Selasa, 24 Juni 2014
Senin, 23 Juni 2014
Jaka Sukara
Raden Jaka Sukara
merupakan anak Dewi Ratnawati dengan Raden Rajuna. Sejak kecil ia hidup bersama
ibu dan kakeknya yang bernama Buyut Kusuma. Dari kecil Raden Jaka Sukara hidup
penuh dengan kasih sayang ibu dan kakeknya tersebut. Dari merekalah Raden Jaka
Sukara belajar kesetiaan, kasih sayang, kesucian, dan ketulusan hati.
Saat Raden Jaka Sukara
berumur tujuh tahun, dia sudah pandai bertarung berkat ilmu yang diajarkan oleh
kakeknya. Pada suatu hari Raden Jaka Sukara bertemu dengan seorang anak yang
lebih besar darinya, namanya Jaka Tilangin. Walaupun Jaka Tilangin lebih besar,
Raden Jaka Sukara tetap dapat mengalahkannya. Pertarungannya tersebut diawali
dengan ejekan Jaka Tilangin yang menanyakan “Siapa Bapakmu?” terhadap Raden
Jaka Sukara.
Pertanyaan Jaka
Tilangin pada Jaka Sukara membuat kehidupan Jaka Sukara terusik. Sesampainya di
rumah Raden Jaka Sukara menanyakan perihal keberadaan bapaknya terhadap ibu dan
kakeknya. Ibu dan kakek merasa tersentak dengan pertanyaan Raden Jaka Sukara
tersebut. Namun karena usia Jaka Sukara yang masih tujuh tahun, kakek dan
ibunya sepakat untuk tidak memberitahukan terlebih dahulu. Kakek dan ibu
menghendaki Jaka Sukara menunggu barang dua atau tiga tahun lagi.
Tiga tahun berselang
setelah kejadian tersebut, Jaka Sukara menagih janji kakek dan ibunya yang akan
menceritakan perihal keberadaan ayahnya. Suatu sore Jak Sukara mendatangi kakek
dan ibunya untuk menagih janji. Kakeknya dengan wibawa yang teramat kuat
menjelaskan bahwa bapak dari Raden Jaka Sukara adalah Raden Rajuna dari
keluarga Pandawa. Raden Jaka Sukara hampir tidak mempercayainya karena selama
ini kakeknya telah banyak menceritakan Raden Rajuna terhadap Raden Jaka Sukara.
Seketika itu juga Raden Jaka Sukara bertekad untuk mencari bapaknya, Raden
Rajuna.
Dalam perjalanan mencari
bapaknya, Jaka Sukara mengalami banyak tantangan dan hambatan. Dia dibekali
keris Puspa Geni yang diberikan oleh kakeknya, Buyut Kusuma. Pada suatu hari
ada sayembara memperebutkan Dewi Birantawati di Negeri Karang Kencana. Jaka
Sukara berkenan untuk mengikuti sayembara tersebut. Ternyata disana Raden Jaka
Sukara dipertemukan dengan Jaka Tilangin dan Raden Gatotkaca yang keduanya
merupakan saudara dari Raden Jaka Sukara. Pertarungan sengit tersebut ternyata
membuat ketiganya terluka. Hingga ada air penghidupan Begawan Narada mereka
bisa sembuh kembali. Terdengar suara berat berwibawa yang kemudian menjelaskan
bahwa nereka bertiga adalah saudara keturunan Pandawa.
Perjalanan dilanjutkan dengan ditemani Gatotkaca, anak
Bima. Perjalanan kali ini menuju Negeri Ngamarta. Sesampainya di negeri
Ngamarta, Jaka Sukara segera dipertemukan dengan pejabat petinggi kerajaan.
Sampai tiba saatnya Jaka Sukara dipertemukan dengan ayahnya, Rajuna. Raden Jaka
Sukara tinggal di Ngamarta, menjadi bagian dari keluarga besar Pandawa.
Jaka Sangkrip
Dhek jaman biyen, Pangeran Bumidirdja saka Kerajaan Mataram teka lan
nggawe desa ana ing alas sapinggiring Kali Luk Ula. Lemah mau diwenehi Ki Gedhe
Panjer Roma II, yaiku lemah sapinggiring Kali Luk Ula, Pangeran Bumidirdja
banjur mbuka lemah kang tasih awujud alas mau didadekake desa.
“Adipati Ki Gedhe Panjer
nuwun sewu. Kula Bumidirdja saka Karajaan Mataram badhe matur. Bilih sowan kula wonten
tlatah ngriki wonten kekarepan supados kula saged gesang kanthi tentrem boten kadosta gesang kula nalika wonten Mataram.”
“Pangeran Bumidirdja,
kenging menapa Pangeran boten krasan wonten Mataram? Menapa wonten ingkang boten sekeca ing
penggalih?”
“Ki Gedhe Panjer,
kasunyatane pancen kula sampun boten krasan ing tlatah Mataram. Pangeran
Tegalarum sampun boten nate mirengaken sedaya tutur tinalar kula. Kala wingi
Pangeran Tegalarum mejahi Pangeran Pekik.”
“Pangeran Bumidirdja,
sumangga kula dherekaken. Kae kana, gawea desa ing sapinggiring kali Luk Ula.
Lemah kana subur, bisa mboktanduri, banyune uga akeh lan bersih. Gaweya desa ana kana, sukmben bakal urip makmur.” Ngendhikene Ki Gedhe
Panjer Roma marang Pangeran Bumidirdja.
Pangeran
Bumidirdja kuwi pangeran saka Karajaan
Mataram kang lunga saka Mataram amarga ana rajane yaiku Pangeran Amangkurat Tegalarum kang wis ora tau ngrungokake kabeh tutur tinalare
Pangeran Bumidirdja. Pangeran Amangkurat Tegalarum minangka keponakan saka Pangeran
Bumidirdja kang mateni Pangeran Pekik. Kuwi kang njalari lungane Pangeran
Bumidirdja saka Tlatah Mataram.
***
Sadurunge Pangeran
Bumidirdja ngedegake desa ing papan kang diwenehi Ki Gedhe Panjer Roma II mau,
Pangeran Bumidirdja ngganti jenenge dadi Kiai Bumi supaya wong-wong pada ora
ngerteni yen Kiai Bumi kuwi kasunyatane Pangeran Bumidirdja saka Kerajaan
Mataram. Saya suwe, desa mau dingerteni wong akeh. Akeh wong kang omah-omah ana
kana.
Lungane Pangeran Bumidirdja
saka Kerajaan Mataram anggawe Pangeran Amangkurat Tegalarum mangerteni
kaluputane. Pangeran Amangkurat Tegalarum andhawuhi utusane kanggo nggoleki
lungane Pangeran Bumidirdja. Utusane mau ora ulih bali nyang Kerajaan Mataram
yen durung nemokake Pangeran Bumidirdja.
“Lungoa nyang kulon,
golekana Paman Bumidirdja nganti ketemu. Aja mbalik yen Paman Bumidirdja durung
ketemu.” Prentahe Pangeran Amangkurat Tegalarum marang utusane.
“Sendhika dhawuh Pangeran.”
Utusan saka Mataram mau
nemokake Pangeran Bumidirdja ing sandhing Kali Luk Ula, ananging Pangeran
Bumidirdja ora kersa mbalik ana Mataram.
***
Saya suwe, saya akeh wong
kang mangerteni yen Kiai Bumi kuwi sejatine Pangeran Bumidirdja saka Kerajaan
Mataram, Pangeran Bumidirdja anduweni niyatan lunga ninggalake papan kuwi. Pangeran Bumidirdja kersa yen
dhaerah kuwi dijaga Dipareja.
“Dipareja, saya suwe saye
akeh kang mangerteni yen aku kuwi pangeran saka Mataram. aku wis ora krasan.
Aku luwih krasan nalika aku ora dibeda-bedakake kayata wong biasa, aja
diagung-agungke kaya ngene. Becike
aku lunga saka papan kene.”
“Inggih Pangeran, nanging
sunyatane samenika kathah tiyang kang mengerteni bilih Kiai menika Pangeran
saka tlatah Mataram.”
“Ya wis kaya ngene wae.
Tlatah iki dhakpasrahake marang kowe, jaganen kanthi pratiti. Aku ameh golek
papan liya kang bisa nentremake uripku.”
“Sendhika dhawuh Pangeran.”
Mengkono jawabe Dipareja nalika dipasrahi Pangeran Bumidirdja utawa Kiai Bumi
kanggo tetep njaga papan sacedhake Kali Luk Ula.
Sadurunge uga dicritakake
yen tekane Pangeran Bumidirdja gawe sumelang Ki Gedhe Panjer Roma II lan
Tumenggung Wangsanegara amarga mangerteni yen Pangeran Bumidirdja kuwi pangeran
saka Mataram. Kalorone banjur ninggalake Panjer lan kekuwasaan diwenehake
marang Ki Kertawangsa.
“Tumenggung, tekane
Pangeran Bumidirdja saka Mataram gawe sumelang atiku. Apa ta ora mbebayani
kanggo tlatah kene?”
“Pangeran, semana uga pun
kula. Was sumelang kaliyan tekane Pangeran Bumidirdja, apa iya Pangeran
Bumidirdja ora dadi buronan karajaan?”
Sapaninggalane Ki Gedhe
Panjer Roma II lan Tumenggung Kertawangsa, Pangeran Bumidirdja uga kersa
ninggalake tlatah kang wus didegake mau. Dhaerah mau didadekake wolung desa,
yakuwi dijupuk saka jeneng wong-wong kang dipercaya karo Pangeran Bumidirdja, yakuwi Kawirayudan, Kabasekan, Katamanan,
Katramanan, Kabanaran, Kamangunan, Ketugon lan Panjer. Dherah kang samaune dadi
dhaerah kakuwasaane Kiai Bumi utawa Bumidirdja banjur dijenengi Kebumen kang
asil saka tembung “bumi”, “kabumian”, saengga saya suwe wong-wong cetha nyebut
Kebumen.
Pangeran Bumidirdja lunga
ngliwati desa Selang. Lerep, lan mandheg ana desa Karang. Utusan saka Mataram
mau ora bisa ngajak Pangeran Bumidirdja mbalik menyang Mataram. utusan mau
malah melu dadi muride Kiai Bumi. Pangeran Amangkurat Tegalarum saya duka,
saengga ngirim utusan maneh yakuwi Udakara lan Surakarti kanggo mbujuk Pangeran
Bumidirdja supaya enggal mbalik ana ing Mataram. ananging tetep wae pada, Pangeran Bumidirdja ora kersa mbalik ana
Mataram, lan Pangeran Bumidirdja tetep nganggo jeneng Kiai Bumi.
***
Kiai Bumi utawa Pangeran
Bumidirdja nduweni putra papat, yaiku Kiai
Gusti, Kiai Bagus, Nyai Ageng, lan Kyai Bekel. Sawise Kiai Bumi seda, kadudukan
digenteni Kiai Bekel. Kiai Bekel diganteni putrane yaiku Kiai Wuragil.
Kiai Wuragil anduweni putra
Honggayuda (Demang Kutowinangun). Honggayuda peputra pitu, salah sijine yaiku Jaka Sangkrip. Nanging Jaka Sangkrip sunyatane namung anak
angkate Honggayuda.
Wektu kae Pangeran Puger
kudu mbalik menyang keraton Kertasura. Saengga kudu ninggalake anake, Jaka Sangkrip supaya dirawat karo kang Uwak, kang asma
Honggayuda.
Jaka Sangkrip nandang cacad
awak, yaiku gudhigen ing sakabehing awake. Mula saka iku Jaka Sangkrip uga dikei jeneng Jaka
Gudhig. Ora ana wong kang wani nyedhak amarga ambu bacin saka awake Jaka
Sangkrip utawa Jaka Gudhig kuwi.
Nalika jaman semana Jaka
Sangkrip disepelekake karo kaluwarga Honggayuda. Jaka Sangkrip mangerteni yen
dheweke ora disenengi lan ora ana gunane ing kaluwarga kuwi. Jaka
Sangkrip kang wektu kuwi umure 16 taun, meksa lunga saka umahe
kang Uwak, Honggayuda. Nutagake lakune kanggo golek apa wae kang bisa nambani gudhig ing
awake.
Ing
lakune, Jaka Sangkrip nimba ngelmu karo Kiai Amad Yusuf ing Bojongsari uga
nimba ngelmu karo Kiai Jaiman ing Selang. Sawise nimba ngilmu karo Kiai Amad
Yusuf lan Kiai Jaiman, Jaka Sangkrip nerusake lakune lunga menyang alas kanggo semedi. Salah sijining alas kang ditekani Jaka Sangkrip yaiku
alas ing Gunung Geyong, dhaerah Panjer. Sasuwene selikur dina, Jaka
Sangkrip ora mangan lan ngombe. Nalika tapa kuwi, Jaka Sangkrip ditekani wong tuwa. Ing kana Jaka Sangkrip tandhing karo wong
tuwa kuwi lan bisa menang. Jaka Sangkrip diwenehi ali-ali dening wong tuwa mau.
“Sangkrip,
anggonana ali-ali iki!”
“Sendhika
dhawuh ki...”
Ali-ali kang diwenehi wong
tuwa kuwi dianggo ana tangan tengene. Pesene wong tuwa mau supaya Jaka Sangkrip
tapa ana ing saknjrone weteng kebo. Jaka Sangkrip ora yakin, apa iya dheweke
bisa tapa ana saknjrone weteng kebo?
Jaka Sangkrip metu saka
alas lan nyedhak marang padesan. Ing padesan kuwi Jaka Sangkrip weruh kebo. Nanging dheweke tetep wae
durung ngerti carane kanggo tapa ing saknjrone weteng kebo kuwi.
Dumadakan ana wong tuwa
kang teka njunjung Jaka Sangkrip banjur mapanaken Jaka Sangkrip ana sanduwure
geger kebo kuwi.
“Jaka Sangkrip, saiki
munggaha ana geger kebo. Kowe bakal ta lebokake marang njero weteng kebo iki!”
panjaluke wong tuwa mau.
Jaka Sangkrip manut.
Sapaninggale wong tuwa mau,
Jaka Sangkrip mlebu ana weteng kebo. Jaka Sangkrip ngrasa tentrem lan ayem ana ing sanjrone weteng
kebo. Awake uga ora ngrasa lara sanajan tasih akeh gudhige. Dheweke ora ngrasa
ngelih lan ngelak sanajan ora mangan lan ngombe.
Kang nduweni kebo mau
dumadakan entuk wangsit, sapaya
mbersihake lemah ing ngisor wit lo kang ana ing sakulon omahe.
“Rejatani, kedhuka lemah
sakulon omahmu, sangisor wit lo. Sesuk ana kana bakal metu sumber banyu kang
bersih.” Kaya mengkono wangsite wong tuwa ing ngimpine Rejatani.
Sawise dibersihake, lemah
kuwi dikedhuk lan ngetokake banyu kang bening banget kayata banyu sendhang. Ing
wengi sabanjure, Rejatani diimpeni maneh supaya Rejatani nyembeleh kebo kang
diduweni. Ing ngimpine kuwi, Rejatani uga dipeseni supaya saben wengi jumat
utawa slasa kliwon sendhang kang mau ngasilake banyu bening banget kuwi
diwenehi sajen lan dibakarake kemenyan. Sendang kuwi ora entuk dianggo apa-apa kajaba dianggo adus Jaka
Sangkrip.
“Rejatani, kebo kang
mbokduweni sembeleha! Yen tenanan
mboksembeleh bakal ana kabecikan kang tumeka
marang kowe. Aja lali uga sendhang kang wus dikedhuk supaya diwenehi sajen ing
dina jumat lan slasa kliwon.”
Ing dina kang wis ditemtokake, Rejatani nyembeleh kebone kanthi ekhlas. Nalika arep mbuka
isining weteng lan njupuk jeroan, Rejatani krungu ana suara menungsa kang ora
liya yakuwi suwarane Jaka Sangkrip saka sajerone weteng kebo kuwi. Jaka Sangkrip
pesen supaya anggone mbuka weteng kebo mau ngati-ati amarga ana dheweke nang
njero weteng kuwi. Sawise Jaka Sangkrip bisa metu saka weteng kebo, Jaka Sangkrip adus ana sendhang kang bening banget banyune. Kabeh
pernyakit lan gudhig kang ana
awake Jaka Sangkrip ilang sanalika. Sawise mari, Jaka Sangkrip pesen marang
Rejatani supaya sendhang mau dijenengi Belik Kewarasan. Sansaya suwe desa kana
mau dijenengi desa Kewarasan.
***
Jaka Sangkrip tapa pitung
ndina pitung wengi ing Karangbolong saengga bisa ketemu karo jin panguasa Gua
Menganti, Kiai Kreta. Ana ing
kana Jaka Sangkrip diwenehi pusaka
cemeti naga geni.
Sawise
kuwi, Jaka Sangkrip nerusake lakune, dheweke ketemu karo Kombangali-ali ing alas Moros. Kombangali-ali kuwi
sejatine utusan Kanjeng Ratu Kidul. Kanjeng Ratu Kidul kang menehi ngerti
Kombangali-ali yen Jaka Sangkrip wektu kuwi lagi tapa ing Gunung Geyong, alas
Moros.
“Heee Jaka Sangkrip!
Sejatine kowe dudu anake Honggayuda, nanging, kowe kuwi anake Pangeran Puger
utawa Susuhan Paku Buwana I.”
Jaka Sangkrip kaget.
“Menapa ingkang
dipunngendhikakaken panjenengan leres? Panjenengan
sinten?”
“Aku utusane Kanjeng Ratu
Kidul. Mara kene kanggo nguji katataganmu kaya ngapa. Iya Sangkrip, kowe ki dudu anake Honggayuda.
Rana lungoa, temoni wong tuwamu kang asli.”
Ketemune Jaka Sangkrip karo
Kombangali-ali mau ndadekake Jaka
Sangkrip mangerteni yen dheweke kuwi sejatine anake Raja, yaiku Pangeran Puger
saka tlatah Kertasura. Jaka Sangkrip diganti jenenge dadi Surawijaya.
Tekane
Kombangali-ali kuwi sejatine kanggo nguji katatagane Jaka Sangkrip kaya
ngapa. Ing kana Jaka Sangkrip uga diwenehi tombak. Jaka Sangkrip uga dipeseni supaya nganggo tombak kuwi
kanthi bener. Aja digunakake kanggo gawe culikaning liyan.
“Sangkrip, tombak iki
anggonana kanthi bener. Aja mbokgawe culikaning wong liya. Anggonen nalika kowe
lagi nandang bebaya.” Kaya ngono pesene Kombangali-ali.
“Sendhika dhawuh..”
Sanalika
Kombangali-ali musna ora katon maneh sawise aweh piweling kuwi.
***
Surawijaya nutugake lakune,
dheweke metu saka Alas Moros,
Surawijaya ngaso ana ing Gunung Brecong lan sabanjure tapa pendhem ing
sapinggire segara watara limolas dina ing desa Gunaman, banjur dingerteni karo
Ki Nayapada kang ora liya pendhudhuk desa kana. Diterusake maneh lakune
Surawijaya, saiki nuju Desa Wawar. Ana kana dheweke ketemu karo Ki Demang
Warganaya kang ora liya yakuwi kakine Surawijaya, uga ketemu Kanjeng Biyung.
“Kanjeng Biyung…”
“Sangkrip, apa kowe Jaka Sangkrip Anakku?”
“Inggih menika kula, Biyung..”
“O, Anakku Sangkrip, ana ngendi wae lungamu? Aku nandang susah mangerteni kowe
lunga saka umahe uwakmu. Nlangsa rasane nalika kowe dhewekan lunga nandang lara kaya mangkono kuwi.”
“Kanjeng Ibu, nalika kula
tapa, kula dipundhatengi tiyang sepuh. Panjenenganipun ngersakake supados kula
tapa wonten salebeting weteng kebo. Sawise kula nglampahi tapa wonten
salebeting weteng kebo menika gudhig ingkang kula tandhang sanalika uga teras
ical sedaya.”
“O Anakku Sangkrip, saiki
gagah rupamu, kayata gagahe atimu awit mbiyen.”
***
Nalika geger Demang Kutowinangun
Honggayuda kaliyan Demang Pakacangan Prawiragati, Jaka Sangkrip kang kala iku
asma Surawijaya, wis ora dingerteni karo kaluwargane Honggayuda. Saka wiwitan
uga wis pancen kaya kuwi, kaluwarga Honggayuda ora ngakoni Jaka Sangkrip. Apa
maneh saiki Jaka Sangkrip wis ora kaya mbiyen, wis ora nandang cacad, wis gagah
tanpa cela. Geger mau kuwi andadekake Demang Kutowinangun klimpungan. Demang
Kutowinangun ngungsi ana Gunung Kenap. Wektu kuwi Jaka Sangkrip ora wedi blas
karo Demang Pakacangan, pungkasane, Demang Pakacangan bisa dikalahake karo Jaka
Sangkrip kang asma Surawijaya. Ki Honggayuda karo sakabehan kaluwargane wis ora
mangerteni marang Surawijaya, kang ora liya yakuwi Jaka Sangkrip kang wis bisa
ngalahake Demang Pakacangan.
Sawise geger Demang
Pakacangan rampung lan Surawijaya kasil menangake paperangan kuwi, Surawijaya
nerusake lakune mbalik ing desa Wawar. Ana kana Surawijaya kelingan pesene
Kombangali-ali, dheweke lunga nyang kulon lan munggah gunung Bulupitu.
Sangisore wit bulu Surawijaya tapa brata supaya Surawijaya bisa ngabdi marang
raja. Surawijaya tapa brata ana ing beji sacedhake wit bulu kuwi. Nalika
Surawijaya tapa, Surawijaya ditekani dewi kang jeneng Dewi Nawangsasi.
Surawijaya tresna karo Dewi Nawangsasi sabanjure Dewi Nawangsasi didadekake
bojone.
Manut ceritane
Kombangali-ali yen Serawijaya kuwi anak katurunan raja, dheweke bingung. Banjur
golek cara supaya Surawijaya bisa ngabdi marang Sang Raja. Dewi Nawangsasi kang
wektu kuwi wis dadi bojone menehi panyaruwe. Supaya Surawijaya ngendheg lakune
para mentri kang ngirim-ngirimake upeti kanggo Kerajaan Kertasura.
“Kangmas Surawijaya,
dospundi menawi kangmas ngendheg lakuna para mentri kang badhe ngirimake upeti
kanggo raja. Samangke kangmas dipuntimbali kaliyan raja amargi kangmas sampun
wantun ngrampog.”
“Bener uga panyaruwemu
Nimas, rak mengko aku bakalane digawa mara kraton yen aku nglakoni kaya kuwi.”
Panyaruwe kuwi disetujoni
karo Surawijaya. Surawijaya uga diwenehi pusaka sakti mandraguna karo Dewi
Nawangsasi. Pusaka kuwi jenenge Naracabala, pusaka sekti mandraguna saka tlatah
pajajaran. Kanggo pangenget, panggonan kanggo tapa brata mau diwenehi jeneng
Somagede dening Surawijaya. Jeneng kuwi
uga ana patrapane karo Dewi Nawangsasi, bojone.
Nalika semana, raja ing
Kertasura yakuwi Susuhan Paku Buwono II. Wis dadi adate, para mentri ngirimake
upeti kanggo rajane nalika sasi Mulud lan Pasa. Mentri pemajengan pada
rame-rame ngirim upeti liwat Kutowinangun. Ana dalan upeti-upeti kuwi dirampog
dening Surawijaya kanthi pinuju supaya Surawijaya bisa ketemu karo Pakubuwono
II kang wektu kuwi dadi raja ing Kertasura. Mentri
kang bisa lolos saka prampogan kuwi lapor marang Pakubuwono II.
“Kanjeng Pangeran, atur
sembah kula. Pangeran, nalika kula sarombongan ngliwati Kutawinangun, wonten
rampog ingkang meksa nyuwun sedaya upeti kang badhe kula aturaken dening
keraton ngriki.”
“Sapa kang nglakoni?
Wani-wanine dheweke ngrampog upeti kang bakal mbokkirim rene?”
“Surawijaya, Pangeran..”
“Prajurit!! Gawaa Surawijaya mara kene! Dheweke bakal ta wenehi paukuman
amarga wus wani ngrampog upeti kang bakal digujugaken rene!”
Pakubuwono II murka,
piyambake ngutus prajurit kanggo nggawa Surawijaya mara keraton. Satekane
Surawijaya ana ing Kertasura, Surawijaya ngakoni kenangapa dheweke ngrampog
upeti kanggo raja, ora liya yakuwi supaya Surawijaya bisa ketemu karo raja.
Surawijaya duwe pepenginan ngabdi karo Pakubuwana II.
“Ngaturaken sembah sungkem
Paduka Raja.”
“Surawijaya, kenengapa kowe
wani ngrampog upeti kanga rep digawa rene? Apa pepenginmu?”
“Sepindhah malih kula
nyuwun agunging pangapunten Paduka. Kula namung gadhah pepenginan supados kula
saged tepang kaliyan Panjenenganipun Paduka. Kula badhe matur menawi kula
sejatine menika Jaka Sangkrip, putra Pangeran Puger ingkang dhek mbiyen dipuntitipaken
kaliyan Uwak Honggayuda.”
“Kowe tenanan Sangkrip?”
“Inggih Paduka.”
Pungkasane, Surawijaya
didadekna gladag kanthi asma Ngabehi Honggowangsa ing keraton Kertasura lan ketemu karo Pangeran
Puger.
***
Nalika kuwi ana Gunung
Slamet, ana wong sekti kang asma Damarmaya lan Mayadarma. Kalorone kakang adhi
lan pancen sekti mandraguna ana wilayah Banyumas. Ora namung ing Banyumas,
nanging uga wilayah Tegal, Pekalongan, Brebes, lan Pemalang. Damarmaya wektu kuwi
dadi raja, dene adhine kang asma Mayadarma dadi patih. Dicaritakake, nang kana
uga ana wong kang dadi kapercayan Damarmaya kang cetha diwedeni karo pendhudhuk
Banyumas, yakuwi Nurngalam, Nurngalim, lan Nuripin. Kaya dene jaman-jaman
samana, Damarmaya duwe pepenginan kanggo nggedhekake wilayah pakuwasaan kanthi
mbrontak ana ing Wirasaba, Banyumas, lan Purwakerta. Tumenggung Yudanegara kang
ora liya Bupati Banyumas kasil lunga nyang kidul kanggo nylametake awake dhewe.
Ana kana Tumenggung Yudanegara manggon ing Sumpyuh kang dirasa-rasa aman saka pamberontakane Damarmaya. Tumenggung
Yudanegara sawise kuwi anjaluk tetulung marang Keraton Kertasura. Susuhan
Pakubuwana ngutus Honggawangsa kang ora liya Surawijaya utawa Jaka Sangkrip
kanggo numpes pamberontakan kang dumadi ing Banyumas kuwi.
“Honggawangsa, mangkata
menyang Banyumas kang saiki lagi geger amarga pambrontakan kang dilakoni
Damarmaya. Tulungana Tumenggung Yudanegara.”
“Sendhika dhawuh..”
Honggawangsa mangkat dhewe
mara menyang Tumenggung Yudanegara. Ananging Tumenggung Yudanegara nandang
kuciwa. Kenangapa kang dikirim dadi bantuan namung Honggawangsa, ora karo
prajurit-prajurit tagguh saka Kertasura. Nalika kuwi Tumenggung Yudanegara
ngongkon supaya Honggawangsa ngaso ana kana. Nanging Honggawangsa menehi
panyaruwe menawa dheweke kuwi utusan saka Kertasura, kang diutus langsung karo
Pakubuwana II kanggo numpes pamberontakane Damarmaya. Tumenggung Yudanegara ora
trima karo panyaruwene Honggawangsa kang ora liya yakuwi Jaka Sangkrip.
Honggawangsa banjur ngetokna aji pameling kang gawe Tumenggung Yudanegara
ambruk sanalika kuwi uga. Tumenggung Yudanegara njaluk pangapura marang
Honggawangsa yen dheweke wis luput tumindhake.
Pamberontakan kang dilakoni
Damarmaya lan Mayadarma wus akeh ndadekake kurban, Honggawangsa sanalika maju.
Paperangan kadadeyan antarane Damarmaya-Mayadarma karo Honggawangsa.
Honggawangsa maju karo bantuan Kombangali-ali lan Dewi Nawangsasi. Honggawangsa
ngetokake pusaka kang sekti mandraguna yakuwi Naracabala, pusaka kang diwenehi
dening Dewi Nawangsasi. Kanthi pusaka Naracabala kuwi bisa ngalahake musuh,
Mayadarma lan Damarmaya sanalika musnah. Kombangali-ali lan Nawangsasih kang
sejatine dudu manungsa mbalik menyang kayangan. Sabenere, pemberontakan
Damarmaya lan Mayadarma namung rekadaya Dewi Nawangsasi kanggo mbiyantu bojone,
Jaka Sangkrip. Supaya pangarep-arepe
bojone kuwi cepet kalaksanan.
Honggowangsa kang ora liya
Jaka Sangkrip punkasane bisa numpes pambarontakan Damarmaya lan Mayadarma, Jaka
Sangkrip diwenehi imbalan kang pantes. Honggowangsa utawa Jaka Sangkrip
didadekake Bupati Nayaka kanthi gelar Raden Tumenggung Arung Binang I. Sawise Honggowangsa wis tuwa, kakuwasaan
diwenehna karo anak lanange kanthi gelar Raden Tumenggung Arung Binang II. Dene Tumenggung Arung Binang I kang ora liya
Surawijaya utawa Honngowangsa utawa Jaka Sangkrip, bali menyang Kutowinangun
ing Gunung Bulupitu.
Jumat, 20 Juni 2014
Jemblung, Kesenian Asli Kebumen
Di Desa Jatijajar, Kecamatan Ayah, Kabupaten Kebumen,
terdapat suatu tradisi seni yang dinamakan Seni Jemblung. Seni
Jemblung sendiri merupakan suatu kesenian yang sudah jarang ditampilkan di
Kebumen. Adapun kesenian ini hanya ada pada lingkup yang kecil, yaitu di Desa
Jatijajar saja. Walaupun terkadang juga ada panggilan untuk menampilkan di luar
kota, sayangnya permintaan itu semakin lama semakin jarang.
Jemblung
sendiri sebenarnya berasal dari kata “gembleng”
yang dalam bahasa Indonesia berarti “orang yang sudah mantap”. Jadi, untuk
menjadi seorang pemain jemblung harus benar-benar sudah mantap hatinya untuk
bercerita pada audiens-nya. Dalam
penyampaiannya, seni jemblung ini dimainkan oleh 5-6 orang. Salah satu sebagai dhalang, salah satu menjadi sindhen, dan yang lain menjadi
pemainnya. Seni jemblung merupakan kesenian yang unik, karena dalam
pementasnnya tidak menggunakan iringan gendhing, tidak menggunakan properti
yang berlebihan. Semua serba apa adanya. Iringannya menggunakan suara mulut,
begitu pula untuk properti ataupun perlengkapan yang digunakan, hanya
menggunakan barang-barang yang ada di depan mereka. Misalnya saja ketika ada
sebuah adegan perang, mereka tidak menggunakan pedang atau keris sebagai
senjatanya, namun mereka menggunakan pisang yang ada di tenong-nya. Tenong di
sini berada di atas meja tempat mereka bercerita, berisi ingkung dan segala
macamnya, tumpeng, jajan pasar, rokok, dan buah-buahan.
Adapun
cerita-cerita yang disampaikan pada seni jemblung ini sangat bervariasi,
bergantung pada permintaan tuan rumah, ataupun pada audiens yang akan menyaksikan. Cerita yang biasanya disampaikan
yaitu cerita religius, sejarah, wali sanga, kethoprak, juga cerita-cerita
wayang lainnya. Bahasa yang dipakai dalam penampilan seni jemblung ini juga
menyesuaikan keadaan. Misalnya saja, ketika setting-nya
adalah waktu dimana ada orang Belanda yang ikut berperan, maka bahasa yang
digunakan juga semi Belanda.
Dari
cerita-cerita yang disampaikan pada seni jemblung, banyak ditemukan nilai-nilai
yang patut dijadikan sebagai nilai didik pada siswa untuk lebih santun dan dapat menanamkan jiwa patriotisme
pada diri mereka. Dari nilai-nilai tersebut maka diharapkan siswa dapat
mempunyai budi pekerti yang luhur, peduli sosial dan lingkungan, sadar akan hak
dan kewajiban diri, bersahabat, menghargai karya orang lain, berjiwa
nasionalis, dan nilai-nilai luhur lainnya.
Kamis, 12 Juni 2014
Kamis, 05 Juni 2014
Langganan:
Postingan (Atom)