Ing sawijining dina, ana macan mlaku turut pinggir
kali.
Dheweke luwe banget ,kepingin mangan enak.
Karo ngendhus-endhus golek pangan, banjur weruh ana
manuk gagak mencok ing pang.
Manuk gagak kuwi nggondhol daging. “Daging kae mesthi
enak banget!
Gagak entuk saka endi daging kaya ngono enake.”
mengkono ing jero batine macan.
Macan banjur nyedhaki uwit sing dienggo mencok manuk
gagak iki mau karo nggrenyem,
”Yen daging kae ora dadi mangsaku, dudu macan aranku.”
Karo ngatur strategi, macan mlaku alon-alon nyedhaki
uwit.
“Bagus banget manuk iki, wulune apik, irenge kinclong,
gumunku ngudubillah.
Aku kok urung tau tumon manuk kaya ngono iku becike.
Sajake ora ana manuk ngungkuli apike, endah unine
mesthi yo uapik.”
Krungu tembung kaya mangkono manuk gagak mongkog
atine,
banjur pamer swarane kang dialem macan mau.
Bareng muni, daging sing digondhol mau tiba.
Banjur diplayoni macan, manuk gagak gela banget.
Merga iku, aja seneng dilem dening liyan. Mbok menawa
sing ngelem nduweni kepenginan sing ora becik. Sipat gampang mongkog utawa
gumedhe iku ya ora becik, mangka dadia bocah sing andhap asor.
sangat bagus,semoga dengan dongeng berbahasa Jawa seperti ini bisa menarik minat baca anak-anak tentang cerita/naskah-naskah bahasa Jawa
BalasHapusBagus
BalasHapusMantap 👍
BalasHapusAnak kelas 3sd, dikom gawe ringkesan crita jawa...
BalasHapus