Ana Kodhok kepengin ngembari gedhene
sapi lanang sing lagi mangan ing kebon.
Kodhok kepengin pamer karo sedulure
wadon, arep madhani gedheni sapi mau.
Bareng wis mlembung, Kodhok iku
takon karo sedulure,
“Piye dhi, apa gedheku wis padha
karo sapi lanang iku?”
Adhine nyemauri kaya mangkene,” Ora
ana miripe babar pisan!”
Krungu kaya mangkono Kodhok banjur
mlembungake awake maneh.
Banjur takon maneh karo
sedulure,”Piye dhi, apa gedheku wis padha karo sapi lanang iku?”
Adhine nyemauri kaya mangkene
maneh,”Ora ana miripe babar pisan!”
Ringkese, Kodhok banjur mlembung
bola-bali.
Ing pungkasan, wetenge Kodhok bedhah
merga mlembung sing ora kira-kira.
Sapa bae sing kepengin keapikane
dideleng liyan, wis mesthi ora bakal rampung kelakuane yen durung ketemu
patine. Kodok iku kepengin gagahe dideleng liyan, dadi dheweke mlembungake
awake nganti bedhah wetenge. Yen wis kaya mangkono sing rugi awake kodhok
dhewe. Dadi, sipat kaya mangkono iku ala banget. Dadia bocah sing andhap asor
lan seneng ngucap sokur marang Gusti Alloh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar