BU
GURU
Dening
: Muhamad Faisal
Yen ing kampungku ana jeneng Bu
Guru, sing dimaksud mesthi Bu Warsini garwane Pak Marno. Bu Warsini ora dadi
guru, nanging dadi bojone Pak Marno sing dadi guru SD. Malah Bu Ratmi, Bu
Jamilah sing ngasta dadi guru wae ora diundang tau Guru. Undang-undangane ya
mung Bu Ratmi, Bu Jamilah ngono wae. Semono uga Bu Tarmi lan Bu Kasmi sing
kakunge uga ngasta dadi Guru, undang-undangane ya ora Bu Guru, nanging mung Bu
Tarmi lan Bu kasmi ngono wae.
Dadi
yen ana wong ngomong Bu Guru, sing dikarepke mesthi Bu Warsini iku. Amarga ing
kampungku sing dadi guru dhisik dhewe ya mung Pak Marno sing saiki wis pensiun
iku. Senajan Pak Marnowis pensiun, Bu Warsini isih tetep diundang Bu Guru.
Njur
apa critane Bu Guru, ya Bu Warsini iku? Critane Bu Guru iku ora duwe anak
lanang. Nalika semana, anake lima wadon kabeh. Mangka jaman saiki anak lima iku
ya wis kepetung akeh. Mula Pak Marno tansah ngandhani marang garwane iku,
supaya melu ka-be. Yen manut istilahe Pak Wisnu, ka-be iku yen dijawakake dadi
keluwarga rinancang. Nanging Bu Guru kipa-kipa ora gelem, amarga isih kepengin
duwe anak lanang, Nganti Pak Marno judheg.
"0,
alah Bu, mbok wis trima. Wong anakmu ya wis lima ngono. Mengko yen wis padha
duwe jodho, kowe rak ya duwe anak lanang ta? Senajan mung anak mantu, rak ya
padha wae ta; kuwi ya anakmu."
"Ya
beda Pak, anak mantu kok karo anak leh mbrejelke dhewe..."
"Bedane
nggon ngendi? Apa yen anak mantu kuwi ora gemati? Akeh lho Bu contone, anak
mantu utawa anak angkat kuwi malah luwih ngerti marang wong tuwa! Coba kae,
Parmanto anak angkate Pak dhe Sastro kae, pendhak sasi sowan nggawa gula teh;
isih oleh-oleh bandeng, endhog; mangka mengko yen mulih isih ninggali dhuwit.
Balik anak-anake, endi sing ngerti karo wong tuwa? Mara pendhak bakda wae
sok-sok ora?!"
"Embuh
gemati embuh ora, ngerti karo wong tuwa apa ora, nanging rasane ora kaya yen
duwe anak lanang dhewe, pak! Bisa dipamerke marang liyan gilo iki anakku sing
lanang sing nggantheng, ah pokoke aku isih kepengin duwe anak lanang!”
"Ya
uwis yen ora kena takkandhani. Wong dieman kok ora kena. Kudune kowe kuwi wis
leren ora nglairake....."
Aja
maneh kok Pak Marno sing bojone Bu Guru, senajan Pak Ketua RT, Pak Ketua RW,
apadene pak Bayan; kabeh padha nganjurake melu ka-be. Nanging Bu Guru tetep
mbeguguk nguthawaton, ora gelem melu ka-be. Pak Marno ganti pekewuh saben-saben
diparani perangkat kelurahan iku. Sidane bojone direpa-repa.
"Ya
manuta pemerintah ta Bu, melua ka-be....”
"Wegah!
Wegah tenan aku pak! Wong diaturi aku iki isih kepengin duwe anak lanang, kok
dikon ka-be; pokoke aku gemang!”
"Mengko
dhisik ta, aku iki ora malangi kekarepanmu duwe anak lanarg, nanging aja
mbangkang dhawuhe pemerintah ngono kuwi...."
"Lha
trus piye, nek ora oleh mbangkang?"
"Dhaftarna
ka-be nyang Bu Bidan, mengko njupuka pil wae! Mbokpangan pile ya kena, ora ya
kena! Ning ketoke rak wis melu kabe, ngono lho karepku!"
"Dadi
saben sasi mengko aku nyadhong jatah pil?"
"Ha
iya! Bu Bidan rak ngira yen kowe wis melu ka-be tenan."
"Ya
wis, nek ngono aku ngalah. Ning aku aja mbokpeksa melu ka-be tenan lho,
Pak!"
"Ora-ora!
Aku ora arep meksa. Kowe melu ka-be temenan kanthi kesadharan, aku malah
seneng, ora arep meksa...:'
Bu
Guru mencep krungu tembunge sing lanang mengkono iku.Sidane Bu Guru dhaftarake
melu kabe temenan. Nanging mung ethok-ethokan. Saben sasi nyadhong jatah pil
ka-be ing omahe Bu Bidan. Nanging pil cadhongan iku ora tau dipangan, nanging
mung ditumpuk ing laci mejane. Bu Bidan ngira Bu Guru iku wis melu kabe
temenan. Nyatane nganti wektu nem sasi Bu Guru durung katon ngandheg maneh.
Nanging
sakbubare kuwi, Bu Guru wis ora nyadhong jatahe pil kabe maneh. Malah wis
telung sasi dheweke ora ngaton ing omahe Bu Bidan. Mula Bu Bidan meneng-meneng
mbatin marang Bu Guru. Ya gene garwane Pak Marno iku ora njaluk jatah maneh.
Mula nalika pertemuan PKK, bab iku ditakokake marang Bu Guru.
"Bu
Guru kok sakmenika mboten mendhet jatahipun pil kabe?"
Karo
klimputan Bu Guru wangsulan setengah bisik-bisik. Ngapunten Bu Bidan, kula
kebobolan malih. Kesupen mboten nedha pil tigang dinten, lha kok ngandheg
malih,...."
"Wooo...,ngaten
ta?" Bu Bidan mlenggong semu maido.
"Kula
rumiyin rak sampun matur, menawi kesupen mboten dhahar pil ka-be, pendhak
dintenipun dipundhobeli...."
"Wong
kemutan-kemutan sampun tigang ndinten kok, Bu! Dospundi malih?!
Nanging
Bu Bidan ora arep ndedawa crita, malah batine - priksa karepmu, ora mriksakake
ya sakkarepmu-, akibate mboktanggung dhewe.
Nyatane
sajerone ngandheg sangang sasi Bu Guru mung mriksakake kaping pindho. Mula ora
mokal yen anggone nglairake rada rekasa. Bu Bidan ora saguh nangani. Sidane Bu
Guru digawa menyang rumah sakit, amarga mung dhokter sing keconggah nangani.
Diinfus
nganti ngentekake pirangpirang botol, parandene bubar nglairake meksa katon
nglentrih tanpa daya amarga kentekan tenaga. Malah kober ora eling barang.
Tujune isih bisa dislametake. Ya mung rada akeh wragad sing kudu diwetokake.
"Putra
njenengan estri," ngendikane dhokter ngandhani.
Sing
dikandhani ora wangsulan. Mripate kethap-kethip. Ngertia yen anake iku bakal
metu wadon maneh, athuka dheweke rak melu ka-be temenan, ora ethokethokan kaya
dhek emben. Bu Guru gegetun, nanging wis kebacut.
Sidane
kanthi kesadharan dheweke njaluk disteril pisan. Bu Guru lagi pasrah marang
panguasane Sing Maha Kuwasa sing nakdirake dheweke ora duwe anak lanang. Bu
Guru wis bisa mupus.
Saiki
pepenginane duwe anak lanang genti malih dadi kepengin duwe putu lanang, amarga
anake mbarep wis omah-omah taun kepungkur. Mula pepenginane iku dikandhakake
marang Ndari sing cekel gawe dadi guru SD.
"Aku
wis trima kok Ndhuk ora diparingi anak lanang! Ning mugamuga wae anakmu mbarep
iki mbesuk metu lanang..."
"Ah,
Ibuu....' wong kula kepengine anak estri kok!"
"Sebabe?"
"Ha
inggih, anak estri menika umumipun mboten nakal. Umur nem taun sampun saged
dipunkengken...Yen anak lanang?"
"Nanging
ora kaya nek anak wadon duwe, anak lanang ya duwe. Gandheng anakku nenem wis
wadon kabeh, sirku anakmu kuwi tak suwun metua lanang; ngono lho!"
"Ha-ha-haa,
Ibu ki aneh! Wong kula sing arep diparingi momongan, kok njenengan sing
nyuwun!"
"Witikna,
anak nenem wadon kabeh;lumrah ta nek njur kepengin putu lanang?"
"Nggih
mugi-mugi kadumugen kepengin panjenengan, Bu!"
Ndari
- bbarepe Bu Guru iku - ngalahi rembug. Nanging batine tetep kepengin duwe anak
wadon.
Temenan.
Bareng jabang bayi lair, jebul metu wadon. Ndari rumangsa lega dene anake
mbarep metu wadon temenan. Kosok baline Bu Guru sing mbrabak arep nangis.
Kaningaya temen uripku! Kepengin duwe anak lanang ora klakon, ngarep-arep putu lanang,
jebul malah wadon maneh.
Putune
Bu Guru wis umur telung taun. Wong wadon iku gemati banget marang putune iku.
Senajan wadon, rasane beda momong anak karo momong putu. Seminggu wae ora weruh
putune, mesthi wis mara niliki. Malah nganti kepara nglalekake marang anak-anak
liyane. Kala mangsane padha diece dening anak-anake.
"Ibu
ki jare ora seneng putu wadon, ewadene kok kaya ora ana dina gothang, mesthi
niliki putune...." ature anake ragil.
"Hus,
kowe kuwi durung ngrasakake duwe putu, coba mbesuk yen wis diundang Mbah
kakung, rasakna!"
Yen
wis ngrembug prekara putu, banjur mrembet-mrembet tekan ngendi-endi. Pak Marno
barang sok melu nimbrung rembug. Geguyonan ngono iku dadi kerep kedadeyan. Bu
Guru dikroyok anak-anake lan bojone. Malah Pak Marno sing pinter dhewe mbebeda.
"Yen
manut ramalanku, anake Ndari sing nomer loro iki metu lanang bakale. Kowe
nadhzar apa, Bune?" kandhane Pak Marno.
"Embuh
Pak, ora nggagas putu lanang! Wedok ya ben, lanang ya ben!" wangsulane Bu
Guru nyenthe-nyenthe, jalaran rumangsa dibebeda dening bojone.
"Wong
ditakoni apik-apik, kok wangsulane kaya ngono "
Sauntara
iku ana nom-noman mudhun saka sepedha motor, sajake kongkonane Ndari anake
wadon. Mlebu ngomah langsung kandha.
"Nyaosi
priksa, Mbak Ndari babaran!"
"Hah,
Ndari nglairake, lanang pa wadon?"
"Jaler!”
Krunqu anake Ndari lanang, sakala Bu Guru
lunjak-lunjak karo nangis ngguguk. Lagi iki pepenginane duwe putu lanang
kelakon.*
Tidak ada komentar:
Posting Komentar