Selasa, 08 Juli 2014

Pengkajian Serat Wulangreh

Pupuh II
Kinanthi
1.      Padha gulangen ing kalbu
ing sasmita amrih lantip
aja pijer mangan nendra
kaprawiran den kaesthi
pesunen sariranira
sudanen dhahar lan guling

2.      Dadiya lakuniraku
cegah dhahar lawan guling
lawan aja asukan-sukan
anganggoa sawatawis
ala watake wong suka
suda prayitnaning batin

3.      Yen wus tinitah wong agung
aja sira gumunggung dhiri
aja raket lan wong ala
kang ala lakunireki
nora wurung ngajak-ajak
satemah anenulari






4.      Nadyan asor wijilipun
yen kelakuwane becik
utawa sugih carita
carita kang dadi misil
iku pantes raketana
darapon mundhak kang budi

5.      Yen wong anom pan wus tamtu
manut marang kang ngadhepi
yen kang ngadhep akeh durjana
nora wurung bisa anjuti
yen kang ngadhep akeh bongsa
nora wurung bisa maling

6.      Sanadyan ta nora melu
pasthi wruh lakuning maling
kaya mangkono sabarang
panggawe ala puniki
sok weruha nuli bisa
iku panuntuning iblis

7.      Panggawe becik puniku
gampang yen wus den lakoni
angel yen durung linakwan
aras-arasen nglakoni
tur iku den lakonana
mupangati badaneki




8.      Yen wong anom-anom iku
kang kanggo ing masa iki
andhap asor dipun bucal
umbag gumunggunging dhiri
obral umuk kang den gulang
kumenthus lengus kumaki

9.      Sapa sira sapa ingsun
angalunyat sarta edir
iku lambanging wonh ala
nom-noman adoh wong becik
emoh angrungu carita
kang ala miwah kang becik

10.  Cerita kang wus kalaku
panggawe ala lan becik
tindak bener ala lan ora
kalebu jro cariteki
mulane aran carita
kabeh-kabeh den kawruhi

11.  Mulane wong anom iku
abecik ingkang taberi
jejagongan lan wong tuwa
ingkang sugih kojah ugi
kojah iku warna-warna
ana ala ana becik




12.  Ingkang becik kojahipun
sira anggawa kang pasthi
ingkang ala singgahana
aja sira anglakoni
lan den awas wong kang kojah
 iya ing masa puniki

13.  Akeh wong kang sugih wuwus
nanging den sampar pakolih
amung badane priyangga
kang den pakolehaken ugi
panastene kang den umbar
nora nganggo sawatawis

14.  Aja ana wong bisa tutur
amunga ingsun pribadhi
aja ana ingkang memadha
angrasa pinter pribadhi
iku setan nunjang-nunjang
tan pantes den pareki

15.  Sikakna di kaya asu
yen wong kang mangkono ugi
dahwen apan nora layak
yen sira sandhinga linggih
nora wurung katularan
becik singkirana ugi




16.  Poma-poma wekasingsun
mring kang maca layang iki
lair batin den estokna
saunine layang iki
lan den bekti mring wong tuwa
ing lair praptaning batin

Ringkasan
Ana ing serat Wulangreh anggitan dalem Sinuhun Paku Buwana IV ing pupuh Kinanthi, dumadi saka 16 pada. Dene pupuh Kinanthi iki ngandharake babagan piwulang kang magepokan kalawan laku prihatin. Laku prihatin iku dilakoni kanthi ngurangi dhahar karo sare. Kanthi ngulinakake nglatih kalbu, supaya dadi wong kang pinter lan bisa ngerteni ilmu ora namung ilmu lair ananging uga ilmu batin. Ngilmu mau sabisane dilakoni kanthi temenan. Anggone nglakoni iku kanthi ngurangi dhahar lan sare, anggone nganggo ageman kang sederhana, olehe urip ora entuk foya-foya. Yen tiyang kuwi mau senengane foya-foya, iku bakal nyilakani lan bisa ngurangi kawaspadan batine.
 Yen panjengan wis ditakdirake dadi tiyang agung, aja nganti dhuwur ati. Ana urip uga aja nganti nyedhaki tiyang kang duweni tabiat ala lan solah bawane ora apik. Kang kaya mangkana mau bisa uga njalari panjenengan dadi katularen karo sipat-sipat kang ala.
Dadi wong kuwi aja dipandeng saka banda lan tahta. Nadyan wong mau kuwi wong kang asale saka wong kang kagolong cilik, nanging yen wong mau lakune apik lan duweni akeh carita kang migunani, wong kang kaya mangkono kuwi kang patut dadi kanca. Wong kang kaya mangkono uga bisa nambah kabijaksanan ing urip panjenengan.
Wong kang tasih anom biasane durung duweni kamantepan, tasih golet jati dhiri. Yen dheweke urip ana lingkungan kang akeh alane, dheweke bisa uga dadi wong kang ala. Kayata dene wong kuwi urip ana lingkungan kang akeh maling, bisa uga dheweke dadi maling. Sanadyan dheweke ora melu nyolong, nanging mesthine dheweke mangerteni carane maling mau. Kaya mengkana lakon kanga la, wiwitane namung mangerteni, sateruse bisa nglakoni, kuwi kabeh kalebu panuntune iblis.
Beda karo panggawe becik. Panggawe becik kuwi gampang yen wis dadi kulina, nanging angel yen pancen durung dilakoni, apa maneh yen aras-arasen anggone nglakoni. Panggawe becik yen wis dilakoni kuwi ora namung mupangati kanggo awake dhewek ananging uga mupangati kanggo tiyang sanes.
Sanyatane, wong-wong anom jaman samene kuwi kayata malah nyimpar saka andhap asor, kang digunggung kuwi obral umuk, ana uga kang dhuwur ati marang liyan. Lakone marang wong liya kuwi kurang ajar, ora bisa ngurmati wong liya, malah ngadohi wong-wong kang lakune apik.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar