Ana Bulus ngomong karo Kancil kaya mangkene,
”Aku ora gumun yen kowe luwih cepet mlayu tinimbang
aku, Cil.
Nanging ayo padha nyoba balapan, sapa sing luwih
dhisik tekan pinggir rawa iki.”
Kancil sing rumangsa luwih pinter lan cepet mlayune
nuruti omonge Bulus.
Mangka Bulus enggal miwiti mlayu, nanging Kancil malah
enak-enak lungguh.
Ing batine Kancil kaya mangkene,
”Si Bulus sing mlakune nggremet ben kempis-kempis
kekeselen dhisik,
aku mesthi tanpa rekasa isoh nusul,
aku mencolot ping telu utawa ping pat wae wis mesthi
isoh nglancangi kewan sing nggremet kuwi.”
Ing nalika samono Bulus wis ameh tekan pinggir,
Kancil isih sareh wae rumangsa urung isoh ditandingi.
Bareng Bulus wis kari pirang playonan,
Kancil lagi keweden melu mlayu sakcepete.
Nanging merga kebacut, Kancil arepa kaya angin anggone
mlayu,
tetep kalah saka Bulus sing mlakune nggremet iku mau.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar