Senin, 23 Juni 2014

Jaka Sangkrip

Dhek jaman biyen, Pangeran Bumidirdja saka Kerajaan Mataram teka lan nggawe desa ana ing alas sapinggiring Kali Luk Ula. Lemah mau diwenehi Ki Gedhe Panjer Roma II, yaiku lemah sapinggiring Kali Luk Ula, Pangeran Bumidirdja banjur mbuka lemah kang tasih awujud alas mau didadekake desa.
“Adipati Ki Gedhe Panjer nuwun sewu. Kula Bumidirdja saka Karajaan Mataram badhe matur. Bilih sowan kula wonten tlatah ngriki wonten kekarepan supados kula saged gesang kanthi tentrem boten kadosta gesang kula nalika wonten Mataram.”
“Pangeran Bumidirdja, kenging menapa Pangeran boten krasan wonten Mataram? Menapa wonten ingkang boten sekeca ing penggalih?”
“Ki Gedhe Panjer, kasunyatane pancen kula sampun boten krasan ing tlatah Mataram. Pangeran Tegalarum sampun boten nate mirengaken sedaya tutur tinalar kula. Kala wingi Pangeran Tegalarum mejahi Pangeran Pekik.”
“Pangeran Bumidirdja, sumangga kula dherekaken. Kae kana, gawea desa ing sapinggiring kali Luk Ula. Lemah kana subur, bisa mboktanduri, banyune uga akeh lan bersih. Gaweya desa ana kana, sukmben bakal urip makmur.” Ngendhikene Ki Gedhe Panjer Roma marang Pangeran Bumidirdja.
 Pangeran Bumidirdja kuwi pangeran saka Karajaan Mataram kang lunga saka Mataram amarga ana rajane yaiku Pangeran Amangkurat Tegalarum kang wis ora tau ngrungokake kabeh tutur tinalare Pangeran Bumidirdja. Pangeran Amangkurat Tegalarum minangka keponakan saka Pangeran Bumidirdja kang mateni Pangeran Pekik. Kuwi kang njalari lungane Pangeran Bumidirdja saka Tlatah Mataram.
***
Sadurunge Pangeran Bumidirdja ngedegake desa ing papan kang diwenehi Ki Gedhe Panjer Roma II mau, Pangeran Bumidirdja ngganti jenenge dadi Kiai Bumi supaya wong-wong pada ora ngerteni yen Kiai Bumi kuwi kasunyatane Pangeran Bumidirdja saka Kerajaan Mataram. Saya suwe, desa mau dingerteni wong akeh. Akeh wong kang omah-omah ana kana.
Lungane Pangeran Bumidirdja saka Kerajaan Mataram anggawe Pangeran Amangkurat Tegalarum mangerteni kaluputane. Pangeran Amangkurat Tegalarum andhawuhi utusane kanggo nggoleki lungane Pangeran Bumidirdja. Utusane mau ora ulih bali nyang Kerajaan Mataram yen durung nemokake Pangeran Bumidirdja.
“Lungoa nyang kulon, golekana Paman Bumidirdja nganti ketemu. Aja mbalik yen Paman Bumidirdja durung ketemu.” Prentahe Pangeran Amangkurat Tegalarum marang utusane.
“Sendhika dhawuh Pangeran.”
Utusan saka Mataram mau nemokake Pangeran Bumidirdja ing sandhing Kali Luk Ula, ananging Pangeran Bumidirdja ora kersa mbalik ana Mataram.
***
Saya suwe, saya akeh wong kang mangerteni yen Kiai Bumi kuwi sejatine Pangeran Bumidirdja saka Kerajaan Mataram, Pangeran Bumidirdja anduweni niyatan lunga ninggalake papan kuwi. Pangeran Bumidirdja kersa yen dhaerah kuwi dijaga Dipareja.
“Dipareja, saya suwe saye akeh kang mangerteni yen aku kuwi pangeran saka Mataram. aku wis ora krasan. Aku luwih krasan nalika aku ora dibeda-bedakake kayata wong biasa, aja diagung-agungke kaya ngene. Becike aku lunga saka papan kene.
“Inggih Pangeran, nanging sunyatane samenika kathah tiyang kang mengerteni bilih Kiai menika Pangeran saka tlatah Mataram.”
“Ya wis kaya ngene wae. Tlatah iki dhakpasrahake marang kowe, jaganen kanthi pratiti. Aku ameh golek papan liya kang bisa nentremake uripku.”
“Sendhika dhawuh Pangeran.” Mengkono jawabe Dipareja nalika dipasrahi Pangeran Bumidirdja utawa Kiai Bumi kanggo tetep njaga papan sacedhake Kali Luk Ula.
Sadurunge uga dicritakake yen tekane Pangeran Bumidirdja gawe sumelang Ki Gedhe Panjer Roma II lan Tumenggung Wangsanegara amarga mangerteni yen Pangeran Bumidirdja kuwi pangeran saka Mataram. Kalorone banjur ninggalake Panjer lan kekuwasaan diwenehake marang Ki Kertawangsa.
“Tumenggung, tekane Pangeran Bumidirdja saka Mataram gawe sumelang atiku. Apa ta ora mbebayani kanggo tlatah kene?”
“Pangeran, semana uga pun kula. Was sumelang kaliyan tekane Pangeran Bumidirdja, apa iya Pangeran Bumidirdja ora dadi buronan karajaan?”
Sapaninggalane Ki Gedhe Panjer Roma II lan Tumenggung Kertawangsa, Pangeran Bumidirdja uga kersa ninggalake tlatah kang wus didegake mau. Dhaerah mau didadekake wolung desa, yakuwi dijupuk saka jeneng wong-wong kang dipercaya karo Pangeran Bumidirdja, yakuwi Kawirayudan, Kabasekan, Katamanan, Katramanan, Kabanaran, Kamangunan, Ketugon lan Panjer. Dherah kang samaune dadi dhaerah kakuwasaane Kiai Bumi utawa Bumidirdja banjur dijenengi Kebumen kang asil saka tembung “bumi”, “kabumian”, saengga saya suwe wong-wong cetha nyebut Kebumen.
Pangeran Bumidirdja lunga ngliwati desa Selang. Lerep, lan mandheg ana desa Karang. Utusan saka Mataram mau ora bisa ngajak Pangeran Bumidirdja mbalik menyang Mataram. utusan mau malah melu dadi muride Kiai Bumi. Pangeran Amangkurat Tegalarum saya duka, saengga ngirim utusan maneh yakuwi Udakara lan Surakarti kanggo mbujuk Pangeran Bumidirdja supaya enggal mbalik ana ing Mataram. ananging tetep wae pada, Pangeran Bumidirdja ora kersa mbalik ana Mataram, lan Pangeran Bumidirdja tetep nganggo jeneng Kiai Bumi.
***
Kiai Bumi utawa Pangeran Bumidirdja nduweni putra papat, yaiku Kiai Gusti, Kiai Bagus, Nyai Ageng, lan Kyai Bekel. Sawise Kiai Bumi seda, kadudukan digenteni Kiai Bekel. Kiai Bekel diganteni putrane yaiku Kiai Wuragil.
Kiai Wuragil anduweni putra Honggayuda (Demang Kutowinangun). Honggayuda peputra pitu, salah sijine yaiku Jaka Sangkrip. Nanging Jaka Sangkrip sunyatane namung anak angkate Honggayuda.
Wektu kae Pangeran Puger kudu mbalik menyang keraton Kertasura. Saengga kudu ninggalake anake, Jaka Sangkrip supaya dirawat karo kang Uwak, kang asma Honggayuda.
Jaka Sangkrip nandang cacad awak, yaiku gudhigen ing sakabehing awake. Mula saka iku Jaka Sangkrip uga dikei jeneng Jaka Gudhig. Ora ana wong kang wani nyedhak amarga ambu bacin saka awake Jaka Sangkrip utawa Jaka Gudhig kuwi.
Nalika jaman semana Jaka Sangkrip disepelekake karo kaluwarga Honggayuda. Jaka Sangkrip mangerteni yen dheweke ora disenengi lan ora ana gunane ing kaluwarga kuwi. Jaka Sangkrip kang wektu kuwi umure 16 taun, meksa lunga saka umahe kang Uwak, Honggayuda. Nutagake lakune kanggo golek apa wae kang bisa nambani gudhig ing awake.
Ing lakune, Jaka Sangkrip nimba ngelmu karo Kiai Amad Yusuf ing Bojongsari uga nimba ngelmu karo Kiai Jaiman ing Selang. Sawise nimba ngilmu karo Kiai Amad Yusuf lan Kiai Jaiman, Jaka Sangkrip nerusake lakune lunga menyang alas kanggo semediSalah sijining alas kang ditekani Jaka Sangkrip yaiku alas ing Gunung Geyong, dhaerah Panjer. Sasuwene selikur dina, Jaka Sangkrip ora mangan lan ngombe. Nalika tapa kuwi, Jaka Sangkrip ditekani wong tuwa. Ing kana Jaka Sangkrip tandhing karo wong tuwa kuwi lan bisa menang. Jaka Sangkrip diwenehi ali-ali dening wong tuwa mau.
“Sangkrip, anggonana ali-ali iki!”
“Sendhika dhawuh ki...”
Ali-ali kang diwenehi wong tuwa kuwi dianggo ana tangan tengene. Pesene wong tuwa mau supaya Jaka Sangkrip tapa ana ing saknjrone weteng kebo. Jaka Sangkrip ora yakin, apa iya dheweke bisa tapa ana saknjrone weteng kebo?
Jaka Sangkrip metu saka alas lan nyedhak marang padesan. Ing padesan kuwi Jaka Sangkrip weruh kebo. Nanging dheweke tetep wae durung ngerti carane kanggo tapa ing saknjrone weteng kebo kuwi.
Dumadakan ana wong tuwa kang teka njunjung Jaka Sangkrip banjur mapanaken Jaka Sangkrip ana sanduwure geger kebo kuwi.
“Jaka Sangkrip, saiki munggaha ana geger kebo. Kowe bakal ta lebokake marang njero weteng kebo iki!” panjaluke wong tuwa mau.
Jaka Sangkrip manut.
Sapaninggale wong tuwa mau, Jaka Sangkrip mlebu ana weteng kebo. Jaka Sangkrip ngrasa tentrem lan ayem ana ing sanjrone weteng kebo. Awake uga ora ngrasa lara sanajan tasih akeh gudhige. Dheweke ora ngrasa ngelih lan ngelak sanajan ora mangan lan ngombe.
Kang nduweni kebo mau dumadakan entuk wangsit, sapaya mbersihake lemah ing ngisor wit lo kang ana ing sakulon omahe.
“Rejatani, kedhuka lemah sakulon omahmu, sangisor wit lo. Sesuk ana kana bakal metu sumber banyu kang bersih.” Kaya mengkono wangsite wong tuwa ing ngimpine Rejatani.
Sawise dibersihake, lemah kuwi dikedhuk lan ngetokake banyu kang bening banget kayata banyu sendhang. Ing wengi sabanjure, Rejatani diimpeni maneh supaya Rejatani nyembeleh kebo kang diduweni. Ing ngimpine kuwi, Rejatani uga dipeseni supaya saben wengi jumat utawa slasa kliwon sendhang kang mau ngasilake banyu bening banget kuwi diwenehi sajen lan dibakarake kemenyan. Sendang kuwi ora entuk dianggo apa-apa kajaba dianggo adus Jaka Sangkrip.
“Rejatani, kebo kang mbokduweni sembeleha! Yen tenanan mboksembeleh bakal ana kabecikan kang tumeka marang kowe. Aja lali uga sendhang kang wus dikedhuk supaya diwenehi sajen ing dina jumat lan slasa kliwon.”
Ing dina kang wis ditemtokake, Rejatani nyembeleh kebone kanthi ekhlas. Nalika arep mbuka isining weteng lan njupuk jeroan, Rejatani krungu ana suara menungsa kang ora liya yakuwi suwarane Jaka Sangkrip saka sajerone weteng kebo kuwi. Jaka Sangkrip pesen supaya anggone mbuka weteng kebo mau ngati-ati amarga ana dheweke nang njero weteng kuwi. Sawise Jaka Sangkrip bisa metu saka weteng kebo, Jaka Sangkrip adus ana sendhang kang bening banget banyune. Kabeh pernyakit lan gudhig kang ana awake Jaka Sangkrip ilang sanalika. Sawise mari, Jaka Sangkrip pesen marang Rejatani supaya sendhang mau dijenengi Belik Kewarasan. Sansaya suwe desa kana mau dijenengi desa Kewarasan.
***
Jaka Sangkrip tapa pitung ndina pitung wengi ing Karangbolong saengga bisa ketemu karo jin panguasa Gua Menganti,  Kiai Kreta. Ana ing kana Jaka Sangkrip diwenehi pusaka cemeti naga geni.
Sawise kuwi, Jaka  Sangkrip nerusake lakune, dheweke ketemu karo Kombangali-ali ing alas Moros. Kombangali-ali kuwi sejatine utusan Kanjeng Ratu Kidul. Kanjeng Ratu Kidul kang menehi ngerti Kombangali-ali yen Jaka Sangkrip wektu kuwi lagi tapa ing Gunung Geyong, alas Moros.
“Heee Jaka Sangkrip! Sejatine kowe dudu anake Honggayuda, nanging, kowe kuwi anake Pangeran Puger utawa Susuhan Paku Buwana I.”
Jaka Sangkrip kaget.
“Menapa ingkang dipunngendhikakaken panjenengan leres? Panjenengan sinten?
“Aku utusane Kanjeng Ratu Kidul. Mara kene kanggo nguji katataganmu kaya ngapaIya Sangkrip, kowe ki dudu anake Honggayuda. Rana lungoa, temoni wong tuwamu kang asli.”
Ketemune Jaka Sangkrip karo Kombangali-ali mau ndadekake Jaka Sangkrip mangerteni yen dheweke kuwi sejatine anake Raja, yaiku Pangeran Puger saka tlatah Kertasura. Jaka Sangkrip diganti jenenge dadi Surawijaya.
Tekane Kombangali-ali kuwi sejatine kanggo nguji katatagane Jaka Sangkrip kaya ngapa. Ing kana Jaka Sangkrip uga diwenehi tombak. Jaka Sangkrip uga dipeseni supaya nganggo tombak kuwi kanthi bener. Aja digunakake kanggo gawe culikaning liyan.
“Sangkrip, tombak iki anggonana kanthi bener. Aja mbokgawe culikaning wong liya. Anggonen nalika kowe lagi nandang bebaya.” Kaya ngono pesene Kombangali-ali.
“Sendhika dhawuh..”
Sanalika Kombangali-ali musna ora katon maneh sawise aweh piweling kuwi.
***
Surawijaya nutugake lakune, dheweke metu saka Alas Moros, Surawijaya ngaso ana ing Gunung Brecong lan sabanjure tapa pendhem ing sapinggire segara watara limolas dina ing desa Gunaman, banjur dingerteni karo Ki Nayapada kang ora liya pendhudhuk desa kana. Diterusake maneh lakune Surawijaya, saiki nuju Desa Wawar. Ana kana dheweke ketemu karo Ki Demang Warganaya kang ora liya yakuwi kakine Surawijaya, uga ketemu Kanjeng Biyung.
“Kanjeng Biyung…”
Sangkrip, apa kowe Jaka Sangkrip Anakku?
“Inggih menika kula, Biyung..”
“O, Anakku Sangkrip, ana ngendi wae lungamu? Aku nandang susah mangerteni kowe lunga saka umahe uwakmu. Nlangsa rasane nalika kowe dhewekan lunga nandang lara kaya mangkono kuwi.”
“Kanjeng Ibu, nalika kula tapa, kula dipundhatengi tiyang sepuh. Panjenenganipun ngersakake supados kula tapa wonten salebeting weteng kebo. Sawise kula nglampahi tapa wonten salebeting weteng kebo menika gudhig ingkang kula tandhang sanalika uga teras ical sedaya.”
“O Anakku Sangkrip, saiki gagah rupamu, kayata gagahe atimu awit mbiyen.”
***
Nalika geger Demang Kutowinangun Honggayuda kaliyan Demang Pakacangan Prawiragati, Jaka Sangkrip kang kala iku asma Surawijaya, wis ora dingerteni karo kaluwargane Honggayuda. Saka wiwitan uga wis pancen kaya kuwi, kaluwarga Honggayuda ora ngakoni Jaka Sangkrip. Apa maneh saiki Jaka Sangkrip wis ora kaya mbiyen, wis ora nandang cacad, wis gagah tanpa cela. Geger mau kuwi andadekake Demang Kutowinangun klimpungan. Demang Kutowinangun ngungsi ana Gunung Kenap. Wektu kuwi Jaka Sangkrip ora wedi blas karo Demang Pakacangan, pungkasane, Demang Pakacangan bisa dikalahake karo Jaka Sangkrip kang asma Surawijaya. Ki Honggayuda karo sakabehan kaluwargane wis ora mangerteni marang Surawijaya, kang ora liya yakuwi Jaka Sangkrip kang wis bisa ngalahake Demang Pakacangan.
Sawise geger Demang Pakacangan rampung lan Surawijaya kasil menangake paperangan kuwi, Surawijaya nerusake lakune mbalik ing desa Wawar. Ana kana Surawijaya kelingan pesene Kombangali-ali, dheweke lunga nyang kulon lan munggah gunung Bulupitu. Sangisore wit bulu Surawijaya tapa brata supaya Surawijaya bisa ngabdi marang raja. Surawijaya tapa brata ana ing beji sacedhake wit bulu kuwi. Nalika Surawijaya tapa, Surawijaya ditekani dewi kang jeneng Dewi Nawangsasi. Surawijaya tresna karo Dewi Nawangsasi sabanjure Dewi Nawangsasi didadekake bojone.
Manut ceritane Kombangali-ali yen Serawijaya kuwi anak katurunan raja, dheweke bingung. Banjur golek cara supaya Surawijaya bisa ngabdi marang Sang Raja. Dewi Nawangsasi kang wektu kuwi wis dadi bojone menehi panyaruwe. Supaya Surawijaya ngendheg lakune para mentri kang ngirim-ngirimake upeti kanggo Kerajaan Kertasura.
“Kangmas Surawijaya, dospundi menawi kangmas ngendheg lakuna para mentri kang badhe ngirimake upeti kanggo raja. Samangke kangmas dipuntimbali kaliyan raja amargi kangmas sampun wantun ngrampog.”
“Bener uga panyaruwemu Nimas, rak mengko aku bakalane digawa mara kraton yen aku nglakoni kaya kuwi.”
Panyaruwe kuwi disetujoni karo Surawijaya. Surawijaya uga diwenehi pusaka sakti mandraguna karo Dewi Nawangsasi. Pusaka kuwi jenenge Naracabala, pusaka sekti mandraguna saka tlatah pajajaran. Kanggo pangenget, panggonan kanggo tapa brata mau diwenehi jeneng Somagede dening Surawijaya. Jeneng kuwi uga ana patrapane karo Dewi Nawangsasi, bojone.
Nalika semana, raja ing Kertasura yakuwi Susuhan Paku Buwono II. Wis dadi adate, para mentri ngirimake upeti kanggo rajane nalika sasi Mulud lan Pasa. Mentri pemajengan pada rame-rame ngirim upeti liwat Kutowinangun. Ana dalan upeti-upeti kuwi dirampog dening Surawijaya kanthi pinuju supaya Surawijaya bisa ketemu karo Pakubuwono II kang wektu kuwi dadi raja ing Kertasura. Mentri kang bisa lolos saka prampogan kuwi lapor marang Pakubuwono II.
“Kanjeng Pangeran, atur sembah kula. Pangeran, nalika kula sarombongan ngliwati Kutawinangun, wonten rampog ingkang meksa nyuwun sedaya upeti kang badhe kula aturaken dening keraton ngriki.”
“Sapa kang nglakoni? Wani-wanine dheweke ngrampog upeti kang bakal mbokkirim rene?”
“Surawijaya, Pangeran..”
“Prajurit!! Gawaa Surawijaya mara kene! Dheweke bakal ta wenehi paukuman amarga wus wani ngrampog upeti kang bakal digujugaken rene!”
Pakubuwono II murka, piyambake ngutus prajurit kanggo nggawa Surawijaya mara keraton. Satekane Surawijaya ana ing Kertasura, Surawijaya ngakoni kenangapa dheweke ngrampog upeti kanggo raja, ora liya yakuwi supaya Surawijaya bisa ketemu karo raja. Surawijaya duwe pepenginan ngabdi karo Pakubuwana II.
“Ngaturaken sembah sungkem Paduka Raja.”
“Surawijaya, kenengapa kowe wani ngrampog upeti kanga rep digawa rene? Apa pepenginmu?”
“Sepindhah malih kula nyuwun agunging pangapunten Paduka. Kula namung gadhah pepenginan supados kula saged tepang kaliyan Panjenenganipun Paduka. Kula badhe matur menawi kula sejatine menika Jaka Sangkrip, putra Pangeran Puger ingkang dhek mbiyen dipuntitipaken kaliyan Uwak Honggayuda.”
“Kowe tenanan Sangkrip?”
“Inggih Paduka.”
Pungkasane, Surawijaya didadekna gladag kanthi asma Ngabehi Honggowangsa ing keraton Kertasura lan ketemu karo Pangeran Puger.
***
Nalika kuwi ana Gunung Slamet, ana wong sekti kang asma Damarmaya lan Mayadarma. Kalorone kakang adhi lan pancen sekti mandraguna ana wilayah Banyumas. Ora namung ing Banyumas, nanging uga wilayah Tegal, Pekalongan, Brebes, lan Pemalang. Damarmaya wektu kuwi dadi raja, dene adhine kang asma Mayadarma dadi patih. Dicaritakake, nang kana uga ana wong kang dadi kapercayan Damarmaya kang cetha diwedeni karo pendhudhuk Banyumas, yakuwi Nurngalam, Nurngalim, lan Nuripin. Kaya dene jaman-jaman samana, Damarmaya duwe pepenginan kanggo nggedhekake wilayah pakuwasaan kanthi mbrontak ana ing Wirasaba, Banyumas, lan Purwakerta. Tumenggung Yudanegara kang ora liya Bupati Banyumas kasil lunga nyang kidul kanggo nylametake awake dhewe. Ana kana Tumenggung Yudanegara manggon ing Sumpyuh kang dirasa-rasa aman saka pamberontakane Damarmaya. Tumenggung Yudanegara sawise kuwi anjaluk tetulung marang Keraton Kertasura. Susuhan Pakubuwana ngutus Honggawangsa kang ora liya Surawijaya utawa Jaka Sangkrip kanggo numpes pamberontakan kang dumadi ing Banyumas kuwi.
“Honggawangsa, mangkata menyang Banyumas kang saiki lagi geger amarga pambrontakan kang dilakoni Damarmaya. Tulungana Tumenggung Yudanegara.”
“Sendhika dhawuh..”
Honggawangsa mangkat dhewe mara menyang Tumenggung Yudanegara. Ananging Tumenggung Yudanegara nandang kuciwa. Kenangapa kang dikirim dadi bantuan namung Honggawangsa, ora karo prajurit-prajurit tagguh saka Kertasura. Nalika kuwi Tumenggung Yudanegara ngongkon supaya Honggawangsa ngaso ana kana. Nanging Honggawangsa menehi panyaruwe menawa dheweke kuwi utusan saka Kertasura, kang diutus langsung karo Pakubuwana II kanggo numpes pamberontakane Damarmaya. Tumenggung Yudanegara ora trima karo panyaruwene Honggawangsa kang ora liya yakuwi Jaka Sangkrip. Honggawangsa banjur ngetokna aji pameling kang gawe Tumenggung Yudanegara ambruk sanalika kuwi uga. Tumenggung Yudanegara njaluk pangapura marang Honggawangsa yen dheweke wis luput tumindhake.
Pamberontakan kang dilakoni Damarmaya lan Mayadarma wus akeh ndadekake kurban, Honggawangsa sanalika maju. Paperangan kadadeyan antarane Damarmaya-Mayadarma karo Honggawangsa. Honggawangsa maju karo bantuan Kombangali-ali lan Dewi Nawangsasi. Honggawangsa ngetokake pusaka kang sekti mandraguna yakuwi Naracabala, pusaka kang diwenehi dening Dewi Nawangsasi. Kanthi pusaka Naracabala kuwi bisa ngalahake musuh, Mayadarma lan Damarmaya sanalika musnah. Kombangali-ali lan Nawangsasih kang sejatine dudu manungsa mbalik menyang kayangan. Sabenere, pemberontakan Damarmaya lan Mayadarma namung rekadaya Dewi Nawangsasi kanggo mbiyantu bojone, Jaka Sangkrip. Supaya pangarep-arepe bojone kuwi cepet kalaksanan.
Honggowangsa kang ora liya Jaka Sangkrip punkasane bisa numpes pambarontakan Damarmaya lan Mayadarma, Jaka Sangkrip diwenehi imbalan kang pantes. Honggowangsa utawa Jaka Sangkrip didadekake Bupati Nayaka kanthi gelar Raden Tumenggung Arung Binang ISawise Honggowangsa wis tuwa, kakuwasaan diwenehna karo anak lanange kanthi gelar Raden Tumenggung Arung Binang IIDene Tumenggung Arung Binang I kang ora liya Surawijaya utawa Honngowangsa utawa Jaka Sangkrip, bali menyang Kutowinangun ing Gunung Bulupitu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar