Senin, 14 Juli 2014

Desain Permainan untuk Pembelajaran Membaca “Menggunakan Lagu Tradisional sebagai Media”

Alat Pangajaran:
1.      Lagu daerah
2.      Kertas
3.      Alat tulis
4.      Dadu
5.      Wacana
6.      Stopwatch
Langkah-langkah pangajaran:
1.      Siapke kabeh alat pembelajaran
2.      Ana ing kelas kui dibagi dadi 2 kelompok
3.      Saben-saben kelompok gawe bentuk bunder
4.      Wenehna dadu ana salah sijine anggota kelompok
5.      Setel tembang, nalika tembang kui moni, dadu kang mau ana ing salah sawijine bocah dioper marang bocah liyane
6.      Yen tembang kui mandeg ana ing salah sijine bocah, berarti bocah kui bebarengan karo kanca sakiwa tengene maju ana ing ngarep kanggo dolanan
7.      Nalika sampun olih 3 bocah saka masing-masing kelompok, bocah kui mau maju kanggo dolanan operan nanging ana ing skala kang luwih cilik
8.      Setel lagu, kaya mau kang disebut, nalika tembang iku moni, dadu kudu dioper saka bocah siji kanggo bocah liya ing sanding, lan sateruse
9.      Nalika tembang kui mandeg, sapa kang entuk dadu mau, dheweke iku kang kudu maca wacana.
10.  Dadu diputer, nomor pira kang metu kui nemtokake nomor wacana kui kang kudu diwaca
Kaya iki gambaran mlakune dadu:
Kelompok 1


Kelompok 2
11.  Nalika bocah mau maca, kita kudu ngitung wektune. Lan bakal dirampungaken nalika bocah kasebut sampun rampung olehe maca wacana mau
Kanggo ngitung pira kecepeten bocah maca bisa nganggo rumus:
Akehe tembung kang diwaca       x 60 = Akeh tembung kang diwaca
Akehe wektu kanggo maca

12.  Nalika bocah wis rampung maca, bocah mau bisa nyaritakake maning apa isi saka wacana kasebut.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar