SAWIJINING
WENGI ING MALIOBORO
Dening: A.Adi/ Panjebar Semangat-03/2006
Jam
sanga kurang seprapat, Arul wis cepak-cepak arep mangkat. Klambi kothak-kothak
lengen dawa, clana jeans kluwus ning resik, lan sepatu loakan merk Nike olehe
tuku ing pasar Beringharjo, kabeh wis dienggo. Senajan mung arep ngamen, ora
ana eleke yen nyandhang pantes. Idhep-idhep kanggo ngajeni wong sing dingameni,
mengkono panglocitane batine. Rampung dandan, Arul njupuk gitar sing gumlethak
ing peturon, banjur jumahgkah metu saka omah.
Angin
wengi semilir, nggawa ganda amrik kembang sedhep malem. Mbulan satampah lan
lintang-lintang abyor madhangi langit. Nanging Arul babar pisan ora nggagas
kabeh mau. Lakune tumungkul, mecaki trotoar dawa sing wis rong taun iki ajeg
diliwati, pendhak wengi lan parak esuk, nalika dheweke mangkat lan mulih
ngamen.
Tekan
palang sepur wetan Pasar Kembang, Arul menggok menyang sawenehe warung Hik
pinggir dalan. Lagi wae manyuk lawangan, dheweke weruh Herman, kancane ngamen
lagi lungguh jegang ing bangku pojok karo ngadhep kopi. Arul mara nyedhaki.
"Dak
kira nek cuti," cluluke Herman, sing blasteran Jawa-Ambon iku.
"Padhakna
pegawe wae ... Cuti ya sesuk ora sarapan," Arul lungguh karo nyaut sega
kucing rong wungkus. Herman mung nggleges. Dheweke menyat saka anggone lungguh,
banjur nginguk menjaba. Ing ngarep pertokoan kang tutup jam sanga mau,
warung-warung lesehan wis akeh sing digelar. Mobil lan motor tharik-tharik
ngebaki parkiran. Malioboro pancen ora tau turu. Rina-wengi tansah dadi papan
jujugane uwong. Saweneh ana sing dodolan, golek rejeki, saweneh maneh ana sing
jajan lan ngenggar-enggar ati.
Setengah
jam candhake, Arul lan Herman wis katon jengkeng sinambi genjrang-genjreng,
adol swara sake warung lesehan sing siji, menyang warung lesehan liyane.
Anggone nyanyi gentenan, gumantung karo karakter lagune. Yen lagune mbutuhake
vokal Tenor, Arul sing nyanyi. Dene yen lagune mbutuhake vokal Bariton, Herman
sing nyanyi. Wong loro wis apal karo bageyane dhewe-dhewe, awit gaweyan iku
pancen wis rada suwe dilakoni bareng. Satemene asile mono lumayan. Yen mung
saderma kanggo mangan wae turah. Awit racake wong sing padha jajan, ora ana
sing menehi kurang saka limang atus rupiyah. Malah umume sewu munggah. Ora
maido, wong niyat jajan mono mesthine saka ngomah ya wis sangu dhuwit kepara
turah. Nanging senajan mengkono, kerep ana perang campuh ing atine Arul.
Gengsine minangka sarjana S1 sok-sok ora bisa narimakake, yen kanggo golek
dhuwit sewu-rong ewu wae, dadak dilabuhi nyanyi karo jengkeng utawa timpuh ing
ngarepe wong-wong kang lagi mangan. Saka rumangsane, ajining dhirine dadi ilang
babar pisan. Kaya kere sing nyadhong kawelasan. Nanging arep kepiye maneh?!
Urip iki angel. Lan weteng sing mlilit ora bisa wareg yen saderma dipakani
gengsi.
"Ya
ditrimak-trimakna wae dhisik, Rul. Pancen rodha nasibe awake dhewe iki saiki
lagi neng ngisor. Mengko rak ya tiba titi mangsane rodhane mubeng
mendhuwur," pratelane Herman, nalika sawijining wengi Arul ngetokne
uneg-unege.
"Bener
kandhamu, Her. Rodhane lagi neng ngisor, tur mlindhes telek lencung sisan.
Dadine ambune ya blarengan," Arul sing lagi sumpeg atihe, nyaut waton
muni. Herman nyekakak saambane lambene, nganti watuk-watuk. Pancen wonq loro
iku anggone memitran rakete ngungkuli sedulur. Yen sing siji atine lagi susah,
mesthi liyane nyoba nglelipur. Mbokmenawa merga rumangsa senasib. Padha-padha
lulusan S-1, ning kepeksa mung padha dadi panji klanthung.
Jam
setengah siji, kaya adat sabene, wong loro leren ing ngarep benteng Vredeburg,
poncot kidul Malioboro, sinambi
ngetung
pengasilane
.
"Wah,
lumayan. Entuk nemlikur ewu wolung atus," cluluke Herman sing dadi
Bendahara. Dhuwit banjur dibagi loro, sing kumel-kumel diwenehake Arul, dene
sing rada anyar disaki dhewe. Arul mung meneng wae, wis apal karo
kelakuwanekancane sitok iku.
"Malioboro
pancen lahan subur. Ning yakuwi, ndadak ndlosor kaya ula, Arul ngomong lirih
karo ngempakne rokok.
"Oalah
Rul, gengsimu kuwi mbok wis ora usah diingu. Wong nyatane ijazahmu ya ora bisa
nggolek pangan wae, kok."
"Ngonoa
apa ya sajege awake dhewe arep dadi kaya ngene?" Arul nyedhot rokoke jero.
"Apa wong tuwamu neng Ambon ya wis marem, yen ngerti kowe sing dikuliahake
adoh-adoh, jebul mung dadi tukang mbarang?"
"Lha
witikna arep kepiye maneh? Wong awake dhewe olehe usaha ya wis ora
kurang-kurang. Mlebu plataran kantor disingkang-singkang Satpam, ya wis
dilakoni. Nyatane nganti seprene ya tetep durung ana asile ..." Herman
unjal ambagan abot, kelingan marang nasibe dhewe.
Rada
suwe wong loro banjur mung padha meneng-menengan, kentir marang gagasane
dhewe-dhewe. Lampu-lampu merkuri kang jejer-jejer ing sadawaning Malioboro
katon putih kencar-kencar. Bening kaya kristal. Sauntara kuwi, senajan wis
lingsir wengi, nanging kendharaan panggah liwat pating sliri. Embuh apa sing
digoleki ...
"Mulih
saiki, apa operasi maneh, Her ...?" Arul ngguwang tegesane sing meh
nylomot driji. Herman nyawang mengalor, penere lesehan.
"Isih
akeh sing dha jajan, ki? Apa ora eman-eman? Ora ilok lho, nolak rejeki."
"Ya
ayo ...!" Arul menyat karo nyangking gitare. Herman ngetutake ing mburine.
Yen mau anggone ngamen saka lor mengidul, ing warung-warung lesehan sing
manggon ing iring wetane dalan Malioboro. Saiki ganti saka kidul mengalor, ing
warung lesehan sing manggon ing iring kulon. Wong loro nlusur wiwit saka
lesehan cedhake Gedhung Agung mengalor. Saka bakul gudheg, ayam goreng, tekan
Sea Food, ora ana sing kliwatan. Bareng anggone mlaku tekan kidule toko
Dynasti, dumadakan Herman ngruwes bokonge Arul seru, nganti bocahe njomblak
karo misuh-misuh.
"Wedhus
...! Homosex-mu kumat ya, Her ...!"
"Ssstt
... Lor-kulon arah jam sepuluh..:" Herman ngomong lirih ing sandhing
kupinge Arul. Arul nglirik papan sing dibisikake Herman. Ana bocah wadon loro
lagi lungguh ing lesehan, sinambi ngadhep roti bakar lan susu segar. Tanpa
sraba-sraba, Herman langsung menggok. Arul kepeksa melu nginthil ing mburine,
senajan rada anyel. Soale iki mau wong loro wis rencana arep mulih. Kejaba
drijine keju, mripate uga wis mbliyut, kegawa awake kang sayah. Herman kuwi
wiwit biyen watake ora malih. Saben weruh prawan, mripate ijo. Kamangka pacare
sing fotone tansah dislempitake ing dhompet iku ya ayu ... Arul grenengan dhewe
ing batin.
Nalika
Arul lagi wae siap-siap arep nyanyi, dumadakan gitare direbut cewek sing
lungguhe ngungkuri dalan. Saking kagete, Arul mung mlongo.
"Mbak,
roti bakar kalih susu segar, kalih malih ...! tanpa maelu Arul sing
plenggang-plenggong, bocah wadon iku aba marang bakule.
"Arum
...?!" Arul ngulati karo njengkerutake alis. Rada tidha-tidha, sumelang
yen kleru. Sing diceluk jenenge mung mesem karo mbalang liring.Ana kangen
sumembul saka pletik-pletik sorot mripate.
"Ya
ampun, Arum ...! Lha kok tengah, wengi kluyuran neng kene?! Jarene awakmu kerja
neng Batam?! Arul nyalami cewek lencir mripate bening iku, sing banjur nimbangi
kanthi nggegem kenceng tangane Arul.
"Kluyuran
...! Padhakna pe-es-ka wae ...!" Arum mecucu. Kancane sing nganggo sleyer
abang nyekikik.
"Iki
lho, kancaku pengin weruh sing jeneng Malioboro. Mula mumpung ana prei, banjur
dakjak mrene sisan. Idhep-idhep karo bernostalgia," Arum mesam-mesem.
mesem. "Lha awakmu dhewe piye, Rul? Kok nganti rong taun punjul, blas ora
ana kabare?" bacute karo mandeng manther praupane Arul.
"Dawa
critane, Rum. Tur mboseni. O, iya ... Kenalke, iki kancaku..."
"Aku
wis ngerti, kok," Arum munggel cepet."Iki rak Herman, ta? Play Boy-ne
Fakultas Hukum sing biyen pas dhemo sirahe bocor dipopor tentara kae ta?"
Herman
mringis karo nggrayahi tilas jahitan sepuluh senti ing sirahe. Kenang-kenangan
nalika kerusuhah Mei 1998 kepungkur. Arum banjur ngenalake kancane, marang Arul
lan Herman.
Ooo
... Dadi iki Mas Arul sing kerep mbokcritakne kae? Sing jaremu "cool"
tur "smart" ..." ujug-ujug si sleyer abang sing jenenge Ayu iku
cluluk.
"Ngawur
...! Kapan olehku crita?! Senengane ngarang ... !" Arum klejingan. Tangane
kemawe, njiwit bangkekane kancane. Ayu jelih-jelih karo ngguyu kemekelen.
Arum
iku satemene kancasaangkatane Arul, jaman isih kuliah biyen. Malah kanca raket
banget, awit kekarone padha dene aktif ing Senat Mahasiswa. Kerep diskusi,
debat lan,nindakake tugas kampus bareng. Mula ora jeneng aneh yen merga saka
kerepe ketemu lan.srawung, suwe-suwe banjur nukulake wiji-wiji tresna ing atine
bocah sakarone. Mung emane, Arul sing minder merga kahanane sing kesrakat, ora
wani mblakakake pangrasane marang Arum. Sumelang yen dikira ora ngilo githok.
Sauntara Arum dhewe sing tinitah wadon, mung bisa ngenteni, ora wani ndhisiki.
Kahanan mengkono iku lumaku terus, nganti bocah sakarone lulus. Nalika teka
titi wancine wisudha, banjur padha janji bakal tetep terus sesambungan lan
kabar-kinabaran. Nanging sajake pancen dudu jodhone. Anggone layang-layangan
mung lumaku watara telung sasinan. Bubar iku banjur padha repot karo urusane
dhewe-dhewe. Arum repot karo urusane minangka pegawe anyar, dene Arul repot
anggone mider-mider golek gaweyan. Wusanane terus plas, kaya kepaten obor. Siji
lan sijine padha dene ora ngerti kabare.
"Dadi
nganti seprene awakmu isih nganggur, Rul ...?" Arum takon ngati-ati sawise
Arul mungkasi critane. Sumelang yen nganti nggepok pangrasane.
"He'eh.
Mula kanggo nyambung urip, ya kepeksa pendhak wengi dadi kalong neng
Malioboro,"Arul mesem, ndhelikake atine kang getir. Arum trenyuh banget.
Mripate nganti kaca-kaca. Babar pisan dheweke ora ngira, yen priya sing
meneng-meneng wiwit biyen tansah dikagumi, merga kapribadene kang apik, beda
karo kanca-kancane lanang liyane iku, jebul nasibe ala banget. Pantesa mono
dheweke kepengin ngrangkul priya ing ngarepe iku, banjur nglelipur lan
nggedhekake atine. Nanging biyen wae ora kelakon, apa maneh saiki sawise adoh?
"Sabar,
Rul ... Aku ngerti banget yen awakmu iku pinter, tur tipikal pekerja keras.
Mbokmenawa mung durung ketemu dalane wae..." Arum nggegem tangane Arul
kebak empat. Sauntara Herman lan Ayu lagi ketungkul kojah ngethuprus, sajak
gayeng banget. Sedhela-sedhela . padha ngguyu cekikikan. Embuh padha ngrembug
apa.
Wengine
mrambat sangsaya tuwa. Angin kang midid wiwit krasa adhem ing kulit. Arul unjal
ambegan landhung. Lungguh adhep-adhepan sinambi omong-omongan karo Arum ngene
iki, marakake dheweke kelingan jaman isih kuliah biyen. Kelingan marang
wektu-wektu kepungkur kang endah lan kebak semangat urip, amarga rumangsa
dibutuhake dening liyan. Rumangsa yen uripe ana gunane. Ora kaya saiki, mung
kaya uwuh kang ora kanggo. Nyepet-nyepeti mripate sinq nyawang. Arul nggresah
sajroning ati, "Menyang endi lungane wektu-wektu kang manis iku
...???!!!".
Tidak ada komentar:
Posting Komentar