Senin, 14 Juli 2014

RUWATAN

Ruwatan kuwi kasil saka tembung “ngruwat” sing artine yaiku ngopeni.
Dene Upacara Ruwatan kuwi nduweni teges ngresiki, lan nyucekakaken menungsa saka kasusahan batin kanthi nganakake upacara kang biasane nanggap wayang purwa, kanthi lakon “Murwa Kala”. Ruwatan iku salah sawijining upacara adat Jawa sing tujuane kanggo mbebasake manungsa, utawa wilayah saka ancaman bahaya. Inti upacara ruwatan iki sejatine ndonga, nyenyuwun perlindungan marang Gusti Allah saka ancaman bahaya-bahaya umpamane bencana alam lan liyane, uga ndonga nyuwun pengampunan dosa-dosa lan kaluputan-kaluputan sing wis dilakoni, sing bisa nyebabake bencana utawa sing dianggep bakal nuwuhake sial.
1.     Ruwatan kanggo awake dhewe.
Ruwatan kanggo awake dhewe kuwi nduweni tujuan kanggo ngresiki salahsiji uwong sing dianggep bakal sial, utawa wis gawe dosa. Biasane mung ditebus nganggo mertapa, poso, utawa nganakake slametan.
2.     Ruwatan kanggo lingkungan.
Ruwatan sing kanggo lingkungan, upamane omah. Tujuane :
- Nguwenehi pager ghoib kanggo nahan, nolak, lan mindahake apa wae sing asipat negatif sing ana ning omah kuwi, utawa sing arep mlebu ning umah sing diruwat. Biasane nganggo tumbal (sesaji) sing diperlokake. 
- Nguwenehi pager ghoib, supaya uwong sing nduweni niyat ala ora bisa mlebu ning omah kuwi.
- Nguwenehi pager ghoib kanggo nggurung utawa nolak setan.
3.  Ruwatan kanggo dhaerah
Ruwatan dhaerah iku kanggo nolak bencana utawa bahaya ning daerah. Biasane nanggap wayang purwa sing dilakoni wayah bengi. Tujuan liyane yaiku dedonga supaya daerah kang diruwat kuwi makmur, ayem, lan tentrem.
Upacara Ruwatan kang dianakake wong Jawa ora bisa ditegesake utuhan. Menawa digatekake, upacara ruwatan kuwi ora mung upacara nanggap wayang, nyukur rambut, lan nglarung sesajen nangging uga nduweni makna saka urut-urutaning upacara. Intine, upacara ruwatan kuwi nduweni piwulang :
1. Menawa didelok syarat-syarate ruwatan, mesti ameh kabeh menungsa kuwi kudu diruwat. Kuwi nuduhake rasa pepeling supaya menungsa kereb sedekah kanggo kaslametan kita. Sakbenere kuwi ora kudhu ngganggo upacara ruwatan amarga ruwatan kuwi karana katentreman ing jero ati. 
2. Ruwatan mesti ana kaitane karo Batara Kala. Sakbenere, Kala kuwi artine wektu. Nduweni ateges supaya menungsa bisa ngurmati wektu, uga wedi karo wektu. Tuladhane, mbesuk saben menungsa bakal meruhi mati.
3. Ruwatan kanggo ngresiki dosa-dosa kita. Nduweni teges supaya kita tansah tumindak sing apik, lan ngedohi tumindak sing ala, sing bisa ndadekake uripe menungsa ora tentrem.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar