AKU
DURUNG KALAH
Ngadeg
neng tlampik omah pancen dadi kesenenganku saben sore. Namatake sesawangan
nalika srengenge meh angslup. Manuk-manuk padha mulih neng susuhe, mabur
renteng-renteng neng langit sing wiwit mbrabak abang ndadekake sesawangan katon
endah. Sanajan sesawangan dikebaki karo gedhong-gedhong dhuwur nantang langit.
Mung
siji kuwi sing bisa gawe ilange rasa sayah sak wise nyambut gawe sedina
ngrampungake tugas-tugas kantor sing kaya-kaya ora ana lerene. Mengko sedhela
mesti bakal keprungu swara mbrenginging saka dalan ngarep omah ning komplek
perumahanku. Pak Wiryo. Bakul puthu bumbung nyurung grobage, mlaku alon saka
kidul. Yen wis tekan ngarep omahku mesti mandheg karo cluluk "Puthu Mas
" Aku banjur mbukak pager, mangan puthu karo lungguh ing buk ngarep omah.
Pak Wiryo uga mandheg. Ngladeni wong wong ing komplek perumahan sing padha tuku
puthu bumbung.
Pak
Wiryo padha karo aku. Padha-padha wong sing nyoba golek panguripan ing kutha
kene, sing jarene nggon duwit. Mung bedane, aku bisa tuku omah, duwe rodha
papat gaweyan Jepang modhel sing paling keri dhewe, nyambut gawe ning kantor
sing ruwangane adhem.
Pak
Wiryo crita, yen omahe ana ing mburi lapangan golf. Saben esuk lan sore nalika
mangkat lan mulih saka kantor aku mesthi ngliwati tugu gedhe. Ngisor tugu kuwi
ana dalan sing dawane watara rong kilonan tumuju menyang lapangan golf. Aku
pancen durung nate weruh. Nanging aku bisa mengerteni yen omahe Pak Wiryo
mesthi sawijining kampung nempel karo tembok pager lapangan golf. Ora bisa
diselaki yen panggonan-panggonan ngono kuwi bisa nekakna dhuwit yen digarap
dening investor. Kompleks sandhinge panggonane Pak Wiryo wis digusur arep
kanggo ngambakna lapangan golf. Wong-wong diwenehi ganti rugi sak cukupe
(jenenge wae ganti rugi, mesti ya sak cukupe). Coba yen jenenge diganti 'ganti
untung'. Mula akeh wong-wong kampung kana sing ora sarujuk karo pembebasan
tanah kuwi.
"Krungu-krungu
jare lapangan golf arep diambakna Pak?" Pak Wiryo mung mesem krungu
pitakonku, sajake wis ngerti apa karepku. Aku mbacutake takon maneh.
"Lah
yen lapangane diambakna, terus kampunge sampeyan digusur piye Pak?"
"Nggih
kersane napa ingkang kedadosan mangke, Mas. Digusur nggih pindah, wong pancen
mboten gadhahane."
Pak
Wiryo terus ngladeni wong tuku. Aku mangan puthu sing mung kari siji ning
tanganku. Aku gumun dene Pak Wiryo yen ngomong karo aku nganggo basa alus.
Mangka Pak Wiryo umure ora beda adoh saka bapakku Nalika aku pisanan tuku puthu
banjur dadi langganan, Pak Wiryo malah rikuh aku ngomong nganggo basa alus.
Karepku mono ngajeni wong tuwa, kaya sing diajarake bapakku, yen aku kudu
ngajeni wong sing umure luwih tuwa, sapa wae kuwi.
"Panjenengan
niku lho Mas, wong priyayi ageng kok ndadak basa lho kalih kula."
Oalah,
donya kuwi jebule pancen isih mbedakna drajat, pangkat lan donya. Mula saka
kuwi aku duwe panemu yen aku klebu wong begja. Lair ning kluwarga sing ana lan
bisa ngrasakna kamukten urip. Sanajan ora nganti sugih mblegedhu, nanging
sakora-orane yen kepengin apa-apa bisa keturutan.
Nanging
wong sing kaya Pak Wiryo, menawa biyen bisa milih, mesti ora kepengin lair neng
donya dadi wong sing kudu nyambung urip kanthi rekasa. Kaya-kaya kasunyatan
kuwi gelem ora gelem kudu diadhepi.
Sejatine
miturut panemuku, mbuh kuwi bener mbuh ora, kasunyatan sing kaya ngana kuwi wis
digarisna dening sing Maha Kuwasa supaya urip ing donya bisa laras. Sing gedhe
nulung sing cilik, sing kuwat mbiyantu sing ora kuwat. Nanging kaya apa sing
kedadeyan? Ing jaman saiki sing dumadi, sing gedhe mangan sing cilik. Sing
kuwat ngidak-idak sing kesrakaat. Donya, pangkat lan drajat sing dadi ukuraning
urip.
Pak
Wiryo, lan wong-wong sing manggon ning mburi lapangan golf sing kudu minggir
amarga dianggep ora ana maneh nilai ekonomise kanggo pembangunan kutha. Nanging
wong kaya Pak Wiryo arep ngapa? Bisa apa? Ora ana sing dinggo ngomong sora
nalika ganti rugi sing ditampa kuwi, ajine ora sepiraa.
"Pak,
wong puthune sampeyan enak. Piye yen tak silihi modhal, terus gawe home
industri, puthune diwenehi cap terus didol nyang supermarket?"
"Wah,
mangke yen kula mboten ider mriki malih, njenengan kangelan ndadak pados puthu
teng supermarket," Pak Wiryo ngguyu latah-latah.
"Kula
ngaten mawon sampun rumaos cekap kok Mas. Sing penting saged damel urip lan
nyekolahke anak. Wong kula niku nggih mboten gadhah warisan napa-napa kangge
anak kula. Sak mboten-botene, nek kula dadi bakul puthu, anake kula nggih
sampun ngantos kados bapake."
Biyen
aku nate nawani Pak Wiryo, supaya anake nyambutgawe neng pabrik nggonku.
Kebeneran nalika kuwi unitku butuh karyawan anyar. Aku malah ngomong yen anake
mesti ditampa, awit sing nggawa aku. Ora usah gawe lamaran. Karepku nulung Pak
Wiryo, tinimbang anake nganggur.
"Golek
gaweyan saiki angel lho Pak."
"Wong
tiyange tesih sekolah kok Mas."
"Rak
wis lulus SMA ta?"
"Lha
nyuwun kuliah niku Mas. Ning, niki jarene mpun ajeng nulis napa... niku,
skripsi napa,... Duka napa jenenge. Pokoke mpun meh rampung...kantun setunggal
niku." Skripsi? Anake Pak Wiryo kuliah? Apa kuwat Pak Wiryo nguliahake
anake? Kuwi mung tak batin wae. Kuwatir yen Pak Wiryo mengko tersinggung.
Wis
meh rong minggu iki ora keprungu swara mbrenginging, saka grobag puthune Pak
Wiryo. Aku ora ngerti kena apa Pak Wiryo ora katon liwat ning dalan ngarep
omahku. Apa Pak Wiryo lara? Apa omahe digusur? Kaya ana sing kongkon, aku noleh
kiwa dalan.
Sore
kuwi aku nembe mulih saka kantor. Aku ngerem mobil ndadak. Ora maelu
kendaraan-kendaraan ning mburiku sing padha ngunekna klakson. Stir dak buwang
mengiwa menggok mlebu ning jurusan lapangan golf. Ning sawijining gang aku
mandeg. Kepeksa mudhun saka mobil awit dalane ora bisa diliwati mobil. Aku mlaku
saurute pager sisih njaba lapangan golf sing durung rampung digarap kuwi.
Aku
yakin, dalan kuwi sing saben dina diliwati Pak Wiryo. Nyawang mengarep.
Rodha-rodha traktor nggiles ngratakna lemah. Akeh wong nganggo helm kuning.
Ning panggonan liya, ora adoh saka kana, ana wong-wong padha nglumpukna
kayu-kayu tilas omah, seng lan barang-barang liyane sing isih bisa dienggo. Aku
ora ngerti apa wong-owong kuwi sing duwe omah sing digusur apa mung pemulung
sing nggoleki barang-barang tilas. Sing tak ngerteni, kampung kuwi wis rata
karo lemah. Lan omahe Pak Wiryo mesti klebu salah sijine omah sing dadi
mangsane buldoser.
Srengenge
manglung mengulon. Alon-alon aku ninggalake papan panggonan kana. Perusahaanku
ya duwe buldoser kaya ngana kuwi.
Kelingan
karo Pak Wiryo, karo wong-wong sing mung bisa nyawang omahe diratakna karo
lemah. Wong-wong sing kalah dening ukeling jaman. Kalah karo panguwasane
dhuwit. Wong-wong sing kanggo tumbal modernisasi lan kapitalisme. Apa kemajuwan
jaman kudu mesti ana sing dikurbanake? Aku kelingan, atasanku wingi uga
ngomong, yen sawah mburi pabrik duweke penduduk wis dibebaske arep dinggo
mbangun unit anyar.
Srengenge
mbranang ing langit sisih kulon. Manuk-manuk mulih menyang susuhe. Cagak-cagak
listrik, gedhung-gedhung tingkat njenggereng mandeng langit. Layangane
bocah-bocah cilik jogedan sajak ngece. Sore kuwi, kaya biasane aku ngadeg neng
ngarep omah. Nanging wis ora ana maneh swarane mbrenginging saka grobage Pak
Wiryo. Wingi aku krungu kabar yen Pak Wiryo digawa anake menyang Batam. Anak
sing nate tak tawani gaweyan biyen, wis lulus kuliah. Cumclaude! Dheweke
dijaluk sawijining perusahaan Singapura ing Batam. Aku kelingan marang apa sing
nate diomongna Pak Wiryo: "Yen nyawane kula tesih kanthil teng raga Mas,
kula dereng kalah...."(*)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar