Senin, 14 Juli 2014

Resensi Buku Etika Jawa

Identitas Buku
Judul Buku                  : Etika Jawa
Pengarang                   : Franz Magnis-Suseno SJ
Penerbit                       : PT Gramedia Pustaka Utama
Tahun Terbit                : 2003
Kota terbit                   : Jakarta
Jumlah halaman           : 265
Isi Buku
Bab III “Dua Kaidah Dasar Kehidupan Masyarakat Jawa”
     Tiyang Jawi inggih punika anggadahi kalih kaidah ingkang andasari kehidupan bermasyarakat. Kagem titikanipun, Franz Magnis Suseno mundhut anggapan Hildred Geertz ingkang ngandharaken wontenipun kalih kaidah ingkang nemtokake sanget pola pergaulan wonten ing masyarakat Jawa. Kaidah sapisan ngandharaken, wonten ing saben situasi menungsa kedah anggadahi solah bawa ingkang boten ndadosake konflik. Kaidah kapindho nuntut supados tiyang punika wonten ing cara matur lan mbeta awake piyambak kedah ningali sikap ngurmati kagem tiyang sanes, miturut kaliyan kadudukanipun. Kaidah sapisan dipunsebat prinsip kerukunan, kaidah kapindho dipunsebat prinsip hormat.
     Priya klairan Jerman, 26 Mei 1936 iki nyobi ngandharaken prinsip kerukunan lan prinsip hormat ingkang wonten ing masyarakat Jawa. Wonten ing buku Etika Jawa punika, Franz ngandharaken tujuanipun prinsip kerukunan inggih punika kagem mempertahankan masyarakat wonten penggesangan ingkang harmonis. Prinsip kerukunan punika mboten namung mligi wonten ing sikap batin, ananging ugi njagi keselarasan wonten pasrawunganipun. Satunggal kautaman ingkang dipungadhahi tiyang Jawa punika saged ngandharaken babagan-babagan ingkang boten sae kanthi cara mboten langsung. Satunggaling cara kagem ngandharaken bab punika kabiyasaan masyarakat Jawa ingkang langkung seneng kagem berpura-pura utawa biasa dipunsebat “ethok-ethok”. “Ethok-ethok” punika anggadhahi teges, mboten maringi punapa kemawon babagan keadaan ingkang saleresipun. 
     Kaidah kapindho ingkang dipunandharaken dening priya ingkang anggadhahi gelar Doktor bidang filsafat saking Unniversitas Munchen taun 1973 inggih punika prinsip hormat. Wonten ing prinsip punika, cara matur saben-saben tiyang ugi mbeta awakipun piyambak kedah ngurmati kaliyan tiyang sanes. Mundhut anggapan saking Hildred Geertz, pendhidikan punika saged dipuntampi kanthi tiga paraosan ingkang dipunsinaoni putra-putra Jawa wonten ing situasi ingkang kedah wonten raos hormat, inggih punika wedi, isin, lan sungkan. Katiganipun anggadhahi fungsi sosial kagem maringi pendhidikan psikologis kanthi prinsip-prinsip hormat kala wau.
Kaunggulan lan kakiranganipun buku
Kaungglan buku punika lengkap sanget anggenipun ngandharaken babagan kaidah dasar kehidupan masyarakat Jawa. Babagan-babagan punapa kemawon ingkang wonten, dipunandharaken kamthi cetha.
Kakiranganipun buku punika basa ingkang dipunginakake langkung awrat kagem sinau. Pilihan-pilihan kata utawa diksinipun inggih langkung awrat kagem pemula.
Buku punika sayektosipun dipunwaos dening:
Mahasiswa utawi masarakat ingkang sampun angggadhahi pendhidhikan dhuwur amargi buku punika basanipun awrat dipunwaos. Saengga buku punika awrat dipunpahami.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar