Cakar
Tukang
angkringan siji iki pancen keren tenan. Ora maido karo rupane. Apa mula ngono,
banjur dandanane mlipis kaya wong kantoran. Apa merga nyandange rapi banjur
katon rupane bagus. Embuh. Bakune, saben-saben kok tansah rapi. Klambi
dilebokake, setlikan alus, nganggo sepatu, sing tansaha elek nanging katon
cemleret, resik. Wingi aku mrene, pas arep mbayar, nyedhaki dheweke, ambune
wangi-wangi sithik. Pancen, nyenengake kang padha jajan ana ing angkringane.
Rikala wingi aku mangan ana ing papan kene, tak takoni, jare badhine lumayan,
kena kanggo nyekolahake anake kang loro cacahe.
Wengi
iki aku mrene maneh. Sasi tuwa ngene bisane mangan mung ana ing angkringan.
Sanajan segane sethithik, mangan rong wungkus wis kena dienggo sangu turu.
Menawa mangan kaya ngene iki ing wayah esuk, srengege munggah urung tekan
tengah mbokmenawa aku wis semaput. Sega sekepel dirubung tinggi, ya iki. Segane
angkringan dilawuhi irisan tempe sacumit. Mbrenik cilik-cilik. Sanajan lawuhe
mung tinggi… eh, tempe, nanging krasa enak, apa sebab wetenge lagi rumangsa
luwe, embuh. Sing penting bengi iki wetengku isih kelebon pangan. Sesuk esuk sarapane
wae sing rada bedha.
Arep
njupuk cakar apa endhas pithik, sesuk gek aku ora oleh pangan. Sangune ora
tekan nggonan. Rak cilaka. Isih untung menawa oleh utangan. Bisa kena dienggo
lantaran panguripan. Lha kanca-kancaku amung padha. Padha-padha ora dhuwe
dhuwit. Mengko malah mundhak bingung golek uwong sing gelem aweh utangan. Dadi
wurung wae anggonku pepinginan. Wong mung arep turu.
Ceck
Ceck Ceck…, wingi, aku mrene sedhelo, tak pikir sing lagi padha mangan kuwi
rombongan seka adoh kang mampir. Lagi piknik, lan kepingin ngrasakake mangan
ana ing angkringan. Menawa wae ora ana angkringan nang kuthane. Nanging dudu.
Iki sing teka padha wae. Rame. Rombongan. Lha, jebul sing jajan ana angkringan
kene pancen bedha. Gumun tenan aku. Wah wah wah, elok tenan, padha mobilan.
Paling ora, sepeda motoran. Rombong-rombongan. Loro, telu, paling akeh pitu
Sing
mudun saka mobil kok ya ayu-ayu, dandanan wadon jaman saiki. Kancanane uga
bagus-bagus, sandangane pada alus lan ambune wangi, kaya sandangan sing
dikumbahke karo londri-londri kae. Aku ora tau mlebu londri, nanging menawa
liwat kae, ambune tekan ngendi-ngendi. Ora ngerti, sandhangan reget kok nganti
dikumbahke. Terus saben dinane kuwi, gaweane ngapa?
Sajakke
dudu mahasiswa. Nanging kok umur-umurane bocah sekolahan. Adoh saka rerupan
mahasiswa sing biasane nyambangi angkringan sasi-sasi tuwa ngene. Biasane, sasi
tuwa ngene bocah kuliahan padha kenthekan sangu. Menawa tanggal enom olehe
memanganan enak-enak. Mengko, menawa tanggal tuwa, sangune kari sithik, kapeksa
nyegah pepinginan, olehe memanganan ora dumeh pingin maneh. Banjur mangane
padha nang angkringan. Lumrahe ngono.
He
he he, aku dadi kelingan awakku dewe sing lagi kere. Proyek, bayarane kok ora
genah. Jare dibayar minggon, iki wis telung minggu urung oleh bayaran.
Pemboronge ra ngerti pa, aku ya kudu kirim dhuwit kanggo mangan anak bojo. Isih
untung anak bojo omahe nang ndeso. Manawa duwite enthek, isih bisa memanganan
arepo mung lawuh janganan saka kebonan. Walah walah…Iki kok dadi aku grundelan
dewe.
Kae,
ana sing teka maneh. Lanang wadon karo bocah cilik. Bocahe cilik semrinthil,
ora duwe wedi. Kaya-kaya wis biasane teko ana angkringan kene. Lha, kendhel
tenan bocah kuwi. Langsung mlayu ndisiki bapak ibune nyedhak marang tukang
angkring. Lho lho lho, langsung njupuk piring banjur njupuki jajanan siji-siji.
E… lha, cakare olehe njupuk kok ya ora siji, loro… njupuke kok ya lima. Apa ya
enthek kuwi mengko. “Om, Om, es jeruk ya Om,” patembunge banjur mlayu rindhik
lungguh ana lesehan kan wus sumadya. Gedhek-gedhek aku ndeleng bocah kuwi mau.
Bapak
ibune nyedhak marang angkringan. Sing wadon njupuk sega wungkusan papat.
Dicekel ana tangane kiwa. ”Pak, piringe pundi nggih.”
“O,
menika Bu, nembe pun betha saking wingking,” banjur diulungake piring kuwi mau
dening si tukang angkringan. Aku ya mung gedhek-gedhek ngerteni si ibu njupuk
gorengan papat, sate puyuh papat, banjur njupuk cakar. Aku melu ngitung, cacahe
jebul rongpuluh. Wayah bapak ibu kuwi mau lagi teka banjur lungguh ana lesehan,
tak kira jajanan kuwi mau ora arep dipangan kabeh. Mengko njaluk diwungkus
digawa mulih kanggo oleh-oleh. Mau njupuk dhisik amarga mengko mundhak ora
kumanan.
Lha
kok enthek, dipangan pawongan loro. Bareng tak gathekke kiwa tengen, lan sing
padha lagi wae teka, njupukke cakar jebul ya akeh-akeh. Njupuke cakar, jebul ya
rong puluh, nek rombongane papat apa lima ya njupuke bisa seket kepara seket
lima. Gendheng tenan aku iki, lha kok melu ngitungi wong padha jajan. Melu
ngitungi wong padha memanganan.
Aku
ngguyu dhewe. Menawa ana sing nggatekke kepara wedi paling. Sajak-sajakke wong
ora genep. Ora waras. Dhewe-dhewe sajak cengengesan. Tak banding-bandingake,
arepa nang angkringan, wis ora bisa diarani sega dirubung tinggi maneh. Cakar
gedhe-gedhe ngono rak ya ora bisa dipadhakake karo tinggi. Tinggine kok gedhe
banget. Lha ora pener. Nanging ya aku mumet nek kon golek, apa ya arane…,
bebasan, apa paribasan, apa wangsalan. Aku ora kelingan. Iku pelajaran wayah
aku SD. Menawa dibalik krasa lucu tur wagu, kepara malah salah, dadi ujaran kang
ora mungkin, sega ngrubung tinggi.
Sing
tak kira bocah sekolahan, bocah kuliahan, tak rungok-rungokake olehe padha
guneman ya ora ngomongake sekolahan, kuliahan. Ora ngomongake skripsi. Babar
blas. Tembung dosen, apa tugas, apa sing ana gegandengane karo kuliahan ora
kocap. Dadi menawane ya dudu bocah kuliahan.
Sing
sisih kulon kae lumrah, wis bebojoan. Dhuwe anak. Katon nanggapi anake sing
lagi cerita bab kanca-kancane sing nakal wayah neng sekolahan kang oleh
paukumam saka gurune. Jare ana kancane sing diukum, dithuthuk tangane ngganggo
garisan karo gurune. Manut critane, gurune pancen rada galak. Bapak ibune
manthuk-manthuk nggathekake criwise anake. Sinambi ora leren anggone
memanganan. Barang cakar rong puluh. Mangane sepuluh-sepuluh.
Mangane sajak enak tenan. Apa pancen olehe
masak enak, apa wong-wong sing jajan nang kene pancen seneng mangan cakar.
Ndilalah dhuwitku kok ya mepet tenan. Menawa isih kena ngono, tak belani
ngrasakake cakar siji wae. Aku yen wis ngerti rasane, wis ora kakean pitakonan.
Wis marem. Sesuk kapan-kapan menawa aku bayaran, tak coba mangan cakar nang
kene. Paling padha wae.
Rombongan
sisih lor katon gumyak banget. Bocah lima. Lanang telu, wadon loro. Pas teko,
aku melu ngitung njupuke cakar seket lima. Isih tambah neko-neko. Tambah
gorengan, tambah krupuk, lan embuh apa wae mau. Ngguyune kok ya cekakakan. Lali
ana wong liya akeh nang kiwa tengene. Nanging tak deleng-deleng wong-wong ya
ora kaget. Biasa wae. Ora keganggu karo ngguyu kang sepuluh meter saka kene tak
kira isih rungu kuwi mau.
“He,
Boby Setu wingi sida ngajak Nency. Apa gelem dheweke kowe sing ngajak dolan.”
“Jelas,
sida. Kowe, pancen kok. Nyepelekake tenan karo aku. Sapa tha, Boby. ngendi ana
sing nolak diajak Boby dolan, he he he..”
“Terus.
Terus piye ceritane. Edan tenan kok kowe ki. Si Nency kuwi ya gelem kok ajak
jejogetan?”
“Mulane
sajak wegah-wegaha kae. Jare isin, ora isa joget. Nanging, suwe-suwe, tak
bujuki terus, lan ngerteni wong kiwa tengene ra bakal nggatekake, akhire ya
gelem joget. Malah jogete, wuisss… edan tenan. Kapan-kapan wae ajaken. Mesthi
gelem. Ngomong wae kancane Boby. Mengko nang kana ketemu Boby. Menawa kowe
ngomong ngono mengko rak wonge gelem.”
“
Kowe pancen T.O.P. B.G.T kok Bob. Top banget, ha ha ha ha…”
Lha
dalah, ngomongake apa kae. Aku ora mudeng.
Ora
krasa olehku mangan sega rong wungkus wis rampung. Biasane malah ora suwi ngene
iki. Mangan, ya mangan wae. Telap telep rampung. Iki mau olehku mangan sajak
suwi. Kegawa karo kahanan. Guluku kok ya seret ngene. Waduh ora pesen ngombe.
Arep njaluk wedang putih mengko gek ora oleh. Luwung bali wae.
“Pinten
mas kula, niki segane wau kalih”
“Niki
nggih mas, nuwun.
Aku
banjur mlayu mak plencing ora nggagas semaure tukang angkringan. Wong aku wis
apal regane.
Paimin
“Mas,
mas, sampeyan pun dangu mande wonten mriki?”
“Wah,
urung suwe-suwe banget Mas. Setengah tahun kira-kira.”
“Nanging
nggih laris tha mandene, sajakke sing jajan saben bengi kathah ngoten.”
“Lumayan,
kena kanggo ngragati sekolahe anakku sing saiki lagi SD lan mbakyune SMP. Kuwi
bocahe saiki padha melu ewang-ewang.”
“Sampeyan
lho, saget ngragati anak loro sekolah kok diarani lumayan. Hebat niku mas.
Saking angkringan saget nyekolahke anak. Mangka sakniki sekolah niku mboten
saben tiyang saget sekolah, mboten saben tiyang saget nyekolahke anak,
njenengan saget nyekolahke anak loro. Malah bisa ngganti SMP. Hebat niku”
“Kuwi
rak merga bakulanku iki tha mas, sing tak arani lumayan. Sing tuku ya lumayan
akeh. Olehe badhi ya lumayan akeh. Akeh tumrap aku bisa kanggo nyekolahke
anakku kuwi mau. Kadang isih direwangi utang, nek ana iuran kana iuran kene
ngana kae.”
“Kok
nggih niku sing jajan kathah sanget tha, rombongan. Kadose kok sanes mahasiswa
sing biasane katelasan sangu.”
“
He he he he…..Pancen bedha. Kuwi kabeh wong sugih-sugih. Mahasiswa ya mahasiswa
sugih. Parane pancen mrene. Lan kuwi ora teka karepe dhewe. Ana carane.”
“
Enggih tha.”
“Lha
iya.”
“
Njenengan mesthi nganggo penglaris. Kok ampuh banget penglarise.”
“
Wooo, sampeyan niku. Jaman ngene kok nganggo penglaris. Wis ora empan mas,
penglarise uga kudu modern. Kudu nututi jaman.”
Eh,
jebul sing duwe angkringan grapyak. Malah crita akeh banget bab lelakone ana
ing kutha kene. Jare dheweke janjane asli ndesa, Klaten. Klaten sing sisih
ndesa, dudu klaten kutha. Pokoke bocah ndesa.
Nalika
durung dhuwe bojo, pancen dheweke sabane kutha. Jare bedha tenan kahanan ndesa
karo kutha. Ndesa sepi. Ora nyenengake atine. Menawa bengi peteng dhedhet, ora
ana lampu. Dheweke kawit cilik uwis wedi ana ing petengan. Kutha bengi mana
tetep padhang jingglang. Ana rembulan ora ana rembulan tetep padhang. Rumangsa
luwih seneng nang kutha, dheweke dhuwe cita-cita kudu urip nang kutha. Emoh
menawa dheweke urip nang ndesa. Emoh menawa kudu bali menyang ndesane.
Tau,
ndisik dheweke kekancan karo bocah wadon, jenenge Siti. Siti rupane ayu.
Dheweke kerja nang warung makan dadi rewang. Bareng kenal, kekancan, terus
Paimin kerep dolan nang ngomahe. Kerepe esuk karo ngeterke kerja, sebab wayah
sore dheweke kudu siap-siap dodolan.
Srawunge
apik. Karo Siti, uga karo keluargane. Nanging, wayah dheweke dolan, nalika Siti
njupuk wedang, Paimin krungu, emake Siti nakokake dhuwit kontrakan. Ngerti
menawa omahe sing dipanggone Siti lan keluargane isih ngontrak, dheweke kaget.
Mikir-mikir. Dheweke mung tukang angkringan, mengko menawa bebojoan karo Siti
mesti kudu ngrewangi bayari kontrakan. Mangka, tukang akringan kaya dheweke
kuwi dienggo nyukupi urip wae mesti rekasa. Sakwise ngerteni bab omah sing isih
ngontrak kuwi mau, Paimin wis ora tau dolan maneh. Ora gelem. Diweling-welingake
karo Siti, tetep ora digagas. Pokoke wis ora dolan maneh.
Sawise
ora tau ketemu karo Siti. Paimin kenal karo wong wadon liya. Jenenge Mirna,
jeneng kutha. Mesti omahe mung sekitar kene, mangkana pamikire Paimin. Mirna
bocahe manis. Patrape uga nyenengake. Sumeh. Grapyak. Sawise tetepungan, Paimin
banjur sering mangan soto ana ing warunge. Mirna kuwi mau dadi rewang nang
warung kana. Warung Soto Sederhana. Bocah loro banjur kekancan.
Niteni
kapan wayahe warung kuwi ora akeh sing jajan, Paimin dolan. Mangan Soto. Amarga
sing ngladeni Mirna, Paimin menawa tuku soto daginge akeh, sotone ya akeh, mula
Paimin seneng-seneng wae mangan nang kana. Wayah sepi ora ana sing jajan,
Paimin banjur bisa gegojekan karo Mirna. Paimin njaluk dolan nang ngomahe. Panjaluke
kuwi mau disaguhi karo Mirna. ”Suk Minggu ya mas, sedino nang ngomahku,”
wangsulane. “Ya, suk Minggu,” Semaguhe Paimin. Menawa omahe cedhak kene, sore
aku isih bisa dodolan, pikire.
Dina
minggu, esuk jam pitu Paimin teka nang warung kana. Numpak sepeda motor. Paimin
pancen duwe sepeda motor, sanajana wis katon ora anyar maneh. Kadang-kadang wis
ora bisa distater tangan. Menawa lagi rewel malah gelem mogok. Lamun nggono,
kuwi mau wis bisa dienggo jalaran Paimin rada gembagus.
Warunge
bukak. Nanging Mirna jare wis pamitan dina kuwi ora arep kerja. Marga Paimin
arep dolan nang ngomahe. Sing duwe warung oleh wae Mirna pamit dina kuwi, wong
Mirna ya wis suwe ora tau pamit. Wong ya ora tau lara, ora tau duwe
kepentingan. Mlebu kerja terus. “Ngandi iki arahe menyang omahmu, Na?” pitakone
Paimin. “Wis, saiki Mas Paimin mlaku wae, mrana. Mengko tak abani menawa
belak-belok.”
Paimin
mlaku alon-alon. Menawa ana belokan Mirna ngabani. Ngiwa, apa nengen, apa lurus
wae. Jebul kok ora tekan-tekan. Wis adoh banget. Malah arahe kok arah menyang
ngomahe Paimin dhewe. Arah Klaten. “Kok adoh banget. Omahmu ngendi Na?” Jebul
omahe Mirna Klaten. Klaten ndesa. Luwih ndesa dibandingke omahe Paimin. Omahe
pucuk gunung. Pucuk sak pucuk-pucuke. Paimin gela, gela omahe Mirna jebul
ndesa, tur sore mengko Paimin ora bisa dodolan. Bangkrut tenan dina iki.
Omahe
Mirna ndesa. Paimin wegah-wegah tenan omah nang ndesa. Wis dadi cita-citane
kawit biyen, dheweke kudu urip nang kutha. Emoh urip nang ndesa. Kudu urip nang
kutha. Menawa oleh bojo wong ndesa, mesti tiba mburi uripe nang ndesa. Durung
menawa mengko kepeneran kudu nunggu mertua. Kawiwitan dina kuwi, Paimin wis ora
tau maneh mangan soto ana ing Warung Soto Sederhana.
Rada
suwe Paimin ora nyedaki bocah wadon maneh. Nganti sawijine dina, nalika tuku
cakar menyang pasar, Paimin kenalan karo anake sing bakul cakar. Cakar pithik.
Barang siji iki pancen akeh sing seneng. Neka-neka sebabe seneng karo cakar
kuwi mau. Paimin ngerti wae, sebab dheweke sering nakoni uwong-uwong sing padha
jajan nang angkringane, bab ngapa kok seneng mangan cakar. Keneng apa sing
jajan ora kok milih pupu utawa dada. Kuwi rak mestine luwih empuk tur ndaging.
Kaya
biasane, Paimin nalika tuku cakar nganggo tetakonan dhisik karo bakule. Lha wis
kenal. Ora pantes menawa ora sapa aruh. Nah, dina kuwi, bakule cakar kepeneran
ngajak anake wedok. Jare anake kuwi sisan karo arep tuku sabun lan keperluan
liyane. Dadi si Inah, mengkana jenenge anake kuwi mau, melu menyang pasar.
Banjur nunggu sisan emake rampungan olehe dodolan. Bejane Paimin, banjur oleh
kenalan. Bocah wadon anake bakul cakar. Bocahe resik. Kaya makne. Senajan ora
patia ayu. Batine Paimin.
“Nggih
sampun Mak, kula wangsul rumiyin. Pun genep tha niki, cakare.”
“
Uwis, uwis. Malahan tak tambahi kuwi mau. Kaya padatan.”
“
Nggih sampun, maturnuwun. Ayo, Nah, sesuk kapan-kapan aku tak dolan,” pangajake
Paimin marang Inah.
“
Iya mas,” panyaute Inah sajak semu isin.
Paimin
mulih lan ora mikir maneh olehe kenalan karo Inah. Nganti rada suwe. Ketemu
maneh merga nasib. Dina kuwi, kaya biasane Paimin tuku cakar. Ndilalah dhuwit
sing digawa kurang. Rasan-rasan ketinggal ana neng sak kathok sing dienggo
wingi sore. Paimin pancen ora ngganggo kathok sing dienggo wingi sore. Dheweke
ganti kathok mergo, kathok sing kuwi arep dienggo maneh sore mengko. Dheweke
ora sreg menawa mengko sore pas bakulan ngganggo kathok sing saiki dienggo.
“Nggih
pun Mak, siang mangkih kula terke. Kula diancer-anceri mawon griyane sampeyan.
Lha pripun malih, turene sampeyan arthane badhe pun ginaaken kangge kulak
cakar.”
Awane
Paimin budhal menyang omahe sing bakul cakar. Ngeterke dhuwit. Nang kana ketemu
karo si Inah. Ngganti rada sore Paimin mulih. Kepenaken gegojekan karo Inah.
Wiwit dina kuwi, Paimin orao kerep banget, nanging kadhang-kadhamg dolan
menyang omahe Inah. Karo bapak ibune dikirane bocah loro kuwi padha senengan
lan arep bebojoan. Wong tuwane sajak seneng wae menawa bebojoan kuwi mau
kedadean tenan.
Sanajan
Paimin ndolani Inah, nanging Paimin ora seneng-seneng tenan lan ora kepingin
banget arep bebojoan karo Inah. Paimin wis ngerti-ngerti sithik menawa
keluargane Inah panguripane ora susah-susah banget. Cukupan. Sanajan ora asli
kutha kene, nanging omahe wis ora ngontrak. Omah kuwi wis dhuweke dhewe. Anak
tunggal maneh. Mengko menawa bebojoan karo Inah bisa melu omah nang kono. Ora
mungkin ora diolehi, wong Inah kuwi anak siji-sijine. Ndah sepine omah menawa
si Inah lunga melu bojone. Mesti malah dibujuki supaya omah nang kana wae.
Paimin
seneng menawa mikir bab kuwi. Nanging atine durung sreg menawa bebojoan karo
Inah. Kurang ayu jare kancane. Paimin, kanthi rupa kang bisa diarani bagus,
isih bisa oleh bojo sing luwih ayu saka Inah. “Kena dipamer-pamerke,” jare
kancane. Paimin manthuk-manthuk wae. Kepikiran arep nggolek kanca wadon liyane
sing luwih ayu. Mengkone bakal dipek bojo.
Kanthi
pikiran kaya mangkana, Paimin nglereni anggone dolan menyang omahe Inah.
Sakwise rong sasi ora dolan, Paimin dadi golekan. Malah bapake Inah sing
nggoleki, dudu Inah. Wayah bapake Inah nggoleki, nang papan biasane Paimin
dodolan, kepasan Paimin lagi wae leren olehe bakulan. Wis direncanakake dheweke
bakalan seminggu ana nang ngomah. Leren. Nang Klaten. Paimin ora ditemokake
karo bapake Inah. Nang panggonane kang disewa dienggo turu ora ana. Nanging
bapake Inah isih beja diwenehi ngerti alamate omahe Paimin nang Klaten.
Setu
awan, nalika Paimin lagi siap-siap bali menyang kutha anggone bakul angkringan,
bapake Inah teka. Bareng tetakonan ngalor ngidul jebul intine nakokake ngapa
kok Paimin ora tau dolan maneh nang ngomah. Jare digoleki karo si Inah. “Menawa
ana masalah mbok dirembuk apik-apik. Kok mak plas ora ana kabare, kae lho
ditakokake karo Inah,” mangkana tembunge bapake Inah. Paimin mung ngguya ngguyu
mbingungi semu isin.
Dina
setu kuwi uga Paimin bali menyang papan panggaweane. Mampir omahe Inah wong
olehe budhal bareng karo bapake.
”Saiki
kuwi Mas, anaku wis loro,” ujare Paimin ngrampungi ceritane marang pawongan
kang jajan ana nagkringane.
Panglaris
“Anyar
ya mas nang kene, aku bola bali liwat kene lagi wae ngerti ana angkringan nang
papan kene?”
Paimin
sing lagi ndingkluk ngantuk-antuk mak jenggerat kaget. Sanajan isih sore
nanging thenguk-thenguk nunggu wong tuku ora teka-teka njalari ngantuk. Dadi
dheweke kaget nalika ana pawongan neng ngarep rahine lagi mangan cakar.
“Ohhhh,
nggih pak, nembe seminggu wonten mriki.”
“Kok
sepi ngene mas. Iki, enak tenan iki cakare. Masak dhewe iki, Mas,” pitakone
karo ora leren olehe ngrumuti cakar.
“Masak
piyambak, Pak.”
“Enak
tenan iki mas, menawa akeh sing ngerti angkringanmu iki mesthi ramene. Cakar
iki bisa dadi jalaran ngramekake angkringanmu iki.”
“Niku
rak cakar biasa tha Pak, cakar pithik. Sanes panglaris. Pundi saget ndadosake
kathah tiyang jajan mriki.”
“Maksudku
kuwi ora ngono mas. Sinten asmane sampeyan?
“Kula,
Paimin, Pak.”
“Maksudku
ora ngono, Mas Min. Cakar iki enak. Aku kawit cilik seneng mangan cakar amarga
mangane kudu telaten. Digrumuti siji-siji iki sikil pithik sing cilik-cilik
iki. Merga sikil pithik kuwi ujude kaya oyot wit-witan, ngendikane ibuku biyen,
mengko menawa wis gedhe sikilku bakal pengkuh. Kaya wit- witan kae. Janjane ora
bener. Mung dhek jaman aku cilik, ibuku bisane nukokake lawuh mung sikil pithik
kaya ngene iki. Kuwi sebabe aku seneng mangan cakar nganti umurku samene.
Nganti aku dadi dosen saiki, isih seneng mangan cakar. Menawa arep nemu cakar
lungaku menyang akringan. Ngono, Mas Min, he he he,” bapak kuwi mau cerita
akeh-akeh karo guyonan.
Paimin,
seneng ngrungokake. Guneme bapak kuwi mau isi lan sajake wong pinter. Katon
seka nyandange lan tindak tandhuke.
“Terus
niku wau Pak, bab cakar sing dados panglaris niku wau. Cakare dinapakake, Pak?
Napa dijur alus terus disebarke sekitar mriki napa pripun?”
“Ha
ha ha ha,” bapake malah ngguyu seru. Paimin dadi bingung dhewe.
“Ora
ngono, Mas Min. Menawa mangkono kuwi mau panglaris jamane simbah-simbah. Saiki
wis bedha. Panglarise kudu nututi jaman,” wangsulane bapake.
“
Saiki ngene wae, Mas. Panglaris sik tak omongke kuwi mau, bakal tak jlentrehake
marang Mas Min. Nanging ora sepisanan wengi iki. Tak omongke sethithik-sethitik
ning lakonana. Mengko tak jamin angkringanmu rame. Piye, saguh ora?”
“Terus
mangkih kula mbayar pinten, Pak? pitakone Paimin.”
“
Ha ha ha ha,” bapake ngguyu maneh. Malah tambah seru. Katon bungah atine.
“Ora
perlu mbayar. Nanging sampeyan kudu manut lan saguh nglakoni.”
“Nggih
pak, kula manut. Pokoke lantaran dodolan kula laris, kula manut Bapak!”
“Ya
wis. Menawa sampeyan manut karo aku.”
Bapak
sing sajake wong apik trus pinter iku banjur aweh pitutur marang Paimin. Jare
syarate sing sepisanan kudu dilakoni Paimin, Paimin yen bakulan kudu rapi.
Klambi dilebokake, nganggo sepatu. Setlikanan. Sanajan sandhangane ora apik
banget ora ngapa-ngapa. Waton kabeh katon resik lan apik. Ora semrawut. Rambute
kudu Klimis. Sing saiki rada dawa awul awulan kuwi dipotong ndisik. Diminyaki.
Minyak murahan ora ngapa-ngapa, sing penting kena dienggo ngatur rambute.
Uwis
ngono, tambah nganggo wewangen, men sing padha tuku ora semaput mambu kringet
kecut. Bakul angkringan kuwi cedhak karo geni, panas, njalari kringeten. Mengko
menawa sing tuku akeh, kudu mlaku rana rene. Ngeterke wedang lan liya-liyane,
mengko nek ambumu kuwi ora mbetahi, sing padha tuku bisa-bisa bubar kabeh.
Kabeh kuwi mau men sing padha tuku nang angkringan iki ora jijik karo bakule.
Disawang kepenak lan nyenengake. Wong bakulan menawa katon kusut tur mbeyeyet,
ora sumringah, njalari males wong sing arep mampir. Menawa wis kebacut mampir
kapok.
Kuwi
mau syarat sing sepisanan. Paimin sing kepingin mbuktekake panglarise bapake
uga semangat banget. Esuke, sandhangan sing arep dienggo mengko sore, dikumbah.
Awan garing banjur disetlika. Sepatune sing katon wus rada elek diresiki resik.
Dilap nganggo banyu wis dirasa cukup, wong dheweke ora duwe semir sepatu. Kabeh
kuwi mau dicepakake, siap dienggo mengko sore, Ngendikane bapake arep teka
maneh. Arep menehi syarat panglaris liyane.
Bar
magrib bapake teka maneh. Ora mung dhewekan. Bapake nggawa kanca. Wong loro.
Paimin seneng wae, merga saya akeh kanca-kancane bapak kuwi sing diajak moro,
berarti dodolane sansaya akeh sing payu. Paimin mesem.
Bapake
teka meneng wae, langsung mangan cakar, anteng. Sajak nikmati olehe mangan.
Sing ndeleng kana kene malah kancane sing loro kuwi mau. Banjur malah ngajak
tetakonan marang Paimin. Suwe-suwe kok tekan anggone Paimin nyandhang.
“Sampeyan bakul nyentrik, Mas. Walah-walah, lagi saiki aku ketemu karo bakul
angkringan sing rapi kaya ngene, ya ora Mas No,” karo noleh kancane sing siji.
Pawongan kuwi kok sajak ngoda. Paimin meneng wae. Arep wangsulan kok ora ngerti
kudu wangsulan apa, kepriye. Nyandhang kaya mangkana dheweke wis krasa ora
bebas. Rasane wagu, saknyatane ya apik. Mau dheweke sempat ngaca nalika liwat
omah sing kacane riben. Jebul kok dheweke kuwi bagus.
“Ora,
Mas, ora apa apa. Apik kok. Aku seneng ana bakul nyenengake disawang kaya
sampeyan niku. Resik, apik.”
Paimin
wangsulan semu mesem, niki rak kangge nampi panglaris saking Pak niku tho pak,”
Paimin karo ngarahke dagune marang bapake sing lagi anteng mangan sate. Bapake
meneng wae. Kancane sing pitakonan karo Paimin kuwi mau mung ngguya ngguyu,
noleh marang bapake karo nepuk-nepuk pundhake.
Nalika
bapake arep muleh, kancane wis mlaku ngadoh, dheweke nyedhaki Paiman. “Apik
mas, seneng aku. Sampeyan wis manut. Saiki tak kandhani panglaris sawise
sampeyan nglakoni sing sepisan niku.” Bapak kuwi mau banjur ngendika sethithik
tapi diturut tenan karo Paimin, sebab dheweke mikir, mesthi sesuk dheweke teka
maneh, tur nggawa kanca.
Wiwit
sesuk, menawa Paimin dodolan, kabeh kudu resik. Panganane, uga piring lan
piranti liyane.Ngendika mangkana bapake langsung lunga nyusul kanca-kancane.
”Eh mas, natane sing apik,” Wis karo mlaku, bapake isih merlokake noleh marang
Paimin. Paimin mikir mbokmenawa resik kuwi mau dienggo syarat kanggo nampa panglaris,
dilakoni wae dening Paimin. Sesuke, angkringane Paimin kinclong tenan. Kabeh
barang resik. Ngature barang uga apik. Ora semrawut. Rada wengi, bapake teka
maneh nggawa kanca. Ora suwe disusul karo kancane sing wingi, kancane kuwi mau
ya nggawa kanca liya. Paimin seneng banget. Dodolane mesti cepet enthek.
Bengi
kuwi bapake ngendika maneh marang Paimin. “Mas, Min, iki sesuk angkringanmu
mesti bakal rame. Mas Min mesti butuh papan sing luwih jembar. Mas Min pindah
wae, kae rada ngalor kana kae. Sisih kana kae lho, tembunge karo nduduhi
panggon sing dikarepake. “Papan jembar kae sapunen, resikana. Sesuk, menawa
dodolan karo nggawa klasa. Mengko klasane digelar. dienggo lesehan sapa-sapa
sing tuku nang kene.” Bapake njelaske karepe marang Paimin.
Sawise
tetembungan sing miturut Paimin aji panglaris kuwi, bapake ora langsung melu
kanca-kancane. Malah ngajak Paimin…, dudu, dudu ngajak rembukan. Wong sing
dingendikaake ora ajeg. Ngalor ngidul ora ana judule. Dasar Paimin, dheweke ya
ngrungokake, malah bisa cerita akeh bab sabendinane lan pengalamane. Wong loro
padha omong-omongan nganti suwe. “Sampeyan dasare grapyak kok, Mas Min, kuwi
kudu Mas Min patrapake nang sapa wae sing tuku nang kene. Kabeh sing tuku
disapa. Menawa wis kenal, menawa teka takoni kabare. Uwis, mung kuwi. Kabeh
sing wis dilakoni karo Mas Min kawit tak omongi kae aja ditinggalke. Diugemi
terus, saklawase bebakulan,” pituture bapake. Paimin manthuk-manthuk sinambi
mesam mesem, ning ora kumecap.
“Terus
kapan kula nampi panglarise, Pak?” pitakone Paimin.
Bapake
sajak kaget, banjur ngguyu kepingkel-pingkel. Nanging banjur bapake ngedika,”
Wis, Mas Min, wis tak turunke. Panglaris iku mau ya kabeh sing tak omongke
marang Mas Min, ya kuwi kunci bebakulan.”
Nunut
“Mas,
sampeyan bakul angkringan, griyane gedhe ngoten, sampeyan gadhah perusahaan
napa, Mas?”
Paimin
kaget disapa ngono karo pawongan sing jajan nang angkringane. Paimin eling
tenan pawongan iki durung suwe pendhak wengi jajan nang angkringane. Paimin
kelingan wae, wong lungguhe ya nang kursi angkringane. Ora lesehan kaya
liya-liyane. Paimin kelingan, wong jajane ya ora akeh. Paling sega wungkus
thok. Menawa ora loro ya telu. Sajake wong proyek sing lagi ora duwe dhuwit.
“Wah,
sampeyan niku, Mas, bakul angkringan kaya aku, ngedi ana dhuwe omah samono
gedhene. Apik sisan.”
“Lha
sampeyan rak nggih omah ten mriku. Wong niku, anake sampeyan olehe njupuki
piring nggih mlebu omah niku kok. Napa niku nggih omahe wong liya, sampeyan
nggih blunas blunus kaya neng omahe dhewe ngoten kok.”
“Ora
mas, kuwi dudu omahku, aku mung kon nunggu.”
“Nunggu,
tukang kebon maksude. Kok oleh bebakulan. Mengko menawa lagi dibutuhake terus
lagi bakulan, banjur priye,” pitakone pawongan kuwi mau, sajak bingung.
Paimin
sing dasare seneng ngomong, langsung wae crita.
“Kuwi
dudu omahku kok mas, aku mung turu nang kono, kabeh keluargaku oleh mapan nang
kono. Kuwi ya ana sejarahe mas, kok aku nganti bisa mapan nang kono kuwi,”
omongane Paimin mbagusi.
Paimin
ndisik pancen ora mapan nang ngomah kono. Sepisanan bakul angkringan ora nang
kono. Dheweke ndisik mapan nang pinggir ndalan. Cedhak Universitas Negri.
Nyadong rejeki saka mahasiswa apa tukang parkir sing seneng jajan nang
angkringan. Janjane sing seneng jajan ora mung mahasiswa. Kabeh-kabeh pawongan
sing neng Universitas Negri kuwi mau, mbuh dosen, mbuh karyawan, ana wae sing
seneng pesen wedhang saka angkringane menawa lagi lembur. Awan-awan wae
kadhangan ya pesen. Malah kadhang njaluk tambah tahu, apa tempe dinggo kanca
wedhangan.
Pak
Pembantu Dekan wae, seneng njagong nang angkringane, ngajaki cerita neka-neka.
Paimin ya kenal. Omahe ngendi, sambine apa wae, Paimin dicritani karo Pak
Pembantu Dekan kuwi mau. Kadang menawa ana mahasiswane sing arep ketemu, pingin
bimbingan apa ngaturake tugase, karo Pembantu Dekan kuwi diajak ketemu nang
angkringane Paimin. Menawa sing diajaki ketemonan kancane Pak Pembantu Dekan
sing bareng-bareng anggone golek kerja samben, terus dum-duman hasile, Paimin
uga mesti ketemplokan rejeki. Ana wae sing dibayari mangan lan ngombene karo
Pak Pembantu Dekan kuwi mau. Sanajan sambene kuwi mung nulis, embuh nulis apa
Paimin ora ngerti, nanging jare dhuwite keno dienggo seneng-seneng. Kena
dienggo mbayari kanca-kanca apa mahisiswane sing lagi ora dhuwe dhuwit.
Paimin
seneng bakulan nang kono, seneng sing tuku wong pinter-pinter. Arepo ora
saben-saben jajan ngajaki Paimin cerita, nanging Paimin bisa ngrungokake.
Sinambi ngladeni sinambi ngrugokake. Paimin nyinau apa wae sing diomongake karo
sing padha jajan kuwi mau. Sanajan ora kabeh omongan bisa dipahami Paimin,
nanging Paimin krasa menawa kawruhe sansaya tambah.
Setengah
tahun Paimin dodolan nang papan kono. Tepung karo karyawan Universitas Negri,
tepung karo mahasiswa, lan tepung karo Pak Pembantu Dekan sing seneng karo
cakar pithik, aneh miturute Paimin, bisa tuku sing luwih ndaging kok sing
disenengi cakar pithik. Paimin menawa ditari milih, rak ya milih dada apa pupu,
sing luwih ndaging. Kabeh mau srawunge apik. Malah karo sing ora dhuwe dhuwit
tenan Paimin olah oleh wae diutangi. Wong urip kuwi wajibe tetulungan. Lagi ana
sing butuh pitulungan, Paimin bisa nulung, ya Paimin nulung. Sapa ngerti Paimin
mengko sing genten butuh pitulungan.
Sawise
kira-kira setengah tahun kuwi mau, Pak Pembantu Dekan njagong nang angkringane
banjur menehi kabar. “Kang, sedhelo maneh kowe ora oleh dodolan nang kene.”
Paimin
kaget. Dheweke uwis seneng bakulan nang kono. Badhi ora akeh-akeh banget
nanging Paimin wis rumangsa seneng. Dadi menawa kudu pindah, Paimin rumangsa
gela. Paimin langsung mikir, mesti kedadeane ora beda karo kanca-kanca sing
dodolan nang pinggir-pinggir dalan liyane. Padha ora oleh bebakulan maneh nang
pinggir dalan.
“Jlentrehe
pripun tho, Pak, niku, kok kula mboten angsal malih bakulan wonten mriki?”
pitakone Paimin njaluk katrangan.
“Jare
ya kuwi kang, bakul-bakul ngene iki ngganggu wong mlaku, tur ora rapi.”
Paimin
meneng wae. Sanajan gela, nanging dheweke rumangsa, papan kene dudu dhuweke.
Menawa dheweke dikon lungo seka papan kono, mesti ora bisa nyengkelak. Kudu
manute. Kudu lungane. Sanajan kawit bebakulan dheweke mapan nang kono, dijaluki
dhuwit jare dinggo pajek, dheweke ya menehi, ngono kuwi mau merga dheweke
rumansa nunut. Sewu apa rongewu kuwi disadari, merga papan kono dudu dhuweke.
Papan kono mau dhuweke negara. Arepo jare dheweke sing nduweni negara kae,
ngono miturure mahasiswa sing padha rembugan nang angkringan kono, nanginging
Paimin ora rumangsa nduweki negara. Adoh banget kuwi seka pamikirane.
“Gek
kula pripun niki mangkih nggih, Pak?” Paimin takon sinambi Nggresula.
“Kowe
ora usah susah kang. Mengko paling kon lungo rong sasi maneh. Mengko kowe tak
golekke panggon. Aku seneng karo cakarmu iki. Mengko tak golek papan sing aku
gampang nggoleki angkringanmu iki. Mengko menawa kowe golek dhewe, aku ora bisa
nemokake kowe.”
Paimin
bungah. Ora usah susah-susah golek panggon dienggo dodolan. Pak Pembantu Dekan
saguh arep nggolekke papan kanggo dodolan. Tur dheweke seneng isih bisa ketemu
karo Pak Pembantu Dekan sing apikan kuwi mau. Mesti pak Pembantu Dekan kuwi mau
bakal njagong maneh nang angkringane, merga dheweke pancen seneng tenan karo
cakare Paimin. Cakar pithik sing didol Paimin nang angkringane.
“Wis
rong minggu, Pak Pembantu Dekan durung menehi kabar. Dheweke njagong nang
angkringan nanging meneng wae ora ngrembuk bab panggon dodolan. Apa maneh
dheweke katon srius rembugan karo kancane. Paimin ora wani ngganggu. Rong
minggu sabanjure malah ora tau ngetok. Paimin krungu kabar menawa Pak Pembantu
Dekan tindhak menyang luwar kutha. Kurang seminggu wektune Paimin kudu lunga
seka papan kono, Pak Pembantu Dekan lagi ngetok. Ngguya ngguyu sajak ora
rumangsa Paimin nunggu-nunggu.
“Wis
oleh papan aku, Kang. Nanging nganu ya, kowe karo nunggu omahe mbakyuku.
Dheweke arep sekolah nang luwar negeri, kabeh keluargane diajak. Omahe suwung.
Dadi omah kuwi karo tunggunen. Mengko olehmu bakulan nang sanding omahe kana.
Urung ana bakul nang kana, mengko rak suwe-suwe rame. Mengko tak jalukake
tulung kancaku men olehmu bakulan kuwi rame.”
Paimin
bungah banget. Ora mung oleh papan dienggo dodolan. Nanging uga malah oleh
omah. “Nggih, pak, maturnuwun. Maturnuwun sanget. ”Pak Pembantu Dekan mung
mesam-mesem ngerti Paimin sing ujug-ujug sajak prakewuh.
Dina
Setu wayahe Paimin Senen wis ora oleh dodolan maneh nang papan kono, Paimin
dhuwe janji karo Pak Pembantu Dekan, arep niliki omah lan papan anyar sing arep
dienggo dodolan. Sisan kabeh barang-barange digawa menyang papan anyar kuwi
mau. Nanging, amarga Paimin kudu nyurung gerobake, Paimin ora bisa bareng
numpak mobil. Dheweke mlaku. Mung diancer-anceri papan sing arep dituju.
Tekan
panggon, Paimin gumun. Omahe gedhe tur apik banget. Latare jembar.
“Iki
omahe kang, mengko kowe olehmu dodolan nang ndalan pojok omah kono. Omah iki
tunggunen, resikana sabendina. Anggep kaya-kaya omahmu dhewe, sesuk menawa sing
dhuwe omah kuwi mulih, men omahe ora ketok nyanyring.”
Paimin
semaguh. Sapa ora bungah ketiban rejeki kaya ngono. Dheweke rumangsa beja,
langsung oleh pitulungan ngono. Ora ndadak susah golek papan. Menawa ora
nemu-nemu bisa uga Paimin bali ndisik menyang Klaten. Leren olehe bebakulan.
Sesuk menawa wis ana greget maneh lagi wiwit maneh anggone bebakulan.
“Ngono
kuwi critane Mas. Dadi kuwi pancen dudu omahku. Aku mung dikon nunggu, soale
sing nduwe lagi nang luwar negeri. Jare rong tahun anggone sekolah. Mengko menawa
arep neruske sekolahe berarti luwih suwe maneh. Wis nggono, bareng aku
bebojoan, jare Pak Pembantu Dekan, bojoku ya oleh mapan kene. Sawise rong tahun
jebul ora mulih-mulih. Malah jare arep saklawase omah nang kono, marga wis oleh
panguripan nang kono. Tekan saiki aku ya mapan nang kene” tembunge Paimin
ngrampungi anggone cerita babagan omah sing saiki dinggo manggon.
Parkir
Angkringan
dhuweke Paimin pancen rame. Saben-saben sing teka mrana nggawa motor utawa
mobil. Tekane padha rombongan. Sing padha nggawa motor apa mobil olehe parkir
rapi. Mobil ana sisih lor, ana ing dalan sing mujur ngetan ngulon. Sepeda motor
neng sisih kidul ana ing dalan sing mujur ngalor ngidul. Paimin olehe dodolan
kuwi ana ing protelon, pojok omah. Ora neng njeron latar. Neng njaban pager
pinggir dalan. Sing padha tuku wae olehe lesehan ana ing njeron latar. Sing
alus, luwih penak tenimbang lesehan ana ing pinggir dalan. Paimin wis nembung
papan sing dienggo lesehan kuwi marang sing nduwe. Latar kuwi wong wis
dikonblok, ora sumelang gemrenjel nglungguhi watu. Digelari klasa amba-amba
dening Paimin, sapa wae sing tuku oleh milih papan sakarepe, ngendi sing sela.
Dalan
sing dienggo dodolan Paimin kuwi dudu dalan aspalan, dalan mlebu kampung. Mung
dalan kono kerep dienggo leliwatan mobil lan motor sing nyingkiri lampu abang
nang ndalan gedhe. Papane Paimin sing saiki kuwi pancen cedhak karo prapatan.
Cedhak karo dalan kutha kang rame. Saking ramene kerep menawa nunggu lampu ijo,
urutan paling mburi, menawa tekan ngarep lampune wis abang maneh. Sopir kudu
nunggu lampune bali ijo. Sopir sing wis ngerti ana dalan liya sing kena dienggo
liwat, yaiku dalan nang ngendi anggone Paimin dodolan iku mau, akhire seneng
liwat kono. Sanajan dalan kampung lan urung aspalan nanging dalan kono kuwi mau
jembar. Menawa ana sepeda motor sing parkir, isih longgar dienggo leliwatan.
Mbuh kuwi sing liwat mobil utawa motor.
Bab
dalan sing dienggo parkir mobil, jarang ana kendaraan sing lakune mrana,
akeh-akehe lurus, arep metu nang dalan gedhe maneh. Marga liwat kono mung
nyingkiri lampu abang. Sing liwat dalan nang ngendi mobil-mobil kuwi mau
parkir, paling tanggane Paimin sing arep mulih. Ana omah papat apa lima nang
kulan omahe Paimin, dalan kuwi mau banjur buntu ora ana tembuse, menthok neng
omah kulon dhewe.
Kawit
lagi mapan nganti tekan saiki, Paimin ora tau ngakon-ngakon sing dhuwe
kendaraan supaya parkir rapi kaya mangkana. Kabeh kuwi mau dilakoni ngono wae
karo sing nduwe kendaraan. Ora merga dikon sapa-sapa, wong Paimin ora duwe
tukang parkir, lan ora butuh tukang parkir. Paimin wis ribet ngurusi dodolan,
ora sempat ngurusi parkiran.
Ewo
semono, lagi rong sasi Paimin bakulan nang kono, dheweke dicedhaki karo wong.
Nom-noman sing rada mreman, maksude ndugal neng daerah kono. Dikira dening
Paimin pawongan kuwi mau arep pesen wedhang, kon ngeterke nang papane
rubuk-rubuk. Jebul ora. Nomnoman kuwi mau komplotane pancen akeh. Wong pitu apa
wong sepuluh. Paimin ngerti, wong komplotan kuwi mau olehe rubuk-rubuk ora adoh
saka angkringane. Mbuh pada rembugan apa. Saben bengi ana wae sing teka nang
papan kono. Paimin ora sapa aruh karo komplotan kuwi mau. Mung menawa disapa
wae Paimin mangsuli, wedi menawa mengko gawe rerusuh marang dheweke.
“Mas
angkringanmu sing jajan akeh. Tak parkiri ya,” tembunge.
“Wis
rapi ngono mas, kae ora ana sing ngrewangi parkir ya kendaraane ndelehe jejer
larik-larik kaya wong baris.”
Paimin
ora seneng karo pawongan kuwi. Sajak ora duwe suba sita. Sandhangane kusut,
rambute gondrong awul-awulan. Malah menwa cedhak banget sajak mambu, kaya-kaya
durung adus. Paimin pancen ora seneng papan kono diparkiri. Wong maem sedhelo
wae kok motore kudu isih mbayari, mobile kudu mbayari. Sawise maem kok, kon
mbayari motor, mbayari mobil, sapa ora anyel. Paimin babar blas ora kepikiran
arep pasang parkir nang papane dodolan. Menawa dodolane wis payu wae, dheweke
wis matur nuwun, syukur karo sing paring rejeki.
Ngerti
omongane ora digubris karo Paimin, wong kuwi mau lunga. Bali menyang papane
rubuk-rubuk karo kanca-kancane. Paimin ora nggatekake. Nganti telung dina
dheweke ora diganggu maneh. Bareng wis patang dina, Wong loro teka nang
angkringane. Ngajak rembugan maneh bab parkiran.
“Menawa
diparkiri bisa-bisa sing tuku bubar Mas. Kapok. Wong mangan kuwi padha anyel
menawa mangan wae kudu ditambah bayar parkiran,” Wangsulane Paimin nalika
ditembungi. “Ora mas, aku ora ngolehi. Wong ya ora tau ana sing kelangan kok,
kendaraane dideleh nang kono.” Paimin ora kenek dirembuki.
“Mas,
mbok adum rejeki, tak tariki parkir nang kene.”
“
Ora Mas. Ora arep parkir aku. Biyen nalika aku bakulan nang sanding Universitas
Negri kae aku dijaluki pajek. Saiki aku nang kene aku ora dijaluki pajek. Wong
aku karo tunggu omah kuwi. Nanging, menawa sampeyan ngarep-arep rejeki, ngene
wae, sampeyan sakanca tak wenehi cakar siji-siji. Saben-saben sing teka saben
bengi tak wenehi, nanging paling akeh aku menehi cakar cacahe mung wong
sepuluh, mengko menawa akeh-akeh aku ora bisa kulakan maneh. Menawa gelem, ya
kuwi, menawa ora gelem, ya uwis. Aku ora ngolehi papan kene diparkiri. Tak
anggep wae kuwi pajek apa sodaqoh. Ngendikane mbahku menawa wong ora tau
sodaqoh, rejekine dipangkas peksa. Bisa ngganggo lelara, trus dhuwite enthek
kanggo ngobatke, bisa kemalingan, bisa omahe kobongan, apa dhuwite ilang nang
ndalan ora karuan,” Paimin isih wangsulan sebab ora gelem papane dodolan
diparkiri. Dheweke khuwatir sing padha tuku kapok teka nang angkringane.
Saben
bengi Paimin pajek cakar nang komplotan rubuk-rubuk sing diweruhi dipandegani
karo si Semprul. Pimpinane diceluk Semprul merga menawa omogan idune nyumprat
sempral semprul. Dheweke gelem wae diceluk Semprul. Jare jeneng Semprul kuwi
malah sangar. Wangun dienggo meden-medeni. Lan kaya janjine biyen, Paimin olehe
menehi cakar miturut jumlah pawongan. Ana wong pitu, diwenehi pitu, ana wong
lima, diwenehi lima. Menawa ana wong sewelas, Paimin mung menehi sepuluh. Dadi
kudu ana sing ngalah ora keduman.
Pajek
cakar kuwi mau dilakoni kira-kira suwene patang sasi. Paimin ora patio rugi tur
ora diganggu karo komplotan rubuk-rubuk kuwi mau. Sing mulane Paimin wedi
menawa dirusuhi, saiki tenang wae. Komplotan kuwi mau nyatane ora tumindhak
kasar. Ora duwe niat ala. Komplotan kuwi isih nduweni patrap kang becik.
Padha-padha ngoleke rejeki, ngerteni menawa penghasilane saka angkringan ora
akeh-akeh banget. Ora njalari Paimin langsung dadi sugih. Menawa sing
rubuk-rubuk ana wong sewelas, Paimin olehe menehi cakar mung sepuluh, ora ana
sing protes. Malah kepara menawa kepingin tenan, malah tuku. Ora njaluk kanthi
laku kasar. Kadang menawa pesen es teh apa es jeruk, Paimin mengko sing
ngeterke, giliran wedhangane wis rampung, gelas-gelase padha diterake
dhewe-dhewe. Paimin ora usah njupuki dhewe.
Sawise
patang sasi, ujug-ujug si Semprul teka dhewe, moro, nyedhaki Paimin. Biasane
ora tau si Semprul kuwi mara. Menawa ana butuh kongkonan karo kancane liya kang
manut wae diprentah-prentah karo si Semprul. Neng angkringan, si Semprul
njagong. Njupuk rokok lan ngudut. Klepas-klepus meneng wae. Paimin ora nyapa
wong lagi ribet ngladeni sing padha jajan. Ana sing njaluk tempene dibakar
dhisik, ana sing njaluk tambah es, lan liya-liyane.
“Ndingaren
tekan kene Bos Semprul, ” sapane Paimin nalika sing jajan wis keladhenan kabeh.
“Iki
segane karo apa Kang?” Semprul ora ngatekake sapane Paimin malah ganti takon. Takon
mangkono, sega wungkus kuwi mau langsung wae dibukak ora nunggu semaure Paimin.
Paimin ora semaur merga ana maneh sing teka njaluk dibakarke sate usus karo
bakwan.
“Kang,
mreneo ndhisik tha tak kandhani,” Semprul ngawe marang Paimin.
“Napa
tha Bos, kok sajak wigati?
“Kene,
aku arep ngomong masalah parkir”
Paimin
nyedhak lan Semprul langsung nyerocos karo idune nyumprat-nyumprat. Dheweke
menehi kabar menawa saiki sapa wae sing bebakulan nang tlatah kene, sing rame
lan ana penghasilan parkir, kudu diparkiri. Kuwi mau wis kebijakan saka
pemerintah desa. Ora bisa dieyeli. Kudu diolehi karo sapa wae sing nduweni
usaha.Angkringane Paimin uga salah siji usaha sing kudu diparkiri. Sing luwih
baku, papan dodolane Paimin lan sekitare dadi wilayahe Semprul. Semprul sing
nduweni lan nyekel kuwasa kanggo ngatur parkiran tlatah kana. Paimin malah
diduduhi surate barang saka pemerintah setempat.
Ana
ing layang kuwi mau, dijlentrehake apa kabeh sing diomongake karo si Semprul
marang Paimin. Paimin malah diolehi maca dhewe. Paimin wis ora bisa wangsulan.
Kepriye wae bisane mung manut karo manut. Semprul sawise ngomong ngono meneng
wae, sajak menawa ngomong apa perlune. Ora let suwe malah ngadek, mbayari olehe
mangan langsung arep lungo, ning omongan dhisik, “ Janjane aku seneng dipajeki
cakar, Kang, nanging priye maneh. Kebijakane ora kena dilawan. Sesuk
kanca-kancaku wiwit parkir nang kene. Sampeyan wis ora usah pajek cakar maneh,
sapa wae sing memanganan nang kene kudu mbayar. Menawa ana sing ora mbayar
mengko omongna aku.” Banjur Semprul bali maneh rubuk-rubuk karo kancane.
Paimin
mung bisa gedhek-gedhek. Sesuk sok sapa wae wong sing ndeleh kendaraan nang
papan kono kudu mbayar parkir.
Booking
“Makne.”
“Makne.”
“Piye
tha, Makne, nek diceluk semaur ya ngapa,” Paimin sajak mangkel bojone diceluk
ora semaur-semaur.
“Aku
ngantuk Pakne, arep turu. Sesuk esuk kudu blanja. Iki wis wengi. Sesuk aku
tangine kudu mruput, menawa ora mruput menyang pasar, sesuk nang pasar
uyel-uyelan. Aku emoh. Mending aku rada nunggu bakule tenimbang aku uyel-uyelan
nyasaki uwong akeh mung arep njupuk cakar. Kuwi wae aku wis pesen cakar olehku
tuku diwadahke sisan. Blanjan liyane paling neng nggone bu Gendut rampung. Weh,
mau ana apa celuk-celuk?”
“Jare
ngantuk, omongane sak trek metu kabeh.”
“Iya,
ana apa. Lha wong ya wis arep turu ngene.”
“Suk
senen angkringane dhewe arep dibooking.”
“Apa.
Dodol kuping. Kuping apa kuwi. Dumeh dodol cakar payu, saiki terus arep
nganeh-nganehi, arep dodol kuping. Mengko sing tuku ya sapa.”
“Kupingmu
kuwi! Ngene lho….” Paimin banjur cerita.
“Mau,
nalika aku sowan nang ndaleme pak Pembantu Dekan Universitas Negri kanggo
nakokake wit jarak latar kae oleh dipapras apa ora, pak Pembantu Dekan paring
kabar. ora, dudu kabar, nawani aku.”
Bab
pak Pembantu Dekan kuwi, Inah ngerti, wong kedadean apa wae kang dilakoni karo
Paimin wis diceritakake kabeh marang Inah. Saking kabehe, Inah mangkel mangkel
ngguyu nalika Paimin cerita bab cita-citane kudu omah nang kutha, ora gelem
omah nang ndesa, mulane kudu oleh bojo wong kutha. Pak Pembantu Dekan kuwi,
Inah uga kenal, nalika dina ijabe karo Paimin, Pak pembantu dekan kuwi uga
rawuh. Bapake grapyak. Ngendikane ceplas-ceplos apa anane. Ewa semana nganti
tekan saiki Paimin karo Inah ora ngerti sapa janjane asmane Pak Pembantu Dekan
kuwi. Malah anake sing ngerteni. Pak Pembantu Dekan kuwi, arepa saiki wis arang
njagong nang angkringane Paimin, menawa ana gawe apa wae sing mbutuhake Paimin,
mesti Paimin diceluk, didhawuhi ngrewangi. Paimin mesti mangkate. Ora bakal
nolak marang apa karepe pak Pembantu Dekan kuwi.
Semana
uga menawa Paimin butuh warah, apa tetimbangan. Utamane babagan olehe ngrawat
omah lan babagan sekolahe anak-anake. Bab, kepriye wae, omah sing dienggo turu
Paimin sakanak bojo kuwi duweke mbakyune Pak Pembantu Dekan, Paimin mung nunut.
Dadi menawa ana apa-apa sing magepokan karo omah lan pekarangane kuwi mau,
Paimin mesti matur karo pak Pembantu Dekan.
Biyen
kae, nalika anake sing mbarep lulus SD, karepe Paimin wis ora usah nerusake
sekolah maneh. Kon ewang-ewang dodolan wae. Bareng pitakonan karo pak Pembantu
Dekan bab sekolahe anake, Paimin mikir-mikir kok bener apa sing dingendikakake
Pak Pembantu Dekan kuwi. Ngendikane, menawa anake kuwi ora sekolah, ora pinter,
sesuk ora bisa nututi lakune jaman. Menawa ora bisa nututi lakune jaman, mesti
uripe bakal susah. Sebab kuwi anake kudu disekolahake.
Nah,
bakda magrib iki mau, Paimin sowan nang ndaleme Pak Pembantu Dekan. Direwangi
ninggalke olehe dodolan. Angkringne ditunggu bojone direwangi anake loro.
Paimin sowan arep nembung menawa wit jarak mburine dodolan kae arep dipaprasi.
Godhonge wis ngrembuyung banget ngganggu olehe dodolan. Sabenere ora mung kuwi,
saiki jarake ana ulere, kepingine ditegor wae, apa maneh wit kuwi cedhak karo
wit pelem sing lagi arep gedhe. Ngganggu gedhene pelem. Jebul pak Pembantu
Dekan malah ngerteni bab wit pelem sing lagi arep gedhe kuwi mau. Dheweke malah
dhawuh supaya Paimin negor wit jarak kuwi sisan. Ngendikane, wit kuwi mau
kejaba ngganggu gedhene pelem uga ngganggu sawangan seka ngomah nang ndalan.
Paimin seneng wae didhawuhi negor wit jarak kuwi mau, malah kepeneran.
Kejaba
kuwi, Pak Pembantu Dekan nawani, menawa Paimin gelem, angkringane arep
dibooking Universitas Negri. Ngendikane, arep ana tamu sing arep studi banding
seka luwar negeri. Jalaran tamune saka adoh kuwi mau, karepe Universitas Negri
tamu-tamune men ngerteni kabudayan Indonesia, salah sijine sing arep dipamerake
kuwi angkringan. Menawa Paimin ngolehi, angkringane arep dibooking, diborong
kabeh panganane sadodolan, payu ora payu, mengko neng Universitas Negri kana
Paimin mung kari nunggu. Ngladeni sapa wae sing arep mangan ana angkringane.
“Aku
jane seneng-seneng susah, Makne. Seneng mergo nek ngono kuwi dodolane dhewe
mesti payune. Susahe, aku kuwi isih kelingan jaman samana. Jaman aku dipenging
dodolan nang cedhak kana. Arepa saiki nemu papan dodolan sing ora kalah kepenak
kae, nanging wektu lelakon kuwi kedadean aku rak ya lara ati.” Paimin meneng
ngira bojone wis turu. “Mak!”
“Iya,
aku isih ngrungokake”
“Jaman
samana kuwi Makne, aku isih bakul anyaran. Bakul sepisanan ya mapan nang cedhak
Universitas Negri sing arep mbooking angkringan kuwi mau. Ya nang kana aku
kenal karo Pak Pembantu Dekan, sing nalikane aku dikon sumingkir terus
nggolekke papan dodolan merga dheweke seneng karo cakar sing takdol kae. Jaman
samana nganti tekan saiki rak bakul-bakul kaya awake dhewe kuwi disia-sia.
Bisane golek rejeki kaya ngene iki, mongko dodolan nang ngendi wae wis mesti
taren karo pawongan sekitar kana, ngerti-ngerti dikon sumingkir. Ngana kuwi apa
ya ora kon lara ati.”
“Ngono
kuwi terus karepmu ora gelem dibooking ngono pa priye?”
“Sing
jelas aku urung bisa lali karo tumindake…, tumindhake…, sapa ya….Bakune
Universitas Negri kuwi mau. Wong aku biyen maca layang sing menging sapa wae
bakulan nang kana, ditemplekke nang pager-pager, sing tanda tangan ya pimpinan
Universitas Negeri kuwi mau. Sapa wae sing isih bebakulan keliwat tanggal sing
ditentokake, barang-barange bakal dijaluk karo petugas. Petugas saka ngendi aku
ya ora ngerti. Mbuh saka Universitas Negeri kuwi mau, mbuh saka pemerintah sing
tak kira ora ana bedane. Wong mestine padha rembugan.
Aku
isih kelingan, bakul rokok sing mapan nang cedhakku kae ora cepet oleh papan
anyar. Dhisik tau ana kabar nek kabeh bakul sing dikon sumingkir saka papan
sing dilarang bebakulan kuwi diwenehi papan liya. Sapa sing gelem. Bakul-bakul
dipapakke dadi siji ngono nang papan sing adoh saka wong tuku. Kapan payune.
Wis ngono, papan sing disiapke, rada diapikke kae banjur kon mbayar sing ajine
kanggo bakul-bakul kuwi larang. Kancaku ora ana sing gelem mapan nang kana.
Kabeh golek papan anyar dhewe-dhewe. Bakul rokok sing nganti suwe ora oleh
papan kuwi mesakke banget. Aku isih ketemu dheweke sawise pindahan menawa aku
arep menyang pasar. Aku rak liwat chedak papane turu kana menawa mangkat nang
pasar. Ngerti ora, Makne?”
“Apa?”
Bojone Paimin semaur ngganggo suara sing wis katon arep turu. Bab kuwi dheweke
wis tau diceritani Paimin ping sewidak rolas. Wis males ngrungokake. Bojone
kuwi pancen mangkelke. Mung arep ngomong gelem ora dibooking kanggo acarane
Universitas Negeri kuwi wae, ngganggo sejarah perjuangan. Sejarah perjuangan
uripe Paimin. Ora ngertia dheweke wis ngantuk banget. Njalari mangkel atine.
“Bakul
rokok kuwi Makne,” Paimin neruske olehe cerita, “Nganti arep genep sesasi ora
ngapa-ngapa. Ora nemu-nemu papan. Dheweke susah banget. Mongko menawa kesuwen
ora bakulan, dhuwite silak enthek. Mengko ora bisa kulakan maneh. Olehe njaga
men dhuwite ora cepet enthek, dheweke nganti sedina mangan pisan, sakanane.
Nganti kuru banget. Merga pikiran karo kurang pangan. Dheweke asline luwar
Jawa. Dadi ora bisa mulih. Ora cukup dhuwite dienggo mulih, terus mengko
seminggu apa rong minggu bali mrene maneh.
Biyen
kuwi bakul nang cedhak Universitas Negeri kana ana wong pitu, bakul rokok kuwi
mau, bakul pecel lele 3, terus bakul sate, bakul mie ayam, tambah aku, bakul
angkringan. Kabeh kudu lunga. Sing beja banget kuwi ya mung aku. Nanging aku
ngerti kabeh lelakone kanca-kancaku kuwi mau sawise kon sumingkir. Nelangsa
Makne, Nelangsa.”
“Terus
kowe gelem ora mau arep dibooking?” Pitakone bojone Paimin. Anyel kudu bola
bali ngrungokake cerita sing padha, Nanging ya trenyuh atine saben-saben Paimin
cerita lelakone sakanca kuwi mau.
“Aku
dhewe urung wangsulan marang Pak Pembantu Dekan. Pak Pembantu Dekan kuwi pancen
apikan. Nanging menawa aku kelingan lelakonku jaman samana, kok ya aku abot
arep ngomong gelem dibooking karo Universitas Negri kuwi mau. Rasa-rasane kok
aku ora sreg. Kaya-kaya aku kuwi khianat karo nasibe kanca-kancaku menawa aku
gelem ngiyane tawanan kuwi mau.”
“Gelem
ora?”
“Embuh
Makne, aku saiki arep turu dhisik, ngantuk”.
Lhadalah,
iki piye tha, wis cerita nggedupuk, nyaprus, tiba mburi mak klempus. Malah ora
sida diterusake olehe rembugan. Malah urung oleh pesten wis turu. Inah dadi
ilang ngantuke. Anyel karo bojone sing kebacut nggedupuk, nyaprus, tiba mburi
mak klempus. Dheweke kelap kelip, ngglebak ngiwa ngglebak nengen ora bisa cepet
turu. Ujug-ujug, mbakmenawa olehe kelara-lara kegawa turu, Paimin nyuwara ora
sadar, “Aku emoh dibooking, Makne!”
HP
Wis
bola-bali Paimin ngomong karo Inah bab karepe arep tuku HP. Dheweke kepingin
kanca-kancane sing wis padha duwe HP. Biyen mono HP isih larang. Sing nyekel HP
mung wong-wong sing dhuwite akeh. Penghasilane gedhe. Bakul kaya Paimin ngendi
ana sing nduweni HP. Biyen kuwi ora kabeh uwang cekelan HP. HP isih arang Biyen
merek HP sing mlebu Indonesia urung akeh kaya saiki. Saiki merek HP neka-neka,
jenise uga neka-neka, regane uga neka-neka. Ana sing murah ana sing larang.
Pokok regane saingan. Kaya-kaya malah murah-murahan, sebab golek pelanggan.
Sapa
wae saiki wis cekelan HP. Bocah-bocah SMP jalukane HP, SMA apa maneh. Sansaya
bocah kuliahan sing adoh saka wong tuwa. Rata-rata budhal saka asale digawani
HP. Khawatir menawa mengko ana apa-apa. Disangoni HP supayane bisa cepet kirim
kabar. Ora ngertia kuwi marakake anak ora mandiri. Sithik sithik sms.
Sithik-sithik telpun. Kapan ana masalah bisa dirampungi dhewe menawa mangkono
kuwi mau carane.
Saiki
wis ora jaman kabar-kabaran liwat surat. Kabare sms-an. Apa telpun. Ora mangsa
maneh ngendepke pikiran lan pengalaman lewat tulisan. Ana masalah sithik
langsung sms-an. Ana apa-apa ora dipikir dhisik, langsung telpun. Malah menawa
bocah isih cilik, pikirane isih cekak, kedadeane bisa luwih mrihatini maneh.
Kaya kae, si Lela, anake tanggane, nganti ora gelem sekolah menawa dheweke ora
ditukokake HP. Jare kanca-kancane kabeh wis duwe HP. Mung dheweke sing durung
duwe. Dheweke isin, ndeweki ora dhuwe HP. Kaya-kaya dheweke kuwi paling kere
sakanca. Kaya-kaya wong tuwane ora kuat nukokake HP. Lela mutung, gelem sekolah
menawa wis ditukokake HP. Lela ngerti, wong tuwane ora bakal kere mung nukokake
dheweke HP. Bapak ibune nyekel HP dhewe-dhewe. Wong kabeh dhuwe pagawean dhewe-dhewe.
Saben dina wong tuwane mesti lelungan nang papan panggaweane. Lela krasa
diumbar. Ora digatekake karo wong tuwane. Njaluk HP wae ora dituruti. Apa maneh
dheweke rumangsa anak siji-sijine. Bakune, dheweke kudu nyekel HP kaya
kanca-kancane.
Menawa
ditakoni arep dienggo ngapa, semaure ya mbingungi. Ora jelas. Wong saben dina
nang sekolahan ketemu karo kanca-kancane. Menawa ana masalah bisa dirembug ana
ing sekolahan. Urusane paling-paling bab pelajaran, apa maneh. Wong tuwane
mono, cekelan HP lantaran panggaweane pancen mbutuhake kuwi. Urusan kantore
akeh, dadi butuh HP dienggo ngrampungi gawean. Dituturi karo wong tuwane, Lela
wis ora manut. Wis ora mikir maneh dhuwe HP kuwi mengko migunani kanggo apa
tumrap dheweke. Bakune dheweke dhuwe HP kaya kancane titik. Akhire wong tuwane
ora bisa selak. Bisane mung nuruti karepe anak, tinimbang anak ora sekolah.
Saiki
kahanan pancen wis bedha. Bocah sekolah cekelane HP. Bakul-bakul nututi cekelan
HP. Kabeh bakul rata-rata wis cekelan HP. Kancanane Paimin ya ngono. Sing dhuwe
warung kae, kang Bejo, biyen ora duwe HP. Kang bejo kuwi, saliyane ngladeni
wong sing tuku moro nang warung, uga ngladeni sing pesen maem kon ngeterke,
ketring. Pas dheweke ngeterke ketring, trus takok sesuk pesen maneh apa ora,
malah ditakoni nomer HPne pira. Jare arep disms mengko bengi, sesuk arep pesen
maneh apa ora. Kang Bejo ya bingung. Wong dheweke ora dhuwe HP kok ditakoni
nomer HP. Margo akeh langganan sing kaya mangkono, mula kang Bejo nuli-nuli
tuku HP.
Dina-dina
iki Paimin sing mbanyaki arep tuku HP. Bojone nganti bengeng ngrungokake
omongane Paimin bab pepinginane arep tuku HP.
“Tuku
HP ki arep dienggo ngapa tha Pakne. Nganti kaya gawehani ki juragan angkringan
sing duwe angkringan nang ngendi-endi. Lha wong angkringane mung siji. Tepunge
ya mung karo bakul cakar. Karo wong pasar. Saben dina ya ketemu wong kudu
njupuk barang nang pasar. Ngono kok sajak akeh urusan, arep dhuwe HP barang.
Mbok ya dipikir menawa dhuwe pepinginan kuwi. Gunane apa. Menawa ora ana
gunane, mung dienggo gegojekan karo kanca, mbok ya rasah dhuwe HP kae ngapa.
Menawa mung arep dienggo mbagusi wae, wis ora usah tuku HP.”
Inah
sing ora setuju karo karepe Paimin grenengan dewe ora karu-karuan. Menawa
anak-anake, setuju wae bapake tuku HP. Jare mengko men bisa nyilih dienggo sms
kancane, nakokake pe-er menawa ora bisa njawab. Margo kuwi, anake, loro-lorone
mbujuki bapake supayane cepet-cepet tuku HP. Kancanane wis akeh sing dhuwe HP.
Malah wis dicatheti kabeh nomer-nomere. Mengko menawa bapake wis tuku HP bisa
cepet-cepet sms kanca-kancane kuwi mau.
Inah,
tetep karo panemune. HP kuwi ora akeh gunane tumrap keluargane. Malah mengko
anake ora padha tau sinau. Menawa ora bisa nggarap pe-er langsung sms kancane.
Bisa-bisa olehe sms-an ora tekne angel pe-er-e ning margo males ora gelem
mbukak buku wae.
“Apa
ya ora njalari bodho menawa ngono kuwi,” ujare Inah.
Anak-anake
ora padha ngrungokake pituture Makne, kepingine ya bapake dhuwe HP. Malah
janji-janji ora bakal lali sinau. Pokoke menawa jalaran ora bisa-bisa tenan ora
bakal takon masalah pr marang kanca-kancane. Arep takon mung nek babar blas ora
bisa nggarap. Bocah loro kuwi mau pancen klop. Kaya mimi lan mintuna. Kompak.
Ngalor, ngalor kabeh. Ngidul, ngidul kabeh. Samono uga bab HP. Kompak, mbiyantu
bapake mbujuki Inah men ngolehake bapake tuku HP.
Inah
anyel, saben-saben bapak sak anak rembugane bab HP. Ora awan ora mbengi. Pokoke
ora ngerti wayah. Sithik-sithik HP. Hp maneh, HP maneh. Paimin dhewe ora wani
terang-terangan ngomong bab HP marang Inah, mung sepisan. Nalika pepinginan
kuwi nyedhul mak trucul nang pikirane ora kena diampet maneh. Kawit sepisanan
kuwi Inah wis ora setuju. Maido terus apa sing diomongake karo Paimin.
Rembugane ora nganti rampung. Durung-durung Inah wis ora setuju. Paimin durung
rampung olehe omongan, wis disauri karo Inah. Bola bali arep ngomong, lagi wae
ngomong arep tuku HP, durung dijlentrehake arep dienggo ngopo, wis diwangsuli
karo Inah. Inah menawa wis ngomong rak ya borongan. Ora kena distop menawa dudu
karepe dhewe. Kadhang wis ditinggal lungo, menawa durung enthek apa sing arep
diomongake, ya durung mandhek olehe omongan. Ngomong dhewe. Kadhang nganti ora
rumongsa wis ora ana sapa-sapa maneh nang sandingne. menawa wis ngerti
ditinggal lunga, suarane dilirihke. Grundelan dhewe.
Awan
kuwi, anak-anake padha lagi wae mulih sekolah. Lingguhan karo bapake sinambi
nyuweki kertas sing arep dienggo mungkusi sega.
“Pak,
kapan mundut HP?” pitakone anake sing gedhe.
“Inggih
Pak. Bapak pripun tha. Ngendikane badhe mundhut HP. Kok pun dangu sanget dereng
sios-sios anggenipun badhe mundhut niku kepripun. Janjane, sios bhoten bapak
niku badhe mundhut HP?” anake sing cilik nimbrung pitakone mbakyune.”
“Enggal-enggal
kemawon mundhute HP nggih, Pak. Kula sakniki kathah pe-er, saniki sampun ajeng
ulangan semesteran, dados kathah pe-er. Pe-er-e angel-angel, Pak. Mangkih
menawi kula mboten saget nggarap pripun? tanglete dateng rencang pripun? Menawi
mboten saget tanglet, trus mboten saget nggarap, tiba mburi biji kula mboten
sae pripun? Nanging estu lho, Pak, kula pareng ngampil menawi bapak mangkih
kagungan HP.” anake sing gedhe nambahi olehe matur.
“Inggih
pak, kula nggih selak kepingin nyekel HP. Kajenge boten ketinggalan jaman,
Pak,” ujare anake sing cilik mbujuki maneh.
“Eh,
Wit, jajal kowe matura marang makmu kana. Wis ngolehi durung,” Paimin kongkon
anake sing cilik. Pancen Paimin ora wani ngomong maneh bab HP marang bojone.
Menawa lagi kekandhan bab HP karo anak-anake wae, swarane lirih-lirih menawa
Inah ana nang cedhake. Sebab, menawa Inah krungu sithik wae Paimin isih ngotak
atik perkara HP, orao diajak rembugan kae, Inah bakal melu-melu lan ngomong
sadawane. Dadi Paimin wanine ngethik anake supaya anake sing ngomong karo
Makne. Pikire, suwening-suwe bojone kuwi bakal luluh lan ngolehke Paimin tuku
HP. Sebab liya, Paimin ora sansaya ndadi kekarepane, margo sawise
dipikir-pikir, dheweke mbenerake apa sing saben dina digrundelake bojone kuwi.
Dikethik
bapake ngono, anake sing cilik mangkat tenan. Dheweke nang ndapur, nyedhaki
makne sing lagi daden geni.
“Mak,
tak matur tha Mak.”
“Ana
apa Wit, apa wis rampung olehmu ewang-ewang, kok wis mrene.”
“Nganu,
mbenjang tha Mak,”
“Apa.
HP maneh. Kowe kuwi saben dina sing dirembug kok, HP.” Durung rampung anake
olehe arep matur, wis disauri karo Inah. Sebab, Sanajan Paimin olehe kongkon
klesik-klesik, jebul Inah krunggu, sebab pas Paimin ngethik anake mau, Inah
mbutuhake rek sing bar dienggo udut Paimin. Rek kuwi, dideleh lincak cedhak
olehe padha nyuweki kertas kana mau.
“Mbenjang
tha Mak,” anake kuwi mau, nrucul wae omongane arepa Inah sajak mengkak.
“Mbenjang
tha Mak, menawi sampun gadhah HP, Mamak saget sms-an saben dinten kalih mbah
putri lan mbah kakung. Wong mbah putri nggih kagungan HP. Mangkeh menawi
kinten-kinten cakare kirang, Mamak saget sms nyuwun dienggehi. Riyin nika, pas
cakare kirang, wong jare kersane dodolan namung bar magrib dugi ndalu margi
badhe tilik tiyang sakit trus mboten sios, Mamak gage tindhak pasar jebul pun
telas. Ngendikane mbah putri cakare nembe mawon telase. Menawi saderenge budhal
sms riyin rak cakare saget dienggehake kaliyan mbah putri. Ajenga ingkang mande
cakar simbahe piyambak nika, rak nggih mboten pirsa menawi cakare kirang, dados
nggih disade dateng piyantun sanes. Napa malih simbah putri kaliyan simbah
kakung menika namun kekalih wonten ndalem. Mangkih menawi kangen rak saged sms.
Menawi mamak kangen simbah nggih saget telpun.”
“Wit,
Wit, omahe simbahmu kae rak ya mung cedhak. Mlaku ya tekan. Menawa kangen ya
bisa mara, mlakune ora nganti jam-jaman. Bab cakar ora kena dienggo alasan,
wong ora saben dina ana lelakon kaya mangkono. Wis kana, rasah motar matur bab
HP maneh. Bapakmu ki pancen kok,” ngomong ngono kuwi Inah ora mandhek anggone
manggawean. Wiwit sing wis apal lagone Makne langsung lunga, bali melu bapake.
Menawa wis ngono kuwi mamake wis ora kena diajak rembugan maneh.
“Ngendika
piyambak Pak, kalih Mamak. Wong Mamak mboten mirengke leh kula matur kok,”
tembung anake kanthi rupa nyuntrut.
Paimin
meneng wae ora semaur. Keluarga menawa ora kompak kabeh rak kuwi ora luwes, bisa-bisa
mung njalari masalah tiba mburine, batine Paimin.
Mundhak
“Mas
Proyek, sampeyan wingi, ngulungke dhuwit, banjur bablas mlayu wae. Nika kurang
sampeyan mbayare.” Uwong sing sajake lagi proyek lan dina-dina iki pendhak
wengi jajan nang angkringane Paimin jebul teka maneh bengi kuwi. Lingguhe isih
tetep nang kursi biasane. Dadi nalika teka Paimin bisa langsung nyapa. Paimin
apal, kelingan wae.
Disapa
mas Proyek, pawongan kuwi ora protes, wong dheweke pancen lagi kerja nang
proyek tenan. Rumangsa kenal karo tukang angkringan. Ewa semana dheweke uga
wangsulan.
“Wah,
sampeyan mbok mboten gawe-gawe. Biasane regane nggih samonten. Kula bola-bali
jajan mriki nggih sampeyan protese namung sakniki. Wingi-wingi sampeyan mendhel
mawon. Niku rak berarti sampeyan gawe-gawe. Kula mbayare nggih sami.” Pawongan
kuwi mau sajak ora trima diomongi menawa olehe mbayar wingi kurang.
“Sampeyan
wingi ngulungke artha langsung ngeplas bablas ora tolah-toleh ana wong
celuk-celuk. Kula rak wingi nyeluki, ngomong menawi sampeyan mbayare kirang.”
“Lha
enggih, kula niku selak ajeng teng wingking. Pun ora kuat malih nahan. Genahe
pripun niku.” Bab alasan cepet-cepet lunga dheweke ngapusi wong satenane
dheweke selak kepingin ngombe. Nanging rumangsa wingi nalika sawise mbayar
dheweke ngeplas sakbare ngulungke dhuwit, dheweke ngakoni wae.
“
Njenengan kedah nambahi kirange wingi, sampeyan wingi ngulungke artha samenten
tha,”muni ngono Paimin karo nuduhake dhuwit. “Niki nggih arthane sampeyan,
taksih tak simpen. Tak duduhke sampeyan saniki. Niki kirang niki,” Paimin
nuduhake dhuwit sing wingi diulungake dening pawongan kuwi.
Ngerti
dhuwite wingi isih disimpen, dhuwite pancen kaya ngono, wis lusuh, pawongan
kuwi ora bisa selak. “Enggih samonten, biasane kula mbayare nggih samonten.”
“Biasane
pancen samonten, nanging kawit wingi regane rak mindhak, dados sampeyan mbayare
kirang. Sampeyan ngeplas, diceluk-celuk bab mbayare kirang, bablas mawon,”
semaure Paimin seru, nggenah-nggenahake.
“
O, dados regine mindhak.”
“Mindhak,
barang-barang saniki larang kabeh. Beras larang, lengo larang, niku sebabe
dodolan kula regine nggih mindhak.”
Paimin
mau sakawan-awan krungu anggone bojone grundelan. Dheweke isih mangkel, sebab
bojone olehe omongan ora meneng-meneng. Saiki ana papan dienggo muntapke
mangkele, ya digunakake. Pawongan kuwi mau rumangsa salah, diocehi Paimin, ya
ora bisa selak. Malah olehe mangan alon-alon, wis ngono ndingkluk wae ora
mlirak mlirik kaya biasane.
Bojone
Paimin, si Inah, sakawan dhek ora nglerenke kuping. Arep ora dirungokake, lha
olehe grenengan seru-seru. Ana ing sisih ngendi wae kepara isih rungu. Bisa uga
tanggane kiwa tengen padha krungu.
“Beras
mundhak, barang-barang mundhak. Sesuk nek ora bisa kulakan, wong kaya ngene iki
rak ora bisa dodolan. Jare pemerintah kuwi duwe menteri ekonomi sing pinter,
nanging njaga reregan ora mundhak wae ora bisa. Menterine kuwi terus gawehane
ngapa? Menawa ngundhakake rega wae aku yo bisa. Menawa ngono carane, wis ora
usah golek mentri sing pinter-pinter. Kabeh uwong menawa kur pasang rega wae
rak ya bisa.
Dhuwe
pemerintah kuwi sejatine supaya bisa ngayomi rakyat ngene iki. Supaya ora perlu
saingan urip karo wong sing wis kelair sugih. Lair procot warisane wis atusan
juta. Kepriye wae menawa wong cilik bisane kuwi mung ngalah. Nanging mbok ya ora
banget-banget. Dumeh wong cilik biasa ngalah wae dikalahke terus-terusan. Ora
tau dibelani kepentingane. Mengko, ngerti-ngerti, arep bangun apa, iuran.
Sithik-sithik swadaya. Trus pajek-pajek kae dingandekake.
Beras
kae. Jare negara iki penghasil beras. Lha kok bisa-bisane beras regane mundhak
ora ketulungan. Biyen wayahe panen, wong tani kae yo dikon adol nang
pemerintah, pemerintah nukoni berase wong tani, olehe nuku regane ya ora cucuk
karo ragat sing wis dikecakke karo wong tani. Jare berase arep disimpen. Mengko
sawayah-wayah butuh wong cilik oleh nuku beras kuwi. Lha endi saiki. Simpenane
bisa-bisa didol melu rega sing wis dhuwur. Sengaja golek badhi. Lha nek mung
bisa mbadi rakyate dewe wae ora usah padha gembagus. Ngono kuwi rak jenenge ora
becus.”
Wis
ngomong nrucus ora mandhek-mandhek kuwi, si Inah isih nerusake maneh.
“Nang
TV kae si A ngomong ngene, si B ngomong ngono. Sing bener banjur sing endi.
Kabeh-kabeh ngomong thok. Janji-janji mung padha lamis, ora ana sing
dinyatakake. Sajake mung padha pinter-pinteran ngomong. Mengko bisane
mrentek-mrentek. Kabeh-kabeh disalahake, kabeh-kabeh digawa-gawa. Sing
angkutane susah. Sing dalane bolong-bolong aspale ora alus. Sing iki. Sing
kuwi. Sing ngene. Sing ngono. Nyalahke kana nyalahke kene. Ora padha ngrumangsani
salahe dhewe-dhewe. Ora padha rembugan bareng-bareng kepriye apike tumrap wong
akeh. Golek apike dhewe, golek benere dhewe. Golek amrih bathine.
Penggedhe
kok saya suwe sansaya ora bisa dinut. Omongane padha mencla mencle. Esok abang
awan kuning, kaya bunglon wae. Dadi penggedhe kuwi rak kudune kaya wong tuwa
momong anak. Sing tansah dipikir lan diupayakake kepriye amrih becike anak. Lha
menawa wong tuwa ora mikirke anak maneh, kapan anake bisa gedhe. Ngono kuwi rak
jenenge wong tuwa mburu senenge dhewe. Saru. Ora patut ditiru. Aja turun anak
putu.
Menawa
dadi penggedhe kuwi sing tansah dipikir awake dhewe, kuwi jenenge durung siap
dadi penggedhe. Apa maneh menawa sing diburu kuwi kandonyan. Diangkat dadi
penggedhe kuwi rak sapa wonge sing siap lahir batin. Siap lahir kuwi dene kudu
gagah dedeg piadege supaya sapa wong sing mbutuhake dheweke, dheweke tansah
sumadyo. Siap batin kuwi ateges lila legawa gawe senenge wong akeh. Kadhang
tansah ngalahake kekarepane. Ngono kuwi lagi jenenge penggedhe. Wong sing aweh
pangayoman.”
Menawa
ora kudu nang mburi marga kebelet, Inah paling urung leren anggone grundelan.
Ngerti Inah meneng, Paimin krasa lega. Nanging mangkele isih kegawa nalika wis
dodolan. Malah nganti tekan wengi mangkel kuwi mau urung kelair. Isih ngganjel.
Saiki kepeneran, ana pawongan sing bisa didadekake panggon numplekake mangkele.
Paimin dadi ketularan bojone, nrucus ora karu-karuan.
“Priye
maneh, Mas Proyek. Kabeh bahan sing didadekake panganan nang kene iki bahane
mundhak. Menawa ora melu ngundhakake rega tenehan rugi. Sesuk ora bisa kulakan
maneh. Wingi mawon, nalika reregan nembe mundhak, ndalu saderenge olehe dodolan
regane nggih padha biasane, akhire ora sida badhi. Olehe dhuwit kabeh mung
dienggo kulakan. Dados ampun nyalahke kula menawi sakniki reregan ten
angkringan mriki nggih melu-melu mundhak,” ujare Paimin.
“Kula
mboten nyalahake njenengan kok, niku pun limrah. Reregan wonten mriki ngetutke
reregan liyane,” pawongan kuwi semaur, olehe ngomong diterusake.
“Waduh,
ning kula nambahi kirangge mbenjang nggih, niki kula mbetane artha namung
ngepas. Kula pun kebacut mangan cakar. Menawi kula mboten mangan cakar janjane
nggih saget nambahi sakniki. Cakare niki regine nggih mindhak napa?”
“Enggih,
cakare nggih mindhak, lha wong pakan pithik nggih melu-melu mindhak. Ora
pangane manungsa thok sik mundhak, pangan pithik uga mundhak.”
“Waduh,
berarti,” ngomong karo sajak khuwatir, pawongan kuwi ngetokake dhuwite.
“berarti dhuwitku kurang maneh, Mas. Niki kula nggawane samenten. Mbenjang
nggih kirange.”
Paimin
sing wis kewetu kabeh mangkele sajak sareh. Wis ora nrucus maneh. “ora apa-apa,
Mas Proyek. Sesuk olehe nambahi ora apa-apa. Mas Proyek, sesuk mriki malih
tha….”
Lasirin
Dhagelan Kethoprak
Dening:
Masdjup (Ki Dhalang Sulang)
Paitane
Lasirin ora liya ya mung saka rupane sing kawit biyen mula wis katon lucu.
Upama dheweke munggah panggung tanpa lorengan ngono para penonton wis mesthi
ngguyu kepingkel-pingkel, kepuyuh-puyuh, malah sok nganti kepentut-pentut. Mula
saben rombongan kethoprake entuk tanggapan, Lasirin ora nate keri, mesthi melu
munggah pangung. Ndhagel. Banjur para penonton padha iwut nguncali
wungkusan-wungkusan wujud apa wae. Rokok, jajanan, malah ora kurang sing padha
nguncali amplopan isi dhuwit kanggo saweran. Minangka ijole, Lasirin banjur
nembang lelagon sing dipesen penonton lumantar tulisan ing dluwang sasuwek sing
dikatutake njero wungkusan lan amplopan mau.
Anggone
nembang mesthi dikantheni njoged pethakilan sing katon unik lan nganyelake. Yen
Lasirin wis tumandang ngono kuwi, penonton saya kranjingan lan gemes banget.
Kena-kenoa, Lasirin diangkah supaya terus tetembangan lan jejogedan sewengi
natas. Wis ben, ora nganggo lakon-lakonan ya ora apa-apa paribasane.
“Eeeee…..
karepe dhewe. Sing ditanggap iki ora mung dhagelan thok lho lur, nanging
kethoprak komplit. Nek pengin nanggap khusus dhagelan Lasirin ya sesuk wae.
Nanging ya kudu mbayar dhewe lho gus, yu, le, nang, he he he he he….” ngono
wangsulane Lasirin karo plerak-plerok nggregetake, nalikane penonton padha alok
supaya dheweke terus wae anggone ndhagel. Krungu wangsulane Lasirin ngono mau,
para penonton malah nanggapi pating blerok sing ora jelas basane, nanging wose
padha marem banget atine.
Cekake,
Lasirin pancen wis dadi dhuweke masyarakat pandhemen kethoprak ing wewengkon
kono. Jenenge saya moncer. Malah-malah amarga saking moncere, wong-wong padha
luwih gampang nyebut kanthi jeneng “Kethoprak Lasirin”, katimbang nyebut jeneng
resmi rombongane: Sandiwara Kethoprak Mangun Budaya”. Lasirin kaya-kaya
minangka suksmane rombongan kuwi. Tanpa Lasirin wis kena dipesthekake yen
Mangun Budaya ora bakal payu tanggapan. Bola-bali wis klakon yen rombongan
kethoprak kuwi pinuju pentas nanging tanpa Lasirin, sing nanggap lan penontone
pisan mesthi kuciwa.
“Nonton
kethoprak Mangun Budaya nek gak ana Lasirin padha karo ora! Mulih mulih!” ngono
aloke penonton, banjur katon siji baka siji padha bali kanthi nggawa ganjelan
kuciwa ing ati. Sing nonton dadi sepi. Sing nanggap uga melu gela. Mula ora
kurang sing banjur padha mangkas bayaran tanggapane, sanadyan dikantheni
bengkerengan adu gurung karo pimpinan rombongan kethoprak luwih dhisik.
Ing
wektu-wektu iki pancen Lasirin kerep lowok ora melu manggung. Dene sabab
musababe ora liya marga dheweke wis katon lara-laranen dipangan taun. Umure
pancen wis ngancik eketan munggah. Upama ora krana wis dadi sandhang pangane
wiwit enom hengga seprene mono, janjane dheweke wis wegah banget munggah
panggung. Apa maneh isih kudu ngonthel sepeda tumuju menyang lokasi pentase.
Banjur isih kudu nebar panglipur marang para penontone, sing kepengine mung
kudu kepranan atine awit saka geculane, tetembangane, lan solah tingkahe
Lasirin ing panggung. Huh! Kesel! Dheweke pancen kesel tenan. Kesel ragane,
kesel pikirane, lan uga kesel jiwane. Karo maneh yen dheweke tetep ngaya lan
nekad penthalitan kuwi arep nggolekake sapa? Lha wong ya ora anak ora bojo wae!
Kasunyatane
dheweke pancen wis ora duwe kulawarga babar blas. Sadurunge manggon ing desane
sing saiki kuwi, dheweke ora nate ngandhaake asal usule. Bebasan dheweke kuwi tanpa dhangka tanpa sengkan,
wong kleyang kabur kanginan, akandhang langit akemul mega. Mung wae ana sing
nate krungu riwayat asmarandanane. Jare biyen dheweke ya duwe pengankah kaya
wong wong akeh kae, yakuwi kepengin mangun bale somah karo sawijining kenya
nunggal kampunge. Nanging bebasan dheweke mung keplok tangan sisih. Kenya sing
dituju prana kuwi babar pisan ora nimbange katresnane. Ya ora jeneng mokal yen
ana prawan sing nolak katresnane. Bandha ora gableg. Apa maneh rupa, paribasane
mbuwak mbuntel. Jan ala tenan. Ora ana baguse sithik-sithika.
Wusana
dheweke minggat saparan-paran. Nganti tumeka sawijining desa sing nduwe
rombongan kesenian kethoprak Mangun Budaya kuwi. Nalika samana sing dadi
tetuwanggane Kethoprak Mangun Budaya ora liya Mbah Mangun, bapake Pak Bandi,
ketua rombongan sing saiki. Dheweke nekad nglamar dadi anggota rombongan kuwi.
Mbah Mangun gelem nampa panglamare
Lasirin, nanging dhapukan sing lowong mung minangka pendhagel. Sanadyan durung
nate nglakoni dadi seniman kethoprak, luwih-luwih dadi dhagelan, Lasirin nekad
nyaguhi.
Mbok
menawa jalaran rupa gawan bayine sing katon ala lan lucu kuwi, sithik baka
sithik Lasirin bisa mersudi kabisane ing babagan gecul-geculan. Ndilalah
penonton padha nampa kathi senenge ati.Wusana dheweke klakon dadi bintang
panggung. Mung wae sajake atine wis kadhung sengkleh ing bab donyane katresnan.
Tekade arep mbujang selawase. Uripe mung bakal diudhokake kanggo wong akeh.
Aweh panglipur marang sapa wae lumantar ndhagele ing panggung, yen perlu hengga
puput nyawane.
Nanging
dheweke lali yen kahanan ragane wis ora kena diajak kompromi. Penyakit tuwane
arupa loyo lan watuk mengi saya ngrembaka. Mula dheweke banjur kepeksa prei ora
kuwagang munggah panggung maneh. Rombongan Kethoprak Mangun Budaya klakon
kelangan bintange, sahengga saya surut pamore. Suwene-suwe ora payu tanggapan
babar pisan. Pak Bandi minangka jejere ketua rombongan kaya-kaya kentekan akal
kanggo nguripake suksmane rombongan kethoprake. Dheweke ngerti banget underan
perkarane, gene kethoprake dadi mati? Ora ana liya mung kajaba Dhagelan Lasirin
sing klakon pensiun kuwi.
“Apa
Pakdhe Lasirin kudu tak peksa munggah panggung maneh ya? Ah! Sajake nglengkara.
Njur kepriye caraku kanggo mbalekake nyawane Mangun Budaya? Wis tak jajal golek
gantine Pakdhe Lasirin kanggo dhapukan dhagelan, si Marno Singkek kuwi, nyatane
ora kepangan dening para penanggap lan pandhemen. Dhuh Gusti, dalem nyuwun kali
damar Gusti…… mesakaken lare-lare sami
kecalan sandhang patedhanipun, Gusti…” ngono pisambate Pak Bandi ing batin,
wola-wali meh saben wengi, sangsaya ketara pupus panalare.
Sidane
dheweke nekad nyoba ngglembuk marang Lasirin. Embuh carane, sing baku Lasirin
kudu gelem bali munggah panggung. Ora ana dalan liya maneh. Ya mung iki
siji-sijine syarat-sarengat amrih pakumpulan kethoprak Mangun Budaya bali
moncer. Mula ing sawijining sore dheweke klakon nyambangi Lasirin ing omahe.
Omah cilik balungan lan gedheg pring
sing saya dhoyong sajak arep rubuh. Sadurune mlebu ing omah sing luwih pas
disebut gubug kuwi, Pak Bandi unjal ambegan. Landhung banget. Embuh apa tegese
unjal ambegane kuwi.
“Sampeyan
apa gak mesakake marang kanca-kanca ta, Pak Dhe? Yen ora ana sing nanggap, anak bojone njur
dha dipakani apa coba! Kamangka yen arep padha nyambut gawe liyane ngethoprak,
sajake wis padha lali carane. Macul wis dha wegah, mbakul gak dha gableg
modhal. Yen pengin dadi pegawe, njur kantor ngendi sing gelem nampa wong
mbambungan kaya kanca-kancane dhewe iki? Mula ya, Pak Dhe, aku welasana. Wis
ta, sampeyan njaluk apa lan bayaran pira anggere gelem bali manggung maneh!”
pangrimuke Pak Bandi marang Lasirin sawise kekarone lungguh lincak pring njero
omah kuwi. Sing dirimuk durung kumecap. Mripate kethap-kethip nyawang menjaba,
karo sedhela-sedhela watuk menggeh-menggeh.
Ing batine dumadakan tuwuh perang tandhing swara loro saka njero sing
padha sorane. Sing siji kepengin ngeman
awak, sijine maneh kudu nglabuhi kanca-kancane. Lasirin gedheg-gedheg.
Banjur nggigil maneh.
“Sampeyan…
rak ngerti dhewe ta, Lik, awakku… wis gapuk kaya ngene…. Apa ya … isih kuwawa…
mbadhut?” wangsulane Lasirin karo menggeh-menggeh ngampet mengine.
“Bisa!
Aku yakin sampeyan bisa ngayahi kaya wingi uni. Sampeyan nyimpen kabisan sing
ngedab-edabi ing babagan gecul-geculan. Marno Singkek, Nardi Meler, apa dene
Jaeman Klithik gak paja-paja yen ditandhing karo sampeyan. Tenan iki, Pak Dhe! Dene bab penyakite
sampeyan mengko bakal tak tambakake nyang
dokter nganti saras. Piye Pak
Dhe?” pandheseke Pak Bandi.
Lasirin
unjal ambegan nyendhat-nyendhat. Pak Bandi disawang satleraman. Banjur
panyawange dibuwang metu adoh maneh. Sepi. Kekarone dadi meneng-menengan.
Sajake padha kentir marang arusing lamunane dhewe-dhewe. Mung kala-kala ajeg
sineling gigil watuk saka pendhagel tuwa kuwi. Tangane Pak Bandi kumlebat
mijeti pundak lan gulune Lasirin. Nganti sawetara wektu, hengga rada lerem
watuke Lasirin. Embuh lerem temenan apa pancen diampet. Pak Bandi tetep
sabar angranti wangsulan saka wong tuwek
elek nanging sing tansah dadi klangenane wong akeh iki.
“Ya
wis….. nek pancen…. aku isih dibutuhake kanca-kanca…. lan uga…. para warga
kabeh…. mengko tak cobane…..ning ana sarate….”, wangsulane Lasirin sawise
nimbang-nimbang sawetara. Sidane dheweke nibakake pilihan kanggo kapetingane
wong akeh. Dheweke ora tega marang nasibe kanca-kancane yen nganti padha
kaliren krana wis ora payu tanggapan. Yen pancen ngono tenan, dheweke malah
rumangsa dosa marang kanca-kancane ngethoprak kabeh.”Luwih becik sisa umur iki
tak anggo aweh pitulung marang bala-bala mbabungan kae”, ngono dheweke mbatin
kanggo nguwatake tekade.
“Sarate
apa, Pak Dhe?” panyaute Pak Bandi karo wiwit katon padhang raine.
“Pisan….
aku gelem bali manggung…. yen wis waras…. lan ora nggigil maneh…. Dene angka
loro…. saben ana tanggapan… aku kudu diparani…. lan dibocengake…. nganti tekan
panggonane sing nanggap…ya mung kuwi sarate….”.
“Beres,
Pak Dhe! Tak sanggupi. Wis saiki sampeyan ndang salin klambi. Ayo saiki uga tak
gawa nyang dokteran!”
Ing
wektu kuwi uga Lasirin klakon diobatake menyang dokter ing kutha sing ora
patiya adoh saka desane. Seminggu sepisan Pak Bandi nlateni ngeterake Lasirin
menyang dokter kuwi mau. Ganep patang minggu sajake Lasirin wis katon sehat.
Mung wae dokter pesen yen Lasirin kudu gelem njaga awak lan mangane.. Ora kena
melek bengi, lan ora kena ulah gawe sing abot-abot. Nanging Lasirin mbatin yen
ora bakal bisa nuruti nasekate dokter iki. Yen dheweke klakon waras lan kudu
mangkat manggung maneh, mesthine kudu melek bengi, penthalitan, lan pethakilan
ing ndhuwur panggung, sing abote ora kalah yen ditandhing karo wong nggoluk ing
sawah apa dadi manol kae.
Lasirin
bali manggung. Rombongan kethoprak Mangun Budaya bali ngrembuyung. Laris manis.
Lasirin saya ngedan anggone dhapuk dhagelan. Wis gilig tekade kanggo ngabdekake
sisa umure. Ya mung krana ndhagel iki modhale kanggo lelabuh marang
sapada-padane urip. Bisa nglancarake dalan pangane kanca-kancane.. Uga bisa
aweh panglipur marang sagunging warga sakiwa-tengene. Dheweke krasa mongkok lan
marem banget atine. Bebasan kaya dene nyandhung
kembang cempaka sawakul-wakul gedhene.
Kosok
balen karo Pak Bandi. Sanadyan Mangun Budaya bali gumregah, nanging dheweke
malah miris nyawang polah tingkahe Lasirin sing sajak kebablasen semangate. Yen
nganti ana apa-apane Lasirin, dheweke sing rumangsa paling luput, jalaran ya
dheweke sing ngojok-ojoki Lasirin supaya gelem manggung maneh.. Mula dheweke
banjur mbudidaya supaya Lasirin bisa rada direm semangate sing tuwuh
makantar-kantar kuwi. Carane, kala-kala Lasirim ora dikabari yen pinuju entuk tanggapan
ngedhur tanpa leren. Sanadyan ta nggawa resiko gawe kuciwane wong sing nonton
apa dene sing nanggap, kalamun kepeksa pentas kethoprakan tanpa Dhagelan
Lasirin.
Ngepasi
dina pengetan ari kamardikan pitulas
Agustusan ing kutha kecamatane, Kethoprak Mangun Budaya ditanggap. Amarga ing
wewengkone dhewe tur kanggo pengetan ari kamardikan, mula Pak Bandi sarombongan
ora mathok rega tanggapan kaya adate. Wis padha diniyati setengah sambatan.
Mula Lasirin uga ora dijawil. Luwih-luwih sedina sadurunge, nalika Pak Bandi
tilik menyang omahe Lasirin, sing ditiliki katon gumlethak lara. Pak Bandi saya
mantep yen pentas ing kutha kecamatane ora perlu nganggo dhagelan Lasirin.
Sanadyan penontone mengko bakal padha kuciwa ya ora dadi apa. Sing baku Lasirin
kala-kala bisa ngaso sawetara. Marga ora dikabari mula ing bengi pentas kuwi
Lasirin ora teka temenan.
Tabuh
sanga bengi pentas diwiwiti. Nalika tiba giliran ekstra geculan sawise jejeran
kedhatonan, sing didhapuk minangka dhagelan ora liya Damin sing adate dadi pasangane
Lasirin. Bengi kuwi kepeksa dipasangi Pak Bandi dhewe. Kekarone padha mbudidaya
gawe geculan lan jejogedan kanggo aweh panglipur marang penonton. Sing
dikuwatirake Pak Bandi klakon temenan. Penonton padha kuciwa bareng diwenehi
ngerti yen bengi kuwi Lasirin ora bisa aweh panglipur amarga lagi nandhang
lara. Penonton ora bisa nampa alesan kuwi. Salah siji ana sing mbalangake gelas
wadhah aqua menyang panggung. Banjur liyane padha kepancing niru, nyawatake apa
wae sakecekele marang Pak Bandi lan Damin. Swasana dadi rame semrawut. Para
punggawa Hansip padha nyoba melu nentremake penonton, nanging wis ora digubris
babar pisan. Kabeh-kabeh padha nuntut supaya Lasirin bisa ditekakake ing bengi
kuwi uga.
Keber
ngarep dikerek mundhun. Pak Bandi lan Damin mudhun saka panggung bali menyang
kombongan. Penonton ora mendha pangamuke malah saya ndadra. Bareng keber ngarep
ditutup, para penonton padha genti ngrangsang para pengrawite.. Mula para
penabuh gamelan nuli padha buyar mlayu ngadohi panggung.
“Merdekaaaa!….merdekaaaaa!..
..merdekaaaaa!”
dumadakan ana swara saka tengah-tengahe penonton sing lagi padha ngamuk kuwi.
Kabeh nuli katon mlengaki asaling swara. Ing tengah-tengahe penonton ana
sawijining pawongan sing nganggo klambi kimplongan werna putih. Sirahe nganggo
udheng abang putih saka dhuk Pramuka. Salah sijining penonton ana sing alok
ngundang jenenge Lasirin. Pancen bener. Pawongan sing nganggo sandangan
putih-putih lan nganggo udheng merah putih kuwi ora liya pancen Lasirin
temenan.
“Hidup
Lasirin! Hidup Lasirin! Hidup Lasirin” ngono sorake penonton kaya ambata rubuh.
Lasirin kanthi trengginas munggah panggung sing kebere isih durung dikerek munggah.
“Merdekaaaa!”
aloke Lasirin karo ngepelake tangan tengene.
“Merdekaaaa!”
kabeh penonton padha nyaut kanthi serempak, uga karo ngangkat tangane.
Keber
bali dibukak. Lasirin klakon ndhagel, dikancani Pak Bandi lan Damin. Swasana
malik grembyang. Penonton padha lega atine. Banjur kaya adate akeh sing padha
nguncalake wungkusan isi rokok, lan amplopan kanggo nyawer. Siji baka siji
layang pesenan lelagon saka penonton dileksanani. Penonton saya kranjingan.
Jumbuh marang solah tingkahe Lasirin sing saya ngedan. Kaya dudu sabaene. Pak
Bandi lan Damin wiwit kuwatir marang polahe Lasirin kanggo nglanggati panjaluke
para penonton. Pak Bandi nyoba aweh sasmita marang Lasirin supaya anggone
ndhagel dilereni luwih dhisik. Mengko yen wanci tengah wengi bisa ditutugake
maneh. Nanging Lasirin ethok-ethok ora ngerti sasmita saka Pak Bandi. Terus lan
terus anggone nglucu, nglawak, ndhagel, nembang, sinambi jogedan
pethakilan. Ing bengi iki ngepasi
pengetan ari kamardikan, kaya-kaya dheweke kepengin ngesok glogok kabeh kabisane kanggo aweh panglipur marang kabeh
warga masyarakat.
Lan……meh
kabeh padha njerit nalika Lasirin klakon nggeblag ing ndhuwur panggung. Pak
Bandi lan Damin padha gugup mrepegi Lasiran sing tiba mlumah ora obah ora
onthek kuwi. Kekarone banjur katon ngoyog-oyog awake Lasirin. Nanging Lasirin
tetep ora kemruget babar pisan. Para paraga Mangun Budaya liyane uga banjur
melu ngrubung Lasirin. Kabeh kepengin nyumurupi kahanane Lasirin sing sabenere.
Nanging sajake pancen wis tiba marang pepesthene. Lasirin tumekeng pati nalika
lagi ngayahi jejibahan sing wis diyakini. Apa ya dheweke wenang sinebut
minangka sawijining pahlawan? Sing cetha dheweke ora bakal dikubur ing Taman
Makam Pahlawan ngendi wae. Banjur nganti ganep pirang ndina jenenge Lasirin
bakal dieling-eling dening para warga?
Kabeh ora padha ngerti, kajaba amung Gusti Kang Maha Suci.***
Tamat
Tidak ada komentar:
Posting Komentar