Senin, 14 Juli 2014

RPP Mendengarkan Cerita Legenda

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN

Sekolah                       : SMPN 1 Buluspesantren
Mata Pelajaran          : Bahasa Jawa
Kelas/semester           : VII/I
Materi Pokok             : Mendengarkan
  Mampu mendengarkan dan memahami wacana lisan dalam berbagai ragam bahasa Jawa.
Alokasi waktu            : 2 x 40 menit

Tujuan Pembelajaran:
1.      Siswa mampu mengidentifikasi isi cerita legenda dengan 5W+1H.
2.      Siswa mampu menjawab pertanyaan tentang isi cerita legenda.
3.      Siswa mampu menyebutkan nilai-nilai yang terkandung dalam cerita legenda.

Kompetensi Dasar:
Mendengarkan cerita legenda.

Indikator:
1.      Mampu mengidentifikasi isi cerita legenda dengan 5W+1H.
2.      Mampu menjawab pertanyaan tentang isi cerita legenda.
3.      Mampu menyebutkan nilai-nilai yang terkandung dalam cerita legenda.

Materi Pembelajaran:
Transkrip naskah cerita legenda “Rawa Pening”
Rawa Pening
Ing Gunung Merbabu, ana sawijining wanita kang jenenge Nyi Endang Ari Wulan. Bebojoan karo Ki Hajar Salo. Duwe anak kang awujud ula. Ula mau saya suwe saya gedhe. Sawijining dina, ula mau marani Ki Hajar lan ngomong yen dheweke kuwi anake Ki Hajar. Ki Hajar kaget, ngomong mangkene, “Heh hula, lho kok penak temen kowe ngaku anake manungsa. Aku gelem ngaku kowe dadi anakku nanging kowe kudu gelem tapa. Yen kowe bias nyingkep gunung iki, kowe tak aku anakku.
Ula mau banjur tapa ngungkeri Gunung Merbabu. Nanging ndas lan buntute ora tepuk merga isih kurang sakilan. Ula mau nyambung nanggo ilat. Ki Hajar ngerti banjur ngethok nanggo ilate. Kethokan ilat mau kanggo pusaka kang awujud tombak. Ula mau ora mati lan nerusake anggone tapa. Saking suwene anggone tapa awake dirambati oyot-oyot nganti ora ketara saka akehing rerumputan.
Nuju sawijining dina wong-wong desa pada beburu ing alas kanggo upacara merti desa. Nalika pada leren lungguhan ing wit gedhe, ana wong kang lagi bacok-bacok ing wit mau. Saka wit mau metu getih lan ndadekake kaget. Kanca-kancane padha ndeleng lan nduweni panganggep menawa getih mau saka getihe ula gedhe. Banjur ula kuwi dikethok-kethok kanggo merti desa. Iwake digawa bali lan dipasrahake ing bale desa.
Esuke ing bale desa akeh wong wadon padha olah-olah amarga sorene arep kanggo slametan. Ulane mau kuwi njelma dadi bocah lanang kang rupane elek lan amis. Bocah lanang mau mara bale desa kanggo njaluk mangan, nanging ora ana kang menehi, banjur bocah mau ditundhung para warga. Ana Mbok Randa kang duweni rasa welas karo bocah maul an maringi pangan bocah kuwi. Sawise mangan bocah mau banjur matur marang Mbok Randa, ature mangkene, “Embah menawi mangke wonten banjir, embah supados sedhiya lesung kaliyan enthong, lesungipun dipunagaem prau, enthongipun dipunagem melahi.”
Barang bocah mau wis wareg, banur gawe patembaya nancepake sada ing latar ing satengahe wong-wong kang padha nganakake upacara merti desa. Ing kono wong-wong desa padha ditantang njabut sada kasebut nanging ora ana kang bias njabut. Bocah kang duwe sada mau ngomong mangekene, “Ayo sapa bias mbedol sadaku iki?” akeh bocah kang padha nyoba mbedhul sada kuwi, nanging ora ana kang bias mbedhul. Pungkasane wong-wong mau padha melu nyoba, pada wae ora ana kang bisa mbedhul. Bocah kang duwe sada mau banjur karo ngomong mangkene, “Yen ora ana kang bisa mbedhol sada iki bakal tak bedhol dhewe.”
Bareng sada bisa kabedhol, saka bekase sada kang kabedhol mau metu banyu kang iline gedhe. Saya suwe banyu kasebut bisa ngebaki lan nglelep karang padesan kasebut. Akeh wong kang padha mati amarga klelep, kajaba Mbok Randa kang slamet amarga wis nyedhiyakake lesung lan entong kang digawe sarana golek keslametan. Ing sabanjure papan kasebut dadi rawa kang sinebut Rawa Pening.

Metode Pembelajaran:
1.      Ceramah
2.      Tanya jawab
3.      Diskusi.

Media Pembelajaran:
Rekaman cerita legenda.

Sumber Belajar:
Buku teks.

Langkah-langkah Pembelajaran:
Awal   :
1.      Siswa menjawab salam guru.
2.      Siswa dan guru berdoa bersama.
3.      Guru mengabsen siswa yang tidak masuk.
4.      Guru menyampaikan tujuan pembelajaran hari itu.
5.      Siswa dan guru bertanya jawab tentang cerita legenda.
Inti      :
1.      Siswa dan guru membahas tentang apa yang harus diperhatikan saat menyimak cerita legenda.
2.      Siswa menyimak cerita legenda yang diceritakan oleh guru.
3.      Siswa dan guru bertanya jawab tentang cerita legenda.
4.      Beberapa siswa diminta untuk menceritakan tentang cerita legenda yang sudah dibahas.
5.      Guru memutarkan audio tentang cerita legenda Rawa Pening.
6.      Siswa mengerjakan soal yang diberikan oleh guru secara individu.
Akhir   :
1.      Siswa dan guru menganalisis secara klasikal.
2.      Siswa dan guru menyimpulkan pembelajaran tersebut.
3.      Siswa dan guru melakukan refleksi

Penilaian Hasil Pembelajaran:
1.      Penilaian proses
Penilaian proses berdasarkan sikap dan perilaku siswa saat kegiatan belajar mengajar berlangsung.
2.      Penilaian tes
Wenehana tandha centang ana sakjroning kothak-kothak ing ngisor iki kang mbokanggep bener!
No
Pranyatan
Leres
Lepat
1.
Asmane wanita ing Gunung Merbabu kang duweni anak ula yaiku Nyi Endang Ariwulan


2.
Syarate supaya ula mau bisa diakoni dadi anak dening Ki Hajar Salokantara yaiku tapa nglungkeri Gunung Merbabu nganti bisa tepung gelang.


3.
Ula mau gagal diakoni anak dening Ki Hajar Salokanta amarga ora bisa mlaku ngubengi Gunung Merbabu.


4.
Anggone nglungkeri Gunung Merbabu ndas lan buntute ora tepuk amarga isih kurang rong kilan.


5.
Wong-wong desa padha mbeburu kewan ana ing alas.


6.
Ing alas kuwi wong-wong desa mbacok-mbacok ing wit gedhe, lan nemokake oyote kuwi metu getihe.


7.
Esuke ing bale desa wong wadon padha olah-olah amarga sorene arep padha slametan merti desa.


8.
Nalika merti desa ana bocah lanang kang pesing lan amis nyedhak lan njaluk mangan marang wong-wong.


9.
Ora ana kang gelem menehi panganan kanggo bocah mau kejaba Mbok Randa.


10.
Bocah mau nancepake tombak ing latar lapangan kanggo sayembara njabut tombak.




Tidak ada komentar:

Posting Komentar