RENCANA
PELAKSANAAN PEMBELAJARAN
Sekolah : SMPN 1
Buluspesantren
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/semester : VII/I
Materi Pokok :
Mendengarkan
Mampu mendengarkan
dan memahami wacana lisan dalam berbagai ragam bahasa Jawa.
Alokasi waktu :
2 x 40 menit
Tujuan Pembelajaran:
1.
Siswa mampu mengidentifikasi isi cerita legenda dengan
5W+1H.
2.
Siswa mampu menjawab pertanyaan tentang isi cerita
legenda.
3.
Siswa mampu menyebutkan nilai-nilai yang terkandung
dalam cerita legenda.
Kompetensi Dasar:
Mendengarkan
cerita legenda.
Indikator:
1.
Mampu mengidentifikasi isi cerita legenda dengan
5W+1H.
2.
Mampu menjawab pertanyaan tentang isi cerita legenda.
3.
Mampu menyebutkan nilai-nilai yang terkandung dalam
cerita legenda.
Materi Pembelajaran:
Transkrip naskah
cerita legenda “Rawa Pening”
Rawa Pening
Ing Gunung Merbabu, ana sawijining wanita kang jenenge Nyi Endang Ari
Wulan. Bebojoan karo Ki Hajar Salo. Duwe anak kang awujud ula. Ula mau saya
suwe saya gedhe. Sawijining dina, ula mau marani Ki Hajar lan ngomong yen
dheweke kuwi anake Ki Hajar. Ki Hajar kaget, ngomong mangkene, “Heh hula, lho
kok penak temen kowe ngaku anake manungsa. Aku gelem ngaku kowe dadi anakku
nanging kowe kudu gelem tapa. Yen kowe bias nyingkep gunung iki, kowe tak aku
anakku.
Ula mau banjur tapa ngungkeri Gunung Merbabu. Nanging ndas lan buntute ora
tepuk merga isih kurang sakilan. Ula mau nyambung nanggo ilat. Ki Hajar ngerti
banjur ngethok nanggo ilate. Kethokan ilat mau kanggo pusaka kang awujud
tombak. Ula mau ora mati lan nerusake anggone tapa. Saking suwene anggone tapa
awake dirambati oyot-oyot nganti ora ketara saka akehing rerumputan.
Nuju sawijining dina wong-wong desa pada beburu ing alas kanggo upacara
merti desa. Nalika pada leren lungguhan ing wit gedhe, ana wong kang lagi
bacok-bacok ing wit mau. Saka wit mau metu getih lan ndadekake kaget.
Kanca-kancane padha ndeleng lan nduweni panganggep menawa getih mau saka getihe
ula gedhe. Banjur ula kuwi dikethok-kethok kanggo merti desa. Iwake digawa bali
lan dipasrahake ing bale desa.
Esuke ing bale desa akeh wong wadon padha olah-olah amarga sorene arep
kanggo slametan. Ulane mau kuwi njelma dadi bocah lanang kang rupane elek lan
amis. Bocah lanang mau mara bale desa kanggo njaluk mangan, nanging ora ana
kang menehi, banjur bocah mau ditundhung para warga. Ana Mbok Randa kang duweni
rasa welas karo bocah maul an maringi pangan bocah kuwi. Sawise mangan bocah
mau banjur matur marang Mbok Randa, ature mangkene, “Embah menawi mangke wonten
banjir, embah supados sedhiya lesung kaliyan enthong, lesungipun dipunagaem
prau, enthongipun dipunagem melahi.”
Barang bocah mau wis wareg, banur gawe patembaya nancepake sada ing latar
ing satengahe wong-wong kang padha nganakake upacara merti desa. Ing kono
wong-wong desa padha ditantang njabut sada kasebut nanging ora ana kang bias
njabut. Bocah kang duwe sada mau ngomong mangekene, “Ayo sapa bias mbedol
sadaku iki?” akeh bocah kang padha nyoba mbedhul sada kuwi, nanging ora ana
kang bias mbedhul. Pungkasane wong-wong mau padha melu nyoba, pada wae ora ana
kang bisa mbedhul. Bocah kang duwe sada mau banjur karo ngomong mangkene, “Yen
ora ana kang bisa mbedhol sada iki bakal tak bedhol dhewe.”
Bareng sada bisa kabedhol, saka bekase sada kang kabedhol mau metu banyu
kang iline gedhe. Saya suwe banyu kasebut bisa ngebaki lan nglelep karang
padesan kasebut. Akeh wong kang padha mati amarga klelep, kajaba Mbok Randa
kang slamet amarga wis nyedhiyakake lesung lan entong kang digawe sarana golek
keslametan. Ing sabanjure papan kasebut dadi rawa kang sinebut Rawa Pening.
Metode Pembelajaran:
1.
Ceramah
2.
Tanya jawab
3.
Diskusi.
Media Pembelajaran:
Rekaman cerita
legenda.
Sumber Belajar:
Buku teks.
Langkah-langkah Pembelajaran:
Awal :
1.
Siswa menjawab salam guru.
2.
Siswa dan guru berdoa bersama.
3.
Guru mengabsen siswa yang tidak masuk.
4.
Guru menyampaikan tujuan pembelajaran hari itu.
5.
Siswa dan guru bertanya jawab tentang cerita legenda.
Inti :
1.
Siswa dan guru membahas tentang apa yang harus
diperhatikan saat menyimak cerita legenda.
2.
Siswa menyimak cerita legenda yang diceritakan oleh
guru.
3.
Siswa dan guru bertanya jawab tentang cerita legenda.
4.
Beberapa siswa diminta untuk menceritakan tentang
cerita legenda yang sudah dibahas.
5.
Guru memutarkan audio tentang cerita legenda Rawa
Pening.
6.
Siswa mengerjakan soal yang diberikan oleh guru secara
individu.
Akhir :
1.
Siswa dan guru menganalisis secara klasikal.
2.
Siswa dan guru menyimpulkan pembelajaran tersebut.
3.
Siswa dan guru melakukan refleksi
Penilaian Hasil
Pembelajaran:
1.
Penilaian proses
Penilaian proses berdasarkan sikap dan perilaku siswa saat kegiatan belajar
mengajar berlangsung.
2.
Penilaian tes
Wenehana tandha centang ana sakjroning kothak-kothak ing ngisor iki kang
mbokanggep bener!
No
|
Pranyatan
|
Leres
|
Lepat
|
1.
|
Asmane wanita ing Gunung Merbabu kang
duweni anak ula yaiku Nyi Endang Ariwulan
|
|
|
2.
|
Syarate supaya ula mau bisa diakoni dadi
anak dening Ki Hajar Salokantara yaiku tapa nglungkeri Gunung Merbabu nganti
bisa tepung gelang.
|
|
|
3.
|
Ula mau gagal diakoni anak dening Ki
Hajar Salokanta amarga ora bisa mlaku ngubengi Gunung Merbabu.
|
|
|
4.
|
Anggone nglungkeri Gunung Merbabu ndas
lan buntute ora tepuk amarga isih kurang rong kilan.
|
|
|
5.
|
Wong-wong desa padha mbeburu kewan ana
ing alas.
|
|
|
6.
|
Ing alas kuwi wong-wong desa
mbacok-mbacok ing wit gedhe, lan nemokake oyote kuwi metu getihe.
|
|
|
7.
|
Esuke ing bale desa wong wadon padha
olah-olah amarga sorene arep padha slametan merti desa.
|
|
|
8.
|
Nalika merti desa ana bocah lanang kang
pesing lan amis nyedhak lan njaluk mangan marang wong-wong.
|
|
|
9.
|
Ora ana kang gelem menehi panganan
kanggo bocah mau kejaba Mbok Randa.
|
|
|
10.
|
Bocah mau nancepake tombak ing latar
lapangan kanggo sayembara njabut tombak.
|
|
|