Senin, 14 Juli 2014

Serat Sana Sunu

1.      Nahan warna kaping sapta kang winuwus,
kalamun sira abukti,
pribadi nèng wismanipun,
nganggoa lakuning ngèlmi,
manut Jeng Rasul kinaot.
2.      Pendhak tengah ari yèn dhahar Jeng Rasul,
pan ing sadina sawengi,
mung sapisan dhaharipun,
sarwi jegang yèn abukti,
tumungkul tan amiraos.
3.      Duk amuluk ing sekul sarwi anebut,
ing asmanira Hyang Widhi,
bismilah salajengipun,
mawi dungan pan utami,
lajeng dhaharé ing kono.
4.      Yèn wus dhahar tumenga lajeng anginum,
tigang cegukan tan luwih,
kang sacegukan anebut,
alkhamdulillah hirabil,
ngalamin sukur ing Manon.
5.      Ingkang kalih cegukan dènira nebut,
subekkannallah ping kalih,
maha sucekken Hyang Agung,
déné yen sira abukti,
lan tatamu sabarang wong.
6.      Anganggoa yudanagara mrih patut,
asilaa ingkang becik,
dèn mepes sarwi tumungkul,
haywata saduwa kaki,
lawan haywa amiraos.
7.      Mung nyarakna pasuguhira mring tamu,
wusing mengkono sirèki,
hiya haywa muwus-muwus,
mung yèn tamunira angling,
ngajaka selang wiraos.
8.      Tandukana prihen sukané ing kalbu,
akèha denira bukti,
dèn sumeh netyanireku,
sira haywa uwis dhingin,
angèrènana ing kono.
9.      Wus lakuné sanadyan sira wus tuwuk,
iriden denira bukti,
nagntènana ing tatamu,
tuwin lamun sira bukti,
lan janma kèh hya mengkono.
10.  Saenggoné miwah sira yèn martamu,
pan hiya mengkono ugi,
haywa sembrana ing kalbu,
momoyok sajroning galih,
sega iwak kurang kaot.
11.  Den asengkud kurmat paringan Hyang Agung,
yèn sira nanacad batin,
tan apik segané wuluh,
myang iwaké nora becik,
kasiku sirèng Hyang Manon.
12.  Dèna émut duk Nabi Musa ngalurug,
kaluwèn umaté sami,
nèng ara-ara duk bingung,
andodonga Kangjeng Nabi,
minta sihira Hyang Manon.
13.  Pinaringan saking ngawiyat tumurun,
umaté wus dèn janjèni,
yèn pinaringan sirèku,
haywana nacad sirèki,
sagah sandika sakèh wong.
14.  Nulya samya nadhah ngrasa nikmatipun,
sawenèh ana kang angling,
mung sawiji cacadipun,
pepak wak-iwakanèki,
mung lalaban tan sumaos.
15.  Durung tutug pamangané gya sumemprung,
rarampadan wangsul malih,
mring ngawiyat tan kadulu,
yèku labaning wong pinging,
sembrana nora rumaos.
16.  Bok rejeki mutung nora bisa nusul,
marma éling dèn pakéling,
lamun abukti sirèku,
anèng wisma dèn ladèni,
mring rabinira dèn alon.
17.  Haywa grusa-grusu amuluking sekul,
yèn tan kabeneran nenggih,
barang kang dèn olah iku,
kurang gurih kurang asin,
teka panganen kémawon.
18.  Mengko yèn wus gonira bukti wus tuwuk,
calathuwa dèn aririh,
jangan iku kurang anu,
miwah wak-iwanèki,
apa kurangé ing kono.
19.  Bésuk manèh doyanaku iwak anu,
sapisan kéwala uwis,
kanggowa ing sajegipun,
yèn tan kabeneran malih,
teka menenga kèmawon.
20.  Nora becik wong mangan kamoran nepsu,
dhingini pan aranèki,
mungguh ing Hyang Maha Agung,
pingro suda wahnanèki,
ping tri rijekiné kalong.
21.  Haywa anggagampang ing bukti tan arus,
nora ta lamun pinikir,
wong amangan apan iku,
nora kena kedhah-kedhih,
iku ta aja mangkono.
22.  Wonga mangan uger-uger dadi baku,
yekti panancanging urip,
nanging dèn sawetarèku,
hiya haywa anjurungi,
ing nepsu luamah kang wong.
23.  Yèn anjurungana ing luamah nepsu,
tanwun gelis  angemasi,
janma mati murka iku,
sabarang-barang binukti,
wataké nepsu katongton.
24.  Amangana kéwala tatamba lesu,
yèn banget lesunirèki,
ngedhihken ihtiyaripun,
nora rosa angabekti,
kedhik ngamalé ponang wong.
25.  Yèku madya sakedhik sedya ing kalbu,
tapa salamining ngurip,
akathah paédahipun,
gampangken saliring kapti,
amadhangken tyas sumrowong.
26.  Haywa watak sasarapan ésuk-ésuk,
yèku memetengi ati,
baliyur pikolehipun,
tan apik sabarang pikir,
ngaloproh aréyah-réyoh.
27.  Yèn akenceng kudu druweng gathak-gathuk,
yèn kendho muntir-malintir,
tan kenang kinarya baku,
wateké wong wareg bukti,
kudu turu anggeloso.
28.  Barang karya yèn dèn lalantèh amatuh,
yèn wong angubungi bukti,
sinuda landheping kalbu,
pan kethul kang amareki,
mung bangsa badan kang condhong.
29.  Pondhong pikul rosa kuwat garu mluku,
lamun sutaning priyayi,
priyayi sawanganipun,
kudu nganggo bagsa ati,
pikiré ingkang mirantos.
30.  Yèn nganggowa pikiring pikul kalebut,
lapak kuwaregen bukti,
pan dudu bubuhanipun,
bangsa ati wruh ing pikir,

bubuhanira wong anom.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar