Ana Menjangan ngilo ing banyu sing bening banyune,
nematake awake saka sungu nganti sikil.
Omonge kaya mangkene,”Aku iki kewan sing becik rupane.
Ora ana sing isoh nandhingi rupaku.
Sunguku kuwat lan gagah, kayata alas tak sunggi dewe.
Nanging deloka sikilku papat iki, cilik tur ringkih
tanpa kekuwatan.
Ngisin-isini temen, kenangapa Gusti maringi sikil kang
gawe kuciwane ati kaya mangkene.”
Karo ngomong kaya mangkono, Menjangan krungu macan
padha mlayu nyedhak.
Menjangan kaget banget, banjur mlayu nglumpati rawa
mlebu alas.
Saking cepete anggone mlayu, kaya ora ngambah lemah.
Nanging ora antarane suwe, sungune kagubet oyod-oyodan
dadi ora bias mlayu maneh.
Macan pada nubruk Menjangan kang sing kagubet oyod iki
mau.
Menjangan gela banget karo nangis,
”Dhuh Gusti, saiki aku ngerti, sikilku sing tak cacat
isoh nulungi aku saka bebaya,
nanging sungu sing tak alem-alem malah nyilakake aku.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar