Sabtu, 12 April 2014

Geguritan

Gurit Kanggomu, Mitraku

Tan bisa kagambarake
Bungahing ati
Kebak warna
Nalika guyon bebarengan

Tan bisa katulisake
Dukaning ati
Nalika kaprungu
Awakmu duka

Mitraku
Aku tetep ana kene
Aku ora ngendi-endi
Aku tetep setya
Setyaku dudu mung nalika awakmu bungah
Nagging elinga
Aku tetep ana kene uga nalika awakmu duka 

Pangimpening Wengi

Yen ta aku kuwi rahina
Anduweni bagaskara
Kang bisa angangeti donya
Migunani kanggo manungsa

Ananging wus takdirku dadi ratri
Aku duwene  candra karo kartika
Kang kalorone tan bisa aweh
Angluwihi kaya kang diwenehake bagaskara

Gusti
Aku pracaya nadyan aku ora anduweni bagaskara
Kang bisa madangi donya
Nanging
Aku angrangkul sakabehing panguripan
Kanggo ngaso
Sawise kesel ben dinane

Ngapunten, Gusti

Yen ta mata iki saya suwe
Saya anumpuk dosa
Sun ngapunten, Gusti

Yen ta lathi iki
Saya suwe saya anglarani ati
Sun ngapunten, ngapunten, Gusti

Yen ta ati iki
Panggawene angrasani liyan
Patenana, Gusti
Patenana yen wus tan migunani
Musnahana yen pancen  wus tan mupangati

Gantenen
Gantenen karo manungsa kang luwih apik
Apik raga, saha apik pangrasa


Pamandenging Gusti

Wengi sansaya atis
Nalika aku kagawa dening angenku
Angenku kang adoh
Apa iya bakal kalakon?

Nalika mantebing ati iku gawe galih
Apa wae kang ana bisa kalakon
Ora ana kang mustahil
Kabeh, yen Gusti kersa
Gusti bakal aweh papenginmu

Nanging
Aja mung kokarep pepenginmu bisa kawujud
Yen kowe wae ora usaha
Kang kudu dakenget
Gusti mandeng usahamu
Dudu liyane


Tanpa Winates

Bebasan ilining banyu
Sabarku tansah melu
Melu ana ngendi wae
Samandege

Aku pracaya
Sabar kuwi tanpa winates
Nanging tansah piwales
Piwales becik nalika bisa sabar
Ananging sawalike
Piwales ala nalika cepak nepsune


Nalika Teka Wayahe

Urip ana donya hamung sawetara
Aja mbo muspra
Mundhak kuciwa ana akherat kana

Nalika wus teka wayahe
Takonana karo awakmu
Apa kang bakal mbo gawa?
Iya ora liya dudu banda

Takonana karo awakmu maneh
Apa kang wus mbo siyapake?
Nalika teka wayahe sesuk
Angadhep marang Gusti

Kang Maha Suci