten (kapacak ing ngarep), dene sing kapindho minangka isi utawa mawa teges kang dikarepake (ukara pungkasan). Parikan ing basa Indonesia kayadene pantun. Purwakanthi parikan bisa digawe  adhedhasar petungan wanda (suku kata) lan tibane swara. Tuladha:

a.       Wajik klethik gula jawa, (pacandan)
Luwih bencik sing prasoja. (isi)
b.      Ngasah arit nganti landhep
Dadi murid kudu sregep
c.       Kembang menur, tinandur tepining sumur, (pacandan)
Subur makmur, tuwuh kang sarwa tinandur. (isi)
d.      Ngisor gendheng saponana, nata watu jejer sanga. (pacandan)

Abot entheng lakonana, golek ngelmu nganti purna. (isi)

Wangsalan yaiku ukara kang ngemot batangan utawa bedhekan. Saperangane tembung ana kang didhelikake tegese utawa karepe. Tembung kang didhelikake iki minangka tegese utawa karepe.
Tembung-tembung bedhekan iki biasane dumadi saka jeneng-jeneng kewan, kembang, perangane barang, utawa wit-witan kang madha swara karo batangane. Anggone negesi kanthi diuthak-athik gathuk, jumbuh karo teges ukara sawutuhe. Tuladha:

Njanur gunung Dhik, suwe ora katon!”
Tegese:
Janur                  : godhong klapa sing isih enom.
Janur gunung     : karepe wit klapa sing thukul ing gunung utawa alas, yaiku wit aren.
Tembung aren madha swara karo tembung kadingaren.
Tegese, wangsalan iku “Kadingaren (kowe teka) dhik, suwe ora katon!”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar