Kelir 1 - Gunung Lawu
Dipuncariyosaken
menawi Anungraga kaliyan Kembang Sore kataman asmara. Kekalihipun menika
sejatosipun murid wonten ing padhepokan Gunung Lawu. Wonten ing salah satunggiling
dinten, kekalihipun katingal saweg adu kakiyatan wonten ing satengahing alas.
Menika dipunlakokake sanes amargi memungsuhan, ananging Anungraga menika saweg
nyobi kaprigelanipun Kembang Sore. Dumadakan Andhika Bhayangkara dhateng lan
nyeret astanipun Kembang sore, lajeng Kembang Sore dipunasta peksa dening
Andhika Bayangkara. Abdhika Bayangkara menika ngakoni bilih piyambakipun tresna
kaliyan Kembang Sore. Ananging Kembang Sore nampik katresnan Andhika Bayangkara
menika amargi tresnanipun Kembang Sore namung kagem Anungraga.
Anungraga
murka lajeng piyambakipun adu kekiyatan kaliyan Andhika Bayangkara. Perang
tandhing menika teras dipunpisah dening Ki Hajar Wungkuk, wonten ing mrika Ki
Hajar Wungkuk paring pitedah-pitedah kagem kekalihipun. Salajengipun, Ki Hajar
Wungkuk ngendhika menawi Ki Hajar Wungkuk boten paring palilah kagem katresnan
Anungraga kaliyan Kembang Sore. Sasampunipun Ki Hajar Wungkuk paring pitedah
menika, piyambakipun nyariyosaken nalika Anungraga lan Kembang Sore tasih alit
wonten ing jaman samanten.
Kelir 2 - Kadipaten
Tuban
Wanci menika Adipati Ranggalawe
saweg semedi. Prameswarinipun ingkang asma Dewi Mirtaraga kaliyan Dewi
Tirtaningsih rawuh marang papan semedinipun Ranggalawe menika. Dewi Mirtaraga
ngendhika menawi Dewi Tirtaningsih rumaos boten sekeco wonten ing
penggalihipun. Menika amargi Dewi Tirtaningsih ngimpi yen Ranggalawe ical
sesarengan kaliyan icalipun pedhut. Wonten ing ngimpinipun Dewi Tirtaningsih,
piyambakipun saweg lenggahan wonten Taman Sari. Dumadakan wonten pedhut ingkang
ngaling-alingi paningalanipun, boten dangu pedhut menika ical, ananging
icalipun pedhut wau dipunsarengi kaliyan icalipun Adipati Ranggalawe. Adipati
Ranggalawe mestekaken kaliyan prameswarinipun menawi ngimpi menika inggih
namung kembang sare, boten anggadhahi teges sanes-sanesipun. Sanalika wekdal
semanten lajeng wonten njawi keraton kapireng swantenipun Kebo Anabrang,
panjenenganipun lajeng medal badhe adu kekiyatan kaliyan Kebo Anabrang wau.
Saderengipun medal, Ranggalawe ngendhika menawi garwanipun kekalih menika kedah
njagi lan ngreksa putra putrinipun.
Ranggalawe lan Kebo Anabrang perang tandhing. Sadaya prajurit tumpes
wonten paperangan ageng menika. Kebo Anabrang nyobi nyilakani Ranggalawe,
ananging Ranggalawe saged nangkis serangan menika. Ranggalawe ugi nyobi
nyilakani kebo Anabrang, nalika kerisipun Ranggalawe sampun wonten
sangajengipun padharanipun Kebo Anbrang, dumadakan wonten Ki Hajar Wungkuk
ingkang nyobi nyegah perang tandhing kekalihipun. Nanging Ranggalawe dados lena
lan menika kasempatan kangge Kebo Anabrang supados saged mejahi Ranggalawe.
Pungkasanipun Ranggalawe gugur dening keris Kebo Anabrang menika. Salajengipun,
Kebo Anabrang menika uga dipunpejahi dening Ken Sorah. Pungkasanipun, Ken Sorah
ngendhika kaliyan kekalih prameswari, menawi anggadhahi pepenginan kangge
nylametaken ingkang putra, kekalihipun kedah dhateng wonten ing Gunung Lawu.
Wonten Gunung Lawu menika, putranipun Dewi Mirtagra ingkang kakung
dipungantos asmanipun dados Anungraga, menawi putrinipun Dewi Tirtaningsih
dipunasmani Kembang Sore. Kekalih putra lan putri wau dipunajengaken supados
saged dadosaken kamakmuran Kadipanten Tuban benjang. Dene Ken Sorah piyambak
dipungantos asmane dados Ki Wungkuk. Sedayanipun sareng-sareng dhateng wonten
Gunung Lawu.
Kelir 3 - Gunung
Lawu
Mangertosi kahanan ingkang sanyatanipun. Anungraga lan Kembang Sore
kaget sanget. Ananging kekalihipun nuli sadhar lan saged narima menawi
sajatinipun kekalih menika inggih tasih sadherek. Ananging Kembang Sore boten
narima menawi piyambakipun badhe kajodohaken kaliyan putra Ki Wungkuk inggih
menika Andhika Bayangkara.
Anungraga
kadhawuhaken supados nyerak Gunung Lawu kangge napak tilas tiyang sepuhipun.
Panjenenganipun kedah nerasake lan merjuangaken ingkang Rama, inggih menika
Ranggalawe ingkang sampun dados pahlawan wonten Tuban.
Kelir 4 - Kadipaten
Lumajang
Adipati Harya Nambi. Inggih menika Adipati wonten Lumajang ingkang
sanget ngayomi dhateng rakyatipun. Panjenenganipun tansah njagi Lumajang saking
bebaya, mliginipun bebaya saking Majapahit. Wonten ing satunggiling dinten,
Adipati Harya Nambi saweg ngendhikan kaliyan Patihipun, Ramapati rawuh wonten
Kadipaten Lumajang. Ramapati ngraos bombong amargi Lumajang menika tansah
makmur, boten benten kalih Majapahit, sadaya warganipun tansah bagya lan mulya.
Adipati Harya nambi badhe rawuh dhateng Majapahit, nanging dipunpenging
kaliyan Ramapati. Ramapati ngedhikan kaliyan Adipati Harya Nambi menawi
Jayanegara samenika sampun oten kados rumiyin malih. Ramapati uga ngendhika
dhateng Adipati Harya Nambi, menawi Adipati Harya Nambi sampun boten
dipunperlukake malih kaliyan Jayanegara. Mirengaken pitados saking Ramapati
menika, Adipati Harya Nambi duka lajeng anggadhahi rencana kangge mbalelo
dhateng Majapahit.
Kelir 5 - Majapahit
Kebo Taruna bilih Senopati Agung woten Majapahit, kanthi kapercayan
mbela Majapahit tindhak Lumajang kangge numpes Haryo Nambi, Adipati Lumajang.
Harya Nambi anggawe rencana kaliyan putrinipun, Endang Parmiati supados
piyambakipun damel Kebo Taruna tresna kaliyan Endang Parmiati. Inggih
dipunhasut ugi supados Kebo Taruna mbalik nyerang Majapahit. Saduginipun wonten
Majapahit, Lembu Pangarsa boten narima menawi Kebo Taruna menika mberotak
Majapahit. Nalika Lembu Pangarsa ngendhikan kaliyan Prabu Jayanegara, dhateng
salah satunggiling putra ingkang angadhep Prabu Jayanegara nyanggupi
piyambakipun numpes Kebo Taruna lan Adipati Harya Nambi. Putra menika inggih
Anungraga ingkang sampun dipunutus dening Ki Ajar Wungkuk supados mbiyantu
Kerajaan Majapahit. Sesarengan kaliyan Andhika Bayangkara, Anungraga ngalahake
Kebo Taruna. Mangertosi Kebo Taruna pejah ing putra Kerato Majapahit, Adipati
Harya Nambi nglawan pemuda kekalih wau, nanging pungkasanipun Adpati Harya
Nambi uga saged dideta wonten sangajengipun Prabu Jayanegara.
Pungkasanipun, Adipati Harya Nambi lan Prabu
Jayanegara mangertosi menawi sadaya prakara menika inggih hasutan saking
Ramapati. Salajengipun, dipunmangertosi ugi menawi Anungraga menika Uda
Anjangpiani putra Ranggalawe, Anungraga dipunpasrahi tahta lan dados Adipati
Tuban, dene Andhika Bayangkara dipunpercaya dados Patih wonten Kerajaan
Majapahit.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar