Sabtu, 12 Juli 2014

Santanu



Hana sira ratu Sang Mahābhīma ngaran ira, ratu sūnyawangśa.
Ana panjenengane ratu sang Mahabima asmane, ratu wangsasunya.
Sira ta magawe aśwamedhayajña, lāwan rajasūya sātus; phala ning yajña nira mulih sireng swargaloka.
Panjenengane nindake sesaji Asmaweda, lan rajasunya satus; wohing sesajine panjenengane kandur wonten surga.
Pira kunang lawas nireng swarga, manangkil ta sire Bhaṭāra Brahmā mwang sang dewatā kabeh paḍa manangkil.
Pira suene ana ing swarga, panjenengane ngadhep marang Bathara Brahma lan Dewata kabeh pada ngadhep.
Milu ta Dewī Ganggā manangkil. Kahaḍang pwa tapih nira kasingkab de ning hangin.
Dewi Gangga melu ngadhep. Tapihe kasempyok kasingkat dening angin.
Tumungkul sahana ni sang dewatā haneriya tanahyun tuminghala.
Saananing dewata ana ing kana ndingkluk ora kepengin ndelok.
Kunang Sang Mahābhīma sira tuminghal. Agělěng ta Bhaṭāra Brahmā mulati sira.
Dene sang Mahabima panjenengane mriksani Bathara Brahma duka mriksani panjenengane
Śināpa nira ta mangjanmā mānuṣa, makastrī Sang Ganggā, apan tan yogya prawṛtti ning dewatā mangkana.
Panjenengane disotake dadi manungsa, nggarwa Sang Gangga, sebab ora pantes tumindake dhewata mangkana.
Manastāpa Dewī Ganggā, an kěna śāpa de Bhaṭāra Brahmā.
Dewi Gangga prihatin, sebab kena sote Bathara brahma.
Tumurun ta Dewī Ganggā sangkeng swarga.
Dewi Gangga mudun marang swarga.
Kawit kapanggih Sang Aṣṭabasu de nira, kěna śāpa de Bhagawān Wasiṣṭha niṣṭarūpa hilang kadewatān ira.
Wiwitan panjenengane ketemu Sang Astabasu. Kena sote bengawan wasista rupane elek ilang kadewatane.
Matakwan ta Dewī Ganggā, ling nira:
Dewi Gangga takon, kandhane:
“Kamung Hyang Aṣṭabasu, kadi prihati gatinta.
Kowe astabasu, kaya sedhih kahananmu. Apa laramu nganti rusak awakmu?
Aparan laranta rūkṣāwayawa?”

Paḍa sumahur Sang Aṣṭabasu hetu ning lara, ling nira:
Sang Astabasu pada sumaur jalarane lara, tembunge:
“Hana sira Ṛṣi Wasiṣṭha ngaran ira.
Ana panjenengane Rsi Wasista asmane.
Sira ta makalěmbu i Sang Nandinī.
Panjenengane kagungan sapi jenenge Nandini.
Inalap mami tekang lěmbu.
Sapi kui ta colong
Agělěng ta sira, śumāpa nghulun dadya manūṣa.”
Panjenengane duka, ngesotake aku supaya aku dadi manungsa.
Mangkana ling Sang Aṣṭabasu.
Mangkana wangsulana Astabasu.
Muwah mojar Dewī Ganggā:
Dewi Gangga ngendika maneh:
“Sang Mahābhīma śināpa Bhaṭāra Brahmā mangjanmā manūṣya, kangkěn putra de Mahārāja Pratīpa sira.
sang Mahabima disotake Bathara Brahma supaya njelma dadi manungsa, panjenengane dipek putra dening Maharaja Pratipa.
Sira makastrī kami dlaha.
Panjenengane nggarwa aku besuke.
Yan kita kěna śāpa dadi manūṣa Sang Aṣṭabasu, t’asyasih t’angjanma kita ri kami, marapwan tan alawas dadi janma.
Yen koe kena sote dadi manungsa, Sang Astabasu, kowe welasa njelmaa marang aku, supaya ora suwe dadi manungsa.
Kunang deya ning upāya mami, asing solah ni nghulun tan pihěrana de ning swāmi.
Dene anggonku ngupaya kabeh tumindakku ora kene dipenggak dening bojo.
Yapwan pihěranya, ngkana tāku tuminggalakna mulih nghulun mareng swarga, apan paminta ni ngwang antaśāpa ri bhaṭāra, tělas maputra wwalung siki muliheng swarga.”
Yen nganti dipenging nang kana aku bakal ninggalake mulih menyang swarga, sabab pamintaku anti sot marang Bathara, rampung duwe anak lan bakal balik menyang swarga.
Mojar Sang Aṣṭabasu: “Rahayu yan mangkana, nghulun mangjanmā ri kita ike sānak mami wwalung siki.
Sang Astabasu ngendika; slamet yen mangkana, aku bakal njelma lumatan kowe iku sadulurku cacahe ana 8.
Kunang deyanta hilyakna janma mami yan mahu mětu, abalangakneng Ganggā. Yatanyan tan alawasa nghulun mangjanmā. Kunang Sang Prabhāta malawas angjanmā, apan agöng doṣanya sangkeng doṣa mami.”
Caramu kelekna manungsa yen metu, uncalna menyang kali Gangga. Sebab kuwi ora bakal suwe aku njelma sebab dosane luwih gedhe saka dosaku.
Mangkana ling ning sānak ira ikang pitung siki.
Mangkana kandhane sang anak sing ana pitu.
Mangkana Dewī Ganggā sirāmituhu pawěkas Sang Aṣṭabasu.
Mangkana Dewi Gangga manut piwelinge Sang Astabasu.
Pira kunang wistāra ning kālanya, tucapa ta Mahārāja Pratīpa, sang ratu ri Hāstinapura.
Sapira suwene, kacarita Maharaja Pratipa, Ratu ing Praja Astina.
Sira ta magawe tapa ri tīra ning Ganggā majalagamana sira.
Panjenengane nindakake tapa ing pinggire kali Gangga.
Makěm sira sore, ring prabhātakāla měntas, muwah-muwah sira mangkana.
Panjenengane kungkum ing wektu sore, mentas ing wayah isuk, saben saben panjenengane mangkana.

Nāngkěn soma sira nirāhāra. Ḍatěng ta Dewī Ganggā, mangisapu (maN-kisapu) ri pupu sumāntwa (um-santwa) ri sang prabhu, ling nira:
Saben senen panjenengane pasa. Dewi Gangga teka, lungguh ing pupu matur kanthi alus marang sang Prabu, tembunge:

“He Kuruśreṣṭha, Mahārāja Pratīpa. Nghulun hyang ning nadī, ka+akarṣaṇa de ning brata-nta. Mogha-ng-ku+a-hyun i kita, matang yan kami ḍatěng mangke, sumewā (um-sewa+a) haji don i nghulun.”
Dewī Ganggātyanta (Ganggā+atyanta) dibya ning rūpanta (rūpa-nta)  Salwir ing koněng-oněng hane śarīrantāwayawanta kabeh (Sa-lwir) (ka+o/uněng-oněng) (hana+i) (śarīra-nta+awayawa-nta). Anghing ndātan panuwuhakěn rāga ni nghulun. (paN-tuwuh-akěn). Kadi panon (paN-ton) ing bapa ring anak, mangkana manah-ku (um-ton) ri kita, těkwan ikang dakṣinoru, (unggu+an) ing anak makisapwan (ma-kisapu+an) tatwa nikā ring bapanya. Kunang ikang bāmoru pupu (kiwa+an). ya nggwan ing strī makisapwan ing lakinira. Těngěn pwa yonggwānta (ya+unggu+an-ta), matang yan (mantu+a) ni nghulun kita, ya pānak (pa+anak) mami dlāha.”
“E tetungguling wangsa Kuru, Maharaja Pratipa. Aku déwaning kali, ketarik déning tapamu. Dumadakan aku kepéngin marang panjenengan, mulané aku teka saiki, arep suwita (ngabdi) marang panjenengan tujuanku.
   “Dewi Gangga banget ngédab-édabi wujudmu. Sakabèhé sing nengsemaké ana ing saranduning awakmu. Nanging ora nuwuhaké napsuku, kaya panyawangé bapak marang anak, mangkana atiku nyawang marang kowé, apa manèh pupu tengen kuwi, sejatiné enggoné anak pangkon karo bapaké. Déné pupu kiwa kuwi, enggoné wong wadon pangkon karo bojoné. Manggonmu ana ing tengen, mulané kowé bakal (dadi) mantuku, dhèwèké anakku bésuk.



Mangkana ling Mahārāja Pratīpa.  Antarlīna ta Dewī Ganggā.   
Mangkono ngendikané Maharaja Pratipa. Dèwi Gangga ngilang.


Huwus Mahārāja Pratīpa magawe (ma-gawe) tapa, mulih (um-ulih) ta sira ring kaḍatwan (ka-ḍatu+an).
Sakwisé Maharaja Pratipa nindakaké tapa, panjenengané kondur menyang kraton.

Amětěng (aN-wětěng) ta strī nira Sang Sunanda ngaran (ng-aran) ira.
Garwané sing asmané Sang Sunanda ngandhut/mbobot/ nggarbini.


Mangjanma (maN-janma) ta Sang Mahābhīma ri sira, sang śināpa (in-sāpa) de Bhaṭara Brahmā ngūni.
SM, sing disotaké déning BB biyèn, nitis marang panjenengané.

Sěḍěng śānta pwa sang prabhu, makānak (maka+anak) i sira, inaranan (in-aran-an) ta Sang Śāntanu, lituhayu paripūrṇa, tan hana (ka-kurang) (nira+ing) lakṣana (sarwa+astra-kusala), wihikan ing (sarwa+a-yudha).
Sang Prabu lagi sabar, panjenengané kagungan putra, diparingi asma Sang Santanu, bagus banget, ora ana kekurangané ing tandha sakabèhé ilmu manah, ngerti ing sakabèhé gelar/ strategi perang.



Těka pwa ng kayowanan (ka-yowana-ěn) ira, (in-abhiṣeka) ta sira ratu (um-silih) i (karakṣaka-ěn) ing rat.
Tumeka/tekan ing kadiwasané, panjenengané diwisuda dadi ratu nggentèni njaga donya.

Mahārāja Pratīpa lumaku (um-laku) wanawāsa sira.
Maharaja Pratipa tindak menyang pertapan ing alas.

Tucapa ta Mahārāja Śāntanu, sira ta mṛgayācila, (ma-buru-buru) (ri+alas) nira ri pinggir ing Ganggānadī (Ganggā-nadī), tinūt (in-tūt) nira mingruhur, ekākī, tunggal-tunggal sira tan parowang (pa-rowang); adoh ulih nira lumaku (um-laku) (ka-panggih) ta Dewī Ganggā, sangkěp ing bhūṣaṇa, sāksāt Sang Hyang Śrī manurun (maN-turun).
Kocapa Maharaja Santanu, panjenengané kangen/kepéngin beburu, beburu menyang alas ing pinggiring Kali Gangga, diturut mandhuwur, dhèwèkan, ijèn tanpa kanca; adoh olèhé tindak, ketemu karo DG, busanané ganep, sasat/kaya SHS tumurun.



Ka-puh-an ta Sang Śāntanu tumon (um-ton) Dewī Ganggā.
Sang Santanu kesengsem mirsani Dewi Gangga.

Mojar (ma+ujar) ta sira:
Panjenengané ngendika:

“Ibu sang ahayu, sang konang-onang (ka+onang-onang) jaghananta (jaghana-nta) sang paripūrṇa gěmuh ing (stana-dwaya-nta).
“Ibu sing ayu, sing bokongmu nengsemaké, sing weweg sampurna payudaramu loro.



Aparan ta karowanganta (ka-rowang-an-ta).
Sapa kancamu?


Sangapa (maka-putri) kita?
Sapa (sing peputra kowé) wong tuwamu?

Apa kārya-nta ka-panggih irikang Ganggā-nadī-tīra.
Apa gawéanmu (kok) ketemu ana pinggiring Kali Gangga?

Nghulun mogha kāma tibrā (tibra+a) ma-hyun iri kita.”
Aku dumadakan tresna banget kepéngin marang kowé.”

Sumahur (um-sahur) Dewī Ganggā:
Dewi Gangga mangsuli:


“Nghulun tinañān (in-taña+an) Śrī Mahārāja, sugyan kita tan wruh (iri+aku) mangke: nghulun jāhnawī ngaranku (ng-aran-ku), sumanggrahā (um-sanggraha+a) ri naranātha don mami.
“Aku didangu Sri Maharaja, mbokmenawa panjenengan ora pirsa marang aku saiki: aku Jahnawi jenengku, arep ngladeni/ngabdi marang sang prabu tujuanku.





Bapatāhyun (bapa-ta+a-hyun) sira mamantwa (ma-mantu+a) rikāna ling nire (nira+i) nghulun ngūni kāla nirān (nira+an) pagawe (pa-gawe) tapa ri tīra ni nghulun.
Bapak panjenengan kepéngin arep mantu, biyen/ing kana ngendikane marang aku rikala nindakake tapa ing pinggirku.





Ya ta dumeh ni ngwang anurun (aN-turun) mara ngke, a-kurěn lāwan kita nghulun.
Kuwi jalarane aku mudhun mrene, aku palakrama/kawin karo panjenengan.


Kuněng samayangku (samaya-ng-ku) lāwan kita haywa ta nghulun wineh (in-weh) ujar tan-yogya mwang tan uhutaneng (uhut-ana+ing) sarwa-kārya.
Déné janjiku karo panjenengan, aku aja diparingi tembung sing ora pantes lan aja dipenging ing sakabèhing tumindak.

Yapwan siněngkěran (in-sěngkěr-an) ing śabda tan panūt (paN-tūt) sa-ka-hyun-an-i nghulun, niyata tinggalaknangku (tinggal-akěn-a-ng-ku) kita.”
Yèn diwatesi ing tembung ora manut kabeh kekarepanku, mesthi panjenengan bakal taktinggalaké.

Mangkana ling Sang Ganggā.
Mangkono tembunge/wangsulane SG

Mulih (um-ulih) ta Mahārāja Śāntanu saha Dewī Ganggā, winawa (in-wawa) nira mañjing (um-anjing) i dalěm ka-ḍatu+an.
Maharaja Santanu kondur karo DG, diasta mlebu menyang kraton.

Akurěn ta sira.
Panjenengané krama

Kalunghā (ka-lunghā) tang lek lāwan tahun, tan kawruhan (ka-wruh-an) wilang nikā, makanimitta ng suka nira de mahārāja silih asih mwang Dewī Ganggā, warěg ing sanggama, mangjanma (maN-janma) ta Sang Aṣṭabasu ri sira, māngkin tahun sira mānak (ma+anak), ndātan iningu (in-ingu) nira, inabalangakěn (in-abalang-aken)ira ring lwah juga, pitu kweh Sang Aṣṭabasu huwus mangjanma ri sira, Sang Dhara, Sang Dhruwa, Sang Soma, Sang Āpah, Sang Anila, Sang Anala, Sang Pratyangga.
Sasi lan taun wis klakon/kawuri, ora kawruhan etunge/petunge, sebab saka senenge maharaja silih asih karo DG, wareg/tutug ing sanggama, Sang Astabasu nitis marang panjenengane, saben tahun panjenengane babaran, ora diopeni, diuncalake menyang kali, pitu akehe Sang Astabasu wis nitis marang panjenengane, SaDha, Sdhru, SS, SA, SAn, SAn, SPr.

Nāhan tang Aṣṭabasu-janma tělas binuñcang (in-buncang) ing lwah nangkěn tahun, hěnti ning rare pitu tinibākěn (in-tiba+akěn) ing Ganggānadī (Ganggā-nadī), mangjanma ta Sang Prabhāta, wungsu Sang Aṣṭabasu.
Mangkono titisane Astabasu entek diguwang/buwang/bu-wak/guwak ing kali saben taun, rampung bocah pitu dibuwang ing kali gangga, Sang Prbt nitis, ragile SA.


Mojar ta Mahārāja Śāntanu ri Sang Ganggā:
Maharaja Santanu ngendika marang SG

“Sang Ganggā. Akweh dahat anakta (anak-ta), tinibākěn ing lwah juga kabeh.
“Sang Gangga. Akeh banget anakmu, diguwang ing kali kabeh.

Mahāpāpa (mahā-pāpa) těměn prawṛttinta (prawṛtti-nta).
Nistha temen tumindakmu.

Tan huwus nike ulahta (ulah-ta), mamāti (maN-pati) rare.”
Ora uwis tumindakmu,
mateni anak.”

Mangkana ling Mahārāja Śāntanu.
Mangkono ngendikane Maharaja Santanu

Sumahur Dewī Ganggā: “Hana ta samaya mami ngūni lāwan Mahārāja Śāntanu, tan uhutana (uhut-ana) kami ring sarwabyāpāra (sarwa-byāpāra).
Dewi Gangga semaur/mangsuli:
“Ana janjiku biyen karo Maharaja Sentanu, ora menging aku ing sabarang tumindak.

Mohut (ma+uhut) pwa kita mangke, aryakna  (ari+akěn-a) mangke.
Melaranglah engkau sekarang, akan menghentikan(ku) sekarang.
Saiki panjenengan nglarang, ngendhegake/menggak.


Kunang hetungkwanghabalangakěn (hetu-ng-ku+aN-habalang-akěn) ing rare, nihan prastāwanya (prastāwa-n-ya), ndak pacaritākěn (pa-carita+akěn) kita mangke:
Dene sebabe aku nyemplungake anak,
mangkene jalarane, arep dakcritakake marang panjenengan saiki:
Adapun sebabku menghanyutkan anak, demikian sebabnya, akan diceritakan (kepada)mu sekarang:

Hana ta Sang Aṣṭabasu ngaran (ng-aran) ira, dewatānak (dewatā+anak) Sang Hyang Dharma, pa-tunggal-an i ngaran ira: Sang Dhara, Sang Dhruwa, Sang Soma, Sang Āpah, Sang Anila, Sang Anala, Sang Pratyangga, Sang Prabhāta.
Ana Sang Astabasu asmane, dewa putrane SH Dharma,
siji-sijine asmane:
Adalah SA namanya, dewata putra SH, masing-masing namanya:

Sira maka-strī Sang Dyoh. Dia (mereka) beristerikan SD
Penjenengane nggarwa Sang Dyoh

Hana ta sira ṛṣi mahāśakti, Bhagawān Wasiṣṭha ngaran ira.
Ana resi mahasekti, BW asmane
Adalah dia resi (yang) sangat sakti, BW namanya.

Sira ta ma-dṛwya lěmbu Sang Nandinī ng-aran-ya, suruh-an ira sangke (sangka+i) Sang Hyang Iśwara.
Panjenengane kagungan sapi Sang Nandini jenenge, ayahanipun saking SH Iswara.
Dia (lah) memiliki lembu SN namanya, suruhan(nya) dari SHI.

Ka+ātiśaya, nikang lěmbu amětwakěn (aN-wětu+akěn) sa-kaharěp yan hana wwang anginum (aN-inum) susunya, tan keneng (kena+ing) tuha.
Kaluwihane, sapi kuwi ngetokake kekarepan yen ana wong ngombe susune, ora dadi tuwa.
Keistimewaannya, itu lembu mengeluarkan sekehenda kalau ada orang meminum susunya, tidak terkena tua.

Hinga ning hurip ing anginum susunya sapuluh iwu tahun.
Watese urip yen ngombe susune sepuluh ewu taun.
Batas (dari) hidup yang meminum susunya sepuluh ribu tahun.

Ya tikā kahyun (ka-hyun) Sang Dyoh.
Yakuwi (sing) dikarepake Sang Dyoh
Ya itu (yang) dikehendaki SD.

Mojar ta sire (sira+i) Sang Prabhātā.
Dheweke ngomong marang S Prabhata.
Berkatalah ia kepada SP.

“He swāmi, tasyasih ta kita ri kami.
“Suamiku, berkasihanlah engkau kepadaku.
“Kangmas, welasa panjenengan marang aku.

Alap lěmbu Sang Ṛṣi Wasiṣṭha.
Colongen sapine SRW
Ambillah (Curilah) lembu SRW.

Pa-kěna-nya de ni nghulun, hana mitra mami ring manusaloka, rājaputrī anak Mahārāja Uśīnara, Sang Jiwatī ngaran ira.
Gunane kanggo/tumrap aku, ana kancaku ing donyaning manungsa, rajaputri putrane MU, Sang Jiwati jenenge.
Guna(nya) untukku, ada temanku di dunia manusia, putri raja putra MU, SJ namanya.

Ya ta pa-weh-a ni nghulun manginum susunya, marapwan tan katěkāna (ka-těka+an-a) jarā, maran a-pagěh dengkwamitra (de-ng-ku+a-mitra) lāwan rasikā.
Dheweke arep takwenehi (supaya) ngombe susune, supaya ora tumeka ing pati, satemah tetep anggonku memitran/kekancan karo dheweke.
Itulah akan diberikan olehku meminum susunya, agar tidak akan sampai mati, sehingga tetaplah pertemananku dengannya.

Mangkana ling Sang Dyoh, sangke sih nira ma-priyā, lumāmpah ta Sang Prabhātā sumyang (um-syang) i wwang sa+anak-n-ya kabeh, in-alah nira tang Nandinī.
Mangkono tembunge SD, saka asihe minangka bojo, SP mangkat ngajak sadulure kabeh, N dikalahake.
Demikian kata SD, karena cintanya sebagai suami, berjalanlah (memintalah) SP mengajak kepada saudaranya semua, dikalahkannyalah itu N.

Wruh pwa Bhagawān Wasiṣṭha, śināpa nira Sang Aṣṭabasu, mangjanmā (maN-janma+a) ring mānuṣa, apan tan solah (sa+ulah) ning dewatā solah nira.
BW pirsa, SA disotake, supaya nitis marang manungsa, sabab tumindake kuwi dudu tumindake dewata.
Tahulah BW, dikutuknya SA, supaya menjelma menjadi manusia, sebab bukan tindakan dewata tindakannya.

Mapintakasih (ma-pinta-kasih) ta sira tan malawasa (ma-lawas-a) dadi manusya.
Panjenengane nyuwun kawelasan supaya ora suwe dadi manungsa.
Minta belas kasihlah ia agar tidak lama menjadi manusia.

Mojar ta Bhagawān Wasiṣṭha:
BW ngendika:
Berkatalah BW

“Kita pitung siki tan malawas (ma-lawas) janmanta (janma-nta), apan tan mukya ning dosa.
“Kowe pitu cacahe ora suwe anggonmu dadi manungsa, sebab dudu sing marahi dosa.
“Engkau bertujuh tidak lama manusiamu sebab bukan pimpinan (pemulai/yang mengajak) dosa.

Kunang ikā Sang Prabhātā, yeku (ya+iku) mukyanya (mukya-n-ya) apan tumūtakěn (um-tūt-akěn) ujar ni strīnya (strī-n-ya).
Dene SP kuwi, yaiku sing marahi dosa sabab ngetutake ujare bojone
Adapun itu SP, yaitu pemimpinnya sebab mengikuti kata isterinya.

Tātan pastrī (pa-strī) dlāha magěhakna (um-pagěh-akěn-a) dharma sang watěk Kuru, gumawayakna (um-gawe-akěn-a) sa-ka-hyun sang bapa.”
Ora duwe bojo besuke, netepake/ngantepi tugase wangsa Kuru, nindakake sakkersane bapak.”
Tidak bersiteri besok, membantu menguati tugas wangsa Kuru, akan melaksanakan sekehndak ayahnya.




Mangkana ling Sang Wasiṣṭha.
Mangkono ngendikane SW. Demikian kata SW.

Ri huwus Sang Aṣṭabasu mulih ring swarga tumurun ta Sang Prabhātā mangjanma.
Sakwise SA kondur menyang swarga, SP tumurun nitis.
Sesudah SA kembali ke surga, turunlah SP menjelma.

Yeki (ya+iki) winětěngakěn (in-wětěng-akěn) i nghulun mangke.
Yaiki sing takkandhut saiki.
Ya ini dikandung olehku sekarang.

Kunang ring hělěm yang (ya-ng) mijil (um-wijil) tan ilu ya hinilyakěnku (in-hili+akěn-ku) ring bañu gumawayakna kahyun ta dlāha.”
Déné ing bésuk dhèwèké lair ora mèlu takkèlèkaké ing banyu, bakal nindakaké kersa penjenengan bésuk.”
Adapun di kemudian hari ia lahir tidak ikut ia dihanyutkanku di air akan melaksanakan kehendakmu kelak.

Mangkana ling Dewī Ganggā. Antarlīna ta sira mulih mareng nadī Ganggā muwah.
Mangkono ature DG. Panjenengane ngilang kondur menyang kali Gangga maneh.
Demikian kata DG. Gaiblah ia pulang ke Sungai Gangga lagi.

Kawěkasta (ka-wěkas-ta) Mahārāja Śāntanu prihati ri patinggal (pa-tinggal) Dewī Ganggā, tan wring deya nira kāngkěn ing dewī nira.
Kari MS prihatin sakwisé ditinggal DG, ora pirsa carané (mikir) garwané.
Tinggallah MS sedih sepeninggal DG, tidak tahu cara pikir isterinya.

Mulih ta sireng kaḍatwan, tathāpi tan lupa de nira (um-rakṣa) ikang rāt.
Pulanglah ia ke kerajaan, tetapi tidak lupa (tugasnya) menjaga dunia.
Panjenengané kondur menyang kraton, nanging ora lali anggoné rumeksa/njaga jagad.

Swastha ta ng bhuwana de nira, ika pwatutur i dharmanya sowang-sowang.
Tenteramlah dunia olehnya, itulah melaksanakan kewajibannya masing-masing.
Donya tentrem déning panjenengané, kuwi (marga) nindakaké kewajibané dhéwé-dhéwé.

Tigang puluh něm tahun lawas nira tan pastrī, kewala gumawayakěn karākṣan (ka-rākṣa-ěn) ing jagat juga sira.
36 th lamanya tanpa istri, hanya melaksanakan penjagaan dunia saja ia.
Telung puluh enem taun lawasé ora kagungan garwa, (panjenengané) mung nindakaké ngreksa jagad.

Muwah ta sira buru-buru ring alas, těpi nikang Jāhnawī. Katon tekang (ta+ikang) Ganggā kṣaya toya-n-ya, alit hilīnya ta kadi göng-n-ya+ing lagi.
Lagilah ia berburu ke hutan, (di) tepi sungai Jahnawi. Terlihatlah itu (sungai) Gangga sedikit airnya, kecil alirannyalah tidak besar seperti dulu.
Panjenengané beburu manèh menyang alas, (ing) pinggiring kali Jahnawi. Kali Gangga katon rusak (rècèk-rècèk/asat) banyuné, cilik iliné ora gedhé kaya biyèné.­

Sandeha ta manah nira, tinūt nira ta hulu nikang lwah.
Khawatirlah hatinya, diikutinya hulu itu sungai.
Penggalihé kuwatir, uloning (tuking) kali diturut (mendhuwur).

Katon ikang rare mangaděg (maN-aděg) i těngah ning lwah, sahadhanunya (saha-dhanu-n-ya) mwang ara kumambang (um-kambang) ing wai, subadhā pagěh kadi in-ḍawuhan.
Katon bocah kuwi ngadeg nèng tengah kali, karo gendhéwané lan kayu kemambang ing banyu, kukuh kuwat  kaya dibendung.
Terlihat itu anak berdiri di tengahnya sungai, dengan busurnya dan kayu mengapung di air kuat sentosa seperti bendungan.

Ya dumeh ikang Ganggā tan aděrěs hilīnya.
Kuwi sebabé kali Gangga ora gedhé iliné.
Itu sebab(nya) itu Gangga tidak deras alirannya.

Kawěnang tāmběk nira mulat (um-ulat).
Heranlah hatinya melihat.
Penggalihé gumun mirsani.

Kṣana hilang tang (ta-ng) rare, parěng hilang mwang warayang-n-ya těka ning langkap ikā.
Dumadakan bocah kuwi ilang, bareng ilang karo panahé tekan gendhéwané.
Tiba-tiba hilanglah anak itu, bersamaan hilang dengan panahnya sampai dengan busur itu.

Kamatěnggěngěn (kamatěnggěng-ěn)  ta Mahārāja Śāntanu, mingětakěn (um-ingět-akěn) wěkas ring rare.
MS kamitenggengen,
mirsani tipak tilasé bocah kuwi.
Terpesona/bengong/tercenganglah MS melihat bekasnya anak (itu).

Tadanantara ḍatěng ta Dewī Ganggā tumuntuni (um-tuntun-i) putra nira, mājar (ma+ajar)i Mahārāja Śāntanu:
Ora antara suwé DG rawuh nuntun putrané,
matur marang MS:
tak lama kemudian datanglah DG menggandeng anaknya, berkata kepada MS:

Kita Mahārāja Śāntanu.
“Penjenengan MS
Kau MS

Ikang rare, mangabyāsa (maN-abyāsa) dhanur-weda-śāstra, anakta lāwan nghulun iki, ikang hana dalěm wětěngku ngūni, nduk sěḍěng tuminggalakěn kita, si Dewabrata ng-aran-ya de ni nghulun, atyanta prajña nikā, wineh (in-weh) ni nghulun mangajya (maN-ajya) weḍaśāstra ri Bhagawān Rāma Paraśu.
Bocah kuwi, sinau ilmu manah, putra panjenengan klawan aku, sing ana jero wetengku biyèn, dhèk lagi ninggalaké panjenengan, Déwabrata jenengé déning aku (takjenengké Dewabrata), banget pintere kuwi, takkongkon sinau ilmu wedha marang BRP.
Itu anak, belajar memanah, anakmu dengan aku ini, yang ada dalam kandunganku, ketika sedang meninggalkan engkau, si DB namanya, sangat pandai itu, diberi oleh saya (supaya) belajar ilmu weda kepada BRP.

Ya tikā tělas ka+abyāsa-n-ya.
Yaitu selesai belajarnya.
Yakuwi rampung pasinaoné.

Ike magawe ka-hěrět-an ikang lwah.
Ini membuat berhentinya itu sungai.
Kuwi agawé mandhegé (mambeg) kali.

Tālap (ta+alap). Tulihakěn kaḍatwan.
Ambillah. Pulangkan (ke) kerajaan.
Mangga penjenengan pundhut. Penjenengan asta (ulihaké) menyang kraton.

Mangkana ling Dewī Ganggā; suka tāmběk Mahārāja Śāntanu.
Demikian kata DG; senanglah hati MS.
Mangkana aturé DG; MS rena penggalihé.

Inalap (in-alap) nira ta Sang Dewabrata, mulih ta sireng kaḍatwan, majarakěn (um-ajar-akěn) ikang Dewabrata ring rāt kabeh, an prasiddhānak (prasiddha+anak) nira lāwan Dewī Ganggā.
Dibawanyalah SD, pulang ia ke kerajaan, mewartakan itu DB ke dunia semua, bahwa sungguh anaknya dengan DG.
SDB diasta, panjenengané kondur menyang kraton, martakaké DB kuwi marang saindenging donya, yèn temen/pancèn anaké karo DG.

Patara tahun lawas Sang Dewabrata tamolah (tan- ma+ulah) i sira bapa.
Beberapa tahun lama(nya) SDB berdiam pada ayahnya.
Sawetara taun lawasé SDB manggon karo bapaké.

Atyanta sih śri mahārāja ma-putra ri sira.
Sangat kasih(lah) sri maharaja berputera(kan) dia.
Sri maharaja banget tresnané peputra dhèwèké.

Kathañcana maměng-aměng ta Mahārāja Śāntanu mareng Yamunā.
Kebetulan bermainlah MS ke Yamuna.
Dilalah MS ameng-ameng menyang Yamuna.

Hangrěngö (aN-rěngö) wṛtta ning jana yan hana-gundha (gunda?) su-ganda kadi+ambö-ning sari ning śatapatra ka-tawan de ning mārūta, atyantottama (atyanta+uttama) wanginya sumök (um-sök) sumar (um-sar) těka hati.
Mendengar warta orang kalau ada bau mewangi seperti bau bunga satapatra terbawa oleh angin, sangat utama wanginya memenuhi menebar sampai (di) hati.
Mireng wartaning wong yèn ana ganda wangi kaya ambuning kembang satapatra kegawa angin, wangi banget ngebaki sumebar nganti tekan ati. R1,4

Sa-ḍatěng nireng Yamunā, tuhu ling nikang mawarah ri sira.
Sesampainya di Yamuna, nyata(lah) kata yang memberitahu kepadanya.
Satekané Yamuna, bener kandhané sing ngabari marang panjenengané.

Tinūt nira sangka nikang wangi.
Diikutinya asal itu (bau) wangi.
Asalé ganda wangi kuwi ditutaké. (diturut/digolèki)

Kapanggih ta sang Sayojanagandhī de nira.
Tertemuilah Sang Sayojanagandi olehnya.
SS ditemokaké déning panjenengané.

Sira ta makagandha mangkana.
Dialah yang berbau demikian.
Dhèwèké sing duwé ganda wangi kuwi.

Atěhěr paripūrṇa hayu ni rūpa nira.
Lagi pula sempurna cantik wajahnya.
Lan manèhé ayu banget praupané.

Sarāga ta Mahārāja Śāntanu tumon i sira.
Jatuh cintalah MS melihat kepadanya.
MS kasmaran mirsani dhèwèké.

Ma-hyun ta sira ri Sang Sugandhini.
Inginlah dia kepada SS.
Panjenengané kepéngin marang SS.

Tinañan (in-taña-ěn) ta sira de mahārāja, majar (um-ajar) ta sira yan Daśabalakanyā, wěka Sang Daśapāti.
Ditanyailah dia oleh maharaja, menjawab kalau gadis Dasabala, anak S Dasapati.
Dhèwèké didangu déning maharaja, matur yèn prawan Dasabala, putrané Sang Dasapati.

Tumuluy (um-tuluy) sira mare Sang Daśabala, ratu ning Diwara sira, sādhya sang prabhu ri Hāstina, mamělya (maN-wěli-a) ring rajata mwang kañcana ratna sira.
Lalu dia datang kepada S Dasabala, ratu Diwara dia, keinginan sang raja Hastina, akan membeli dengan perak dan emas permata (dia)

Panjenengané tumuli marani Sang Dasabala, ratuning Diwara, sedyané sang prabu Hastina, arep nuku nganggo pérak lan mas inten.

Ya ta panumbasan ire Sang Gandhawatī hiḍěp nira.
Itulah pembeliannya S Gandhawati pikirnya.
Penggalihé, kuwi minangka pitukoné Sgandhawati.

Mojar ta Sang Daśapāti ri haji:
Berkatalah SD kepadanya
Sang Dasapati matur marang panjenengané:

“Sajña śri mahārāja.
“Maaf Sri Maharaja
“Nyuwun pangapunten sang prabu/sinuwun.

Tan mās mani ka-harěp i nghulun panumbasa (paN-tumbas-a) sang nātha.
Bukan emas dan intan keinginanku sebagai pembelian sang raja.
Sanès mas inten kajeng kula minangka panumbasipun, sinuwun.

Kunang yan sang prabhumahyun i nghulun, kasatyan rahadyan sanghulun panumbasa haji, ndi ta ling patik haji ri sang ahulun Sang Gandhawatī sira ta dharmapatnya (dharmapatni+a) de sang nātha, anaknya sumiliha (um-silih-a) karatun (ka-ratu-ěn)haji ring dlāha.
Adapun kalau sang raja menginginkan saya, kesetiaanmu sebagai pembelianmu, manakah (adapun) kataku kepadamu Sang Gandawati dialah agar (menjadi) permaisuri oleh sang raja, anaknya akan menggantikan/memiliki kerajaanmu kelak.
Déné yèn sinuwun ngersakaken kula, kasetyan panjenengan minangka panumbasipun, déné atur kula dhateng panjenengan, Sang G sageda dados pramèswari dalem, anakipun badhé nglèngsèr keprabon dalem ing tembé.

Kuněng anak haji Sang Dewabrata tan sumiliha sira ring kaḍatwan, sanistanyan (sa-nistanya-ěn) prasiddhānak atuhā, yan manggā (mangga+a) mahārāja mangkana, wehakna (weh-akěn-a) ni nghulun ri haji Sang Gandhawatī.”
Déné putra dalem SDB boten badhé nggentosi keprabon dalem, sinaosa èstu putra sepuh, yèn sinuwun kersa makaten, Sang Gandawati badhé kula aturaken dhateng panjenengan.
Adapun anak tuan, SDB, tidak akan menggantikan sbg raja, walaupun sungguh anak yang tua, jika tuan bersedia demikian, akan diserahkan olehku kepada tuan SGW.

Mangkana ling Sang Daśabala.
Mangkono aturé S Dasabala.

Glāna ta Mahārāja Śāntanu de ning ujar Sang Daśapāti, apan prasiddha kasih nira ri Sang Dewabrata.
Gundahlah MS oleh ucapan Sdasapati, sebab sungguh kasihnya kepada Sdewabrata.
MS bingung déning aturé S Dasapati, sabab banget tresnané marang Sang Dewabrata.

In-abhimata nira Sang Dewabrata sumiliha ng kaḍatwan ira, tātan angga Sang Daśabalānak nira tukuněn ing apeni ratnakañcana.
Diinginkannya(lah) Sdewabrata akan menggantikan kerajaannya, tidak mau(lah) Sdasabala anaknya dibeli dengan emas intan permata.
Kersané, S Dewabrata bakal nggentèni kapraboné, (nanging) S Dasabala ora gelem anaké dituku nganggo mas inten rajabrana.

Mulih ta mahārāja, ndan tībra hyun ire Sang Gandhawatī.
Pulanglah maharaja, nah sangatlah inginnya kepada Sang Gandawati.
Maharaja kondur, (banjur) banget kepenginé marang Gandawati.

Tan hana hyun ireng strī len, tar kěneng pangan turū sira, māri (ma+ari) tuhagana ring dharma sira, aking-king wet ni lara nira.
Tidak ada keinginannya kepada wanita lain, tidak makan tidur dia, kebiasaannya berhenti akan tugasnya, kurus kering akibat sakitnya.
Ora (ana) duwé pepénginan marang wanita liya, ora klebon dhahar lan saré, anggoné nindakaké kuwajiban mandheg, kuru aking amarga gerahé.  R 1, 4

Wruh pwa Sang Dewabrata ri karaṇa niran prihati, lumampah ta sireniring (sira+in-iring) de ning mantrī mare Sang Daśapāti amalakwi (aN-palaku+i) Sang Gandhawatī warangěn ira lāwan sira bapa, atěhěr pinakadharmapatnya sang nātha.
SD ngerti marang sebabé prihatin, dhèwèké lunga/mlaku diiring déning mantri mara menyang SDP njaluk SGW supaya dikawin karo bapaké, lan manèhé minangka pramèswari.
Tahulah SDB akan sebabnya prihatin, berjalanlah ia diiring oleh mantri menuju ke SDP meminta SGW untuk diperisterikan oleh ayahnya, selanjutnya sebagai permaisuri raja.

Kuněng śabda Sang Daśabala, maděg (um-aděg) kadi ngūni.
Déné tembungé SD, tetep kaya wingi.

Mojar ta Sang Dewabrata:
SDB matur:

“Ike śabda ni nghulun Sang Daśabala tuhu-tuhu tan ujar ing lěñok.
“Ini perkataanku Sdasabala, sungguh bukan perkataan bohong.
“Iki tembungku Sang Dasabala, ujar temenan dudu ujar apus-apusan.

Anak Sang Gandhawatī juga ratwa, nghulun tan ratwa (ratu+a).”
Anaké SGW bakal dadi ratu, aku ora bakal dadi ratu.”
Putra SGW(lah) akan menjadi raja, aku tidak akan menjadi raja.”

Sumahur Sang Daśapatī:
SDP matur:

“Rahayu yan mangkana, yan tuhu-tuhu kita tan ratwa (ratu+a), ndan anak-ta hělěm ratwa kahyunta (ka-hyun-ta) Sang Dewabrata.”
“Bagus kalau begitu kalau sungguh-sungguh engkau tidak akan menjadi raja, lalu anakmu besok akan menjadi raja keinginanmu SDB.”
“Saé menawi makaten, yèn èstu panjenengan boten badhé dados ratu, lajeng kersa panjenengan putra panjenengan ing bénjang badhé dados ratu.

Mojar Sang Dewabrata muwah:
SDB matur manèh:

“Sang Daśabala. Pratijņa mami rěngönta: tan ikang kaḍatwan juga tinggalakna ni nghulun, ikang wiṣaya strī tinggalakna ya.
SDBl, sumpahku dengarkanlah; tidak hanya kerajaanlah yang akan kutinggalkan, itu keinginan terhadap wanita juga akan saya tinggalkan.
“SDbala. Rungokna sumpahku: ora mung kaprabon sing taktinggalaké, bab pepénginan marang wong wadon uga taktinggalaké.

Mangke tambayan i nghulun brahmacarya.
Sekarang permulaanku brahmacarya.
Saiki wiwitané aku brahmacarya/wadat.


Ring apan tāku dumadyaknāng (dumadi+aken+a+a-ng) anak?”
Sebab apa aku didadèkaké anak?
Untuk apa aku dilahirkan?


An-mangkana ling Sang Dewabrata, karěngö dewatā śabda de Sang Dewabrata:
Demikian kata Sang DewaB, terdengarlah suara dewa oleh SDB:
Mangkono tembungé Sang Dewabrata, (banjur) krungu sabdaning dewata dening Sang Dewabarata

Ling ning dewatā: “Bhīsma ngaranya katakut nikang kṣatriya ikang pratijña, apan tan hana kṣatriyā tinggala kaḍatwan.”
Sabda dewa: “Bisma namanya, menakutkanlah itu kesatriya yang bersumpah (demikian), sebab tidak ada kesatriya akan meninggalkan kerajaan.”
Sabdaning déwata: “Bisma jenengé (marga) satriya kang sumpah kaya mangkono kuwi medèni, sebab ora ana satriya sing ninggalaké kraton.”

Mangkana ling ning dewaśabda, matang yan Sang Bhīsma ngaran Sang Dewabrata wěkasan.
Mangkono sabdaning dewa, mula wekasané Sang Dewabrata diarani Sang Bhisma
Demikian sabda dewa, maka Sang Bismalah nama SDB akhirnya.

Winehakěn ta Sang Gandhawatī de Sang Daśapatī.
Diberikanlah SGW oleh SDP.
Sang gandhawati dicaosaké déning Sang Dasapati

Mulih ta Sang Bhīsma maněmbahi sang bapa, mājarakěn i těka Sang Gandhawatī de nira.
Pulanglah SBisma menyembah ayahnya, mengabarkan kedatangan SGW olehnya.
Sang Bisma mulih, nyembah marang bapaké, ngaturi pirsa tekané Sang Gandawati déning panjenegané

Suka ta sira bapa ri ḍatěng Sang Gandhawatī.
Senanglah ayahnya akan kedatangan SGW.
Ramané rena marga tekané Sang Gandhawati


Ka-pūh-an ta sang bapa de ni ka-jitendriya-ěn ira.
Terkalahkanlah sang ayah oleh hawa nafsunya.
Bapaké kasmaran déning kuwating nafsuné

Sangka ri göng ni prabhāwa nira, sih sang bapa ri sira, winehakěn ira ta sang hyang aji Swanccanandamarana, aji wěnang panghěrět hurip mwang pamangsila kārana ning enggal paratra.
Karena besar pengaruhnya, cinta ayahnya kepadanya, diberikanlah ajian Sw, ajian yang mampu menghentikan hidup dan mempercepat kepada kematian.
Saka gedhéné prabawawing tresnané bapaké marang panjenengané, aji Swanccanandamarana diparingaké marang panjenengané, aji kang kuwawa ngendhegaké urip lan nyepetaké pati

Kuněng pakurěn Sang Śāntanu lāwan Sang Gandhawatī, mānak ta sira jalu rwang siki, atyanta ring paripūrṇa.
Lalu kawinlah SS dengan SGW, beranaklah dia laki-laki dua orang.
Dene Sang Santanu krama karo Sang Gandawati, peputra lanang loro, banget bagusé

Sang Citrānggada ngaran sang matuha.
Sang Citranggada jenengé sing tuwa

Kuněng ari nira Sang Citrawīrya ngaran ira.
Déné adhiné jenengé Sang Citrawirya

Sěḍěng yowana Sang Citrānggada Citrawīrya katěkan ta Mahārāja Śāntanu maraṇa, mulih ta sireng swarga muwah.
Ketika (sudah) dewasa SCG CW sampailah MS meninggal, kembalilah ia ke surga lagi.
Nalika Sang Citranggada lan Citrawirya diwasa, Maharajan Sentanu tumekan ing sedané/janjiné, panjenengané kondur menyang swarga manèh.

Rinatwakěn ta Sang Citrānggada de Sang Bhīsma.
Dijadikan rajalah SCG oleh S Bisma.
Sang Citranggada didadèkaké ratu déning Sang Bisma

Mituhu pakon Sang Gandhawatī.
Menuruti perintah Sang Gandhawati.
Manut dhawuhé Sang Gandawati





1 komentar: